Tampilkan postingan dengan label CERITA MISTERI - BAHASA JAWA. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label CERITA MISTERI - BAHASA JAWA. Tampilkan semua postingan

Selasa, 20 November 2012

I R A H


I R A H
(Dening : Trilaksito Saloedji)

Sawise nampa Surat Keputusan pindhah, aku ngadhep pimpinan pabrik gula iki. Matur manawa siap pindhah lan makarya ing panggonan kang anyar. Aku ditampa kanthi becik. Diparingi wawasan  ngenani kahanan pagaweyan lan lingkungane. Didhawuhi supaya enggal makarya. Banjur diparingi layang penetapan manggon ing sawijining omah dhines ing perumahan pabrik sisih tengah. Sauntara durung boyong, aku dhewe manggon ing pasanggrahan (mess) pabrik. Ngendikane omah dhines isih arep diresiki lan dilabur. Saliyane aku, ana kanca bagian instalasi saka pabrik liya kang pindhah rene. Aku wis kenal, asmane Mas Aji. Aku seneng, yen ngineb ana ing pasanggrahan bakal ana kancane.
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...