Crita (34)
KAWIYAK (4)
(Trilaksito Saloedji)
Aku lan sisihanku kaget. Dheweke njerit :
’’Mas….!’’
Dhadha dheg-dhegan nitir. Sirah mengkorog, siyak-siyak. Saliyane kaget uga ana rasa wedi.
Asale swara saka ndhuwur kamar. Istriku sanalika ngrangkul rapet. Anakku
njenggirat kaget. Mripate isih kriyip-kriyip mencolot saka dhipane, nubruk aku
lan ibune.
’’Aku wedi’’, celathune anakku.
Nalika rasa wedi durung ilang, swara-swara
mau musna sakala. Sawise kuwi swasana sepi,
sing keprungu swarane walang lan jangkrik, disenggaki swarane iberan wengi. Arep turu maneh
angel, mripat mung kelop-kelop, nyawang plafon seng..
Aku jengkel nyang andhahanku, yen ngelingi
sabene nate celathu :
’’Aman-aman wae kok Pak. Sing manggon
sadurunge ora tau crita bab kuwi’’.
Aku kumudu-kudu ngelehake. Ananging bareng
tak pikir jero, apa ora malah ngisin-isinake awakku dhewe yen tak critakake.
Nelakake manawa awakku jirih lan cengeng.
Liya dina aku crita nyang sopirku, manawa
ing wayah bengi ana swara dhog-dhog lan gludhug-gludhug banter banget.
Ngeget-geti wong turu.
Celathune : ’’Paling niku swantene
kucing uber-uberan ’’.
Yen nilik swarane banter lan abot, ora kira
nek kucing. Rumangsaku kucing kuwi titahe Gusti Allah kang crewet, yen dhong
uber-uberan mesthi nywara ngaong-ngaong..
Nalika istriku takon nyang pembantu,
dheweke ora ngerti ngenani swara-swara kuwi.
Semono uga tukang kebun kang ora tau ngerti
kahanan omahku ing wayah bengi.
Aku lan istriku tansah mikir lan golek
sisik melik. Sakjane sing tansah ngeget-geti, agawe dhadha ndhrodog lan
siyak-siyak kuwi apa. Yen upama makhluk kalebu kang kasar apa alus.
Saupama bangsa alus, nganti saiki kok ora tau ngetoki.
Yen bangsa kasar kalebu apa, apa kewan, kewan apa
?
(Tutuge 5/8)