Tampilkan postingan dengan label CERITA CEKAK - BAHASA JAWA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label CERITA CEKAK - BAHASA JAWA. Tampilkan semua postingan

Kamis, 06 Desember 2012

MENCLEG


MENCLEG
Dening : Trilaksito Saloedji

Temu sepisan nalika melu tes pagaweyan. Banjur kenalan, jenenge Darpaya. Umure sangisorku setaun luwih.
Pawakane sedheng ora beda karo aku. Kulite kuning, praupane bagus. Katone bocah iki meneng. Sawise kuwi tangkepe nyang aku luwih akrab. Yen ana apa-apa takon aku dhisik. Wiwitane aku rumangsa gumun. Bocah iki kok gumantung nyang aku. Nanging suwe-suwe tak putus, yen aku bisa nulung wong liya apa tunane ? Ndilalah sawise melu tes, aku lan dheweke lulus. Nalika entuk panggilan saka Pemda, dheweke kandha :  ’’Mas, sesuk bareng ya’’.  Aku mung manthuk nayogyani.

Minggu, 09 September 2012

SUMUR


Denimg : Trilaksito Saloedji

Wong tuwaku sakulawarga pindhah menyang kutha Malang, manggon ing omah sewan. . Let telung taun banjur mundhut tanah ing njero gang. Satus meter saka dalan gedhe sing tumuju kutha Batu. Asale tanah kagungane Pak Sadi.  Gunggung ambane satus meter pesagi luwih. Ananging wangune  aneh. Ora aneh piye, wong wangune tanah kaya aksara P.  Nggon sikilane aksara  P kuwi ambane loro setengah meter, dawane sewelas meter, dumadi saka telung teras. Limang meter kapisan tanahe luwih endhek patang puluh centimeter. Telung meter sawise kuwi luwih endhek maneh patang puluh centimeter. Telung meter kang pungkasan luwih endhek maneh. Ing kono ana sumur lawas kanthi jedhingan ing sisihe sumur sing dibangun sangisore tanah waras. Jerone jedhingan suwidak centimeter. Ing njerone ana bak cilik, bisa diisi banyu kanggo adus. Wong sing arep adus nyemplung jedhingan dhisik, banjur ndhodhok ben ora katon dening liyan, jalaran jedhingan kuwi tanpa aling-aling.

Sabtu, 01 September 2012

NGLUNGSUR


Dening : Trilaksito Saloedji

Serbung pabrik muni gantas, dikembangi swara santer gemrubuge angin wengi saka gumuk kidul. Jam sewelas bengi karyawan ploeg sore mulih, diganti sing dhines bengi nganti esuk. Gino metu saka stasiun gilingan, tekan regol pabrik wiwit kelingan maneh nyang bojone. Yen wis mangkono ing atine mung ana rasa sedhih. Lakune diseret mulih tanpa rasa. Sakjane wis meh pendhak setaun sing wadon tinggal donya. Ananging saka derenging rasa tresna, isih tansah katon-katonen praupan lan blegere Suminem. Yen kelingan ngono kuwi rasa susahe ora bisa sinamudana. Praupan cowong, awak rasane lungkrah, nglentruk tanpa greget. Adate yen dheweke mulih tengah wengi ngono kuwi bojone sing mbukakake lawang. Sanajan katon ngantuk nanging isih nyuguhi esem nyang sing lanang. Banjur nyepaki ngombe anget. Sewu kesele raga sanalika sirna.

Kamis, 30 Agustus 2012

MAHONI

Trilaksito Saloedji


Perusahaan ngendi bae mesthi netepake supaya karyawane manut peraturan kang ditrapake. Sawayah-wayah nampa SK (Surat Keputusan) pindhah menyang liya pabrik utawa ing liya kasinderan (wilayah kerja sing dipandhegani sawijining sinder), kudu  sendika dhawuh. Ketang panggonan sing anyar adoh lan sakiwa tengene sepi. Sarta ora nyenengake kanggone karyawan lan keluargane sing arep dipindhah.

PAK WALI

Trilaksito Saloedji


Piyayine sumeh. Praupane resik kanthi kawibawan kang mencorong . Dedeg piadege sedhengan, katon sarwa bregas. Tindak-tanduke jatmika, mantesi. Dasar bagus, ngendikane renyah, gawe senenge sing diejak ngendikan. Ing kumpulan tembang kenangan, dadi bintang. Manawa nyanyi  swarane ora nguciwani. Sarampunge, sing rawuh keplok mawurahan, sineling bisik-bisike ibu-ibu ngalembana priya kuwi : ’’Piyayine bagus, pangkate dhuwur, atine apik’’. Nalika ngestreni kumpulan PKK, ibu-ibu nelakake rasa senenge nampa rawuhe. Ing stadion bal-balan, priya kuwi disubya-subya penonton pendhukung kesebelasan kutha iki, sing arep tandhing sore kuwi. Rikala priya kuwi wawan rembug ing njero pasar tradhisional, nampacurhat” saka para pedhagang kang nelakake rasa senenge amarga dirawuhi. Apamaneh yen piyayi kuwi cawe-cawe mrantasi kahanan pasar kang mrihatinake. Nanging aja nganti pasar tradhisional  di “rehab” kanthi alasan ningkatake mutu pedhagange, banjur owah dadi mall kang mateni pedhagang cilik. Ing ngendi-endi priya kuwi tansah entuk pakurmatan. Sanajan tekane diarah ora ngetarani, ananging kabeh wong ing kutha iki weruh marang panjenengane.

TREMBESI


(Trilaksito Saloedji)

Nalika aku wiwit mbukak gembok lawang pagar, keprungu tilpun omahku muni. Tekan ruang tamu, unine wis mandheg. Batinku gek sapa ta bengi-bengi nilpun. Arlojiku tak sawang, meh tabuh sepuluh. Sawise salin penganggo lan santai ing kursi, tilpun muni maneh. Bareng tilpun tak angkat keprungu swarane budhe.
’’Hallo, oo Budhe, wonten dhawuh Budhe ?’’
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...