Kamis, 26 Maret 2015

IRAH - 8


CM/ J 
I R A H – 8 
(Trilaksito Saloedji)

Bareng tak setitekake ing petenge wengi iki, akeh codhot miber pating bleber ing sakiwa tengene wit woh-wohan. Bisa uga codhot-codhot kuwi olehe miber nganti nabrak-nabrak.

Lawang tak tutup, aku bali mapan turu maneh. Tengah wengi aku nglilir, krungu lawang dithothog  alon. Aku ndeleng arlojiku ing ngisor bantal, jam setengah loro. Thothogan lawang isih keprungu, luwih banter katimbang mau.

Batinku, yen iki genah dudu codhot kang nabrak lawang. Aku ngucapake dzikir, nyuwun pangayoman Gusti Allah Kang Maha Welas Asih. Banjur menyat alon-alon, nyedhaki jendhela.

Tanganku ancang-ancang arep narik kordhen kanthi cepet.
Yen pancen ing njaba ana uwong, supaya wong kuwi kaget.

Kordhen kanthi cepet tak tarik, mripat maspadhakake kahanan. Katon ana wewayangane wong wadon kumlebat. Nalika mripatku kedhep, wewayangan mau wis ora ana.

Githokku mengkorog. Kordhen enggal tak tutup maneh. A’uudzubillaahi minasy syaithonnirrajiim. Aku menyat nyang jedhing, wudhu, banjur shalat.

Nalika jam setengah enem esuk Pak Eno  arep  njupuk baki lan liya-liyane.
Dheweke uluk salam lan takon : ’’Kados pundi, Bapak saged sare kanthi sekeca ?’’
Wangsulanku karo mesem : ’’ Hiya Pak Eno, apa maneh mau bengi kamare wis disemprot, dadi turuku saya angler’’.

Enem dina ngineb ing pasanggrahan. Wiwit dina Minggu malem Senen nganti Jum’at malem Sabtu. Rasane wis suwe banget.
Kegiatan lumaku kanthi ajeg. Saben jam setengah enem esuk Pak No mlebu kamar, njupuk baki lan sapanunggalane. Dheweke mesthi takon, apa olehku turu kepenak.
Ketemu Pak Amin lan Bu Mari ing ruwang makan, mesthi nakokake olehku turu dhek bengine. Esuk mlebu kantor, banjur nyang kebun, awan nyang kantor maneh. Mulih ketemu Mas Aji ing pasanggrahan, sing ditakokake dhisik mesthi ngenani turuku mau bengi.

Aku krasa manawa pitakonan-pitakonane wong papat kang njelehi kuwi mesthi ngandhut prakara kang nyalawadi.

(Tutuge 9/16)

IRAH - 7


CM/ J 
I R A H – 
(Trilaksito Saloedji)

Saka mburi ana priyayi putri nyang ruang makan. Aku ora pangling maneh karo Bu Amin, wong yen taksasi ya mesthi ketemu karo ibu-ibu bageyan tanaman sing nyediyani dhaharan.

Sawise sarapan, pitakonane Pak Amin karo Bu Mari padha :
’’Kepriye mau bengi bisa sare ta Dhik ?’’
Tak hiyani bae, sanajan nyatane ana gangguan thothogan lawang lan wewayangan ing teras rupa
wong wadon kang ora jelas blegere.

Sawise mulih saka dhines, mangan bebarengan karo Mas Aji.  Pitakone Mas Aji :
’’Mau bengi sarene kepenak ta Dhik ?’’. Aku nggumun, wong papat kok padha nakokake anggonku turu mau bengi. Pitakonan kaya ngene iki apa klebu pakem subasita kang kudu dicakake ing madyane bebrayan ? Sajake kok ana sing nyalawadi.

Sadurunge aku mangsuli, Mas Aji celathu : ’’Aku mengko ora ngineb kene lho Dhik’’.
’’Kena apa ?’’, pitakonku ana rasa gela.
Sabanjure : ’’Apa ora sayah nduduk esuk sore ?’’
’’Ya sayah sithik, lha piye wong sisihanku ngakon aku mulih bae’’

Aku ora bisa komentar. Yen aku melu-melu nduduk, saben dina kudu nempuh dalan dohe pitung puluh kilometer ping pindho. Apa maneh aku durung duwe kendharaan rodha papat, rak ya dadi lara kabeh, awake lan dhuwite.

Malem DINA KAPINDHO.
Sawise jagongan karo Pak Amin ing ruang tamu nganti jam setengah sepuluh bengi, aku pamit arep turu. Rumangsaku turu durung suwe, krungu lawang dithothok saka njaba. Bareng lawang tak wengakake. Ora ana sapa-sapa. Nanging ana ngarep lawang ana sawatara jambu klampok kang ora wutuh.

Bareng tak setitekake ing petenge wengi iki, akeh codhot miber pating bleber ing sakiwa tengene wit woh-wohan. Bisa uga codhot-codhot kuwi olehe miber nganti nabrak-nabrak.

(Tutuge 8/16)

IRAH - 6


CM/ J 
I R A H – 6 
(Trilaksito Saloedji)

Ah embuh kono, aku turu miring, bantal tak tutupake sirah. Jebul sawise kuwi ora bisa turu maneh. Ndeleng arloji, isih jam siji. Aku menyat nyang jedhing, wudhu.

Metu saka jedhing aku mbatin, tibake kordhen kamar durung tak tutup. Mlaku tumuju jendhela, arep nutup kordhen. Aku njegreg mandheg sakala. Saka walike vitrase katon regemenge wong wadon ing teras. Bareng tak cedhaki lan taktamatake, sakala ilang plas. Githokku mengkorog, awakku mrinding. Tujune ora semaput. Kordhen enggal tak geret, nutupi vitrase.

Nanging ana tandha pitakon lan rasa wedi mrasuk sarandhuning badan. Apa mau aku ora salah deleng. Lambeku ndremimil, dzikir, banjur shalat wengi. Sawise kuwi bisa turu nganti ngarepake subuh.

Setengah enem esuk krungu lawang dithothok. Lawang tak wengakake. Pak Eno uluk salam karo mesem weruh aku wis rapi nganggo pakaian dhines. Dheweke celathu :
’’Sugeng enjing Bapak, pangapunten kalawau dalu kula kesupen nyemprot kamar. Mbokbilih sare panjenengan mboten jenak awit keganggu saking nyamuk’’.
’’Ora kok Pak Eno, aku bisa turu kepenak’’.
’’Dhahar sarapan sampun cumawis Bapak’’
’’Kesuwun Pak Eno, sedhela maneh aku mudhun’’

Tekan ruwang makan kepethuk  Pak Amin. Panjenengane rikala samana ngasta ing bageyan tanaman, dadi sinder ing pabrik liya. Salaman lan rerangkulan gapyuk. Umume para sinder pancen kemraket. Sanajan arang ketemu, aku ora lali marang salirane. Ketemune yen padha entuk tugas melu ’’Taksasi Hasil Tebu’’ setaun sepisan ing pabrik-pabrik gula.
’’Awake mutasi rene ta Dhik ?’’, pitakone.
Wangsulanku : ’’Hiya Pak, lha panjenengan kok ana kene?’’
’’Aku rak wis pensiun, saiki ngetutake sisihanku sing makarya ing kene ngurusi pasanggrahan’’
’’Oo, sing asmane Bu Mari kuwi Bu Amin ta ?’’ Pak Amin mung manthuk lan mesem.

Saka mburi ana priyayi putri nyang ruang makan. Aku ora pangling maneh karo Bu Amin, wong yen taksasi ya mesthi ketemu karo ibu-ibu bageyan tanaman sing nyediyani dhaharan.

(Tutuge 7/16)

IRAH - 5


CM/ J 
I R A H – 5 
(Trilaksito Saloedji)

Pepuntoning atiku, yen karepe dheweke ngadeg bae ya wis  kareben, kira-kira dheweke nindhakake profesine salaras karo ‘’S.O.P’’ (Standard Operating Procedure) ndhuwurane.

Sawise ngresiki meja makan, tugase Pak Eno rampung. Crita nyang aku, biyasane dheweke terus mulih. Ananging bengi iki diweling Bu Mari supaya ngenteni tekane. Kebeneran, aku lan dheweke banjur bisa jagongan. Tak takoni asal usule nganti bisa makarya ing pabrik iki.

Dheweke ora kabotan, banjur crita :
’’Bapak kula nate cariyos, bilih wiwit enem nyambut damel ing pabrik menika. Dados pelayan ing “besaran” (omahe administratur/pemimpin pabrik gula). Rikala serdhadhu Jepang dumugi pulau Jawi ing  taun 1942, lajeng ngebroki pabrik. Nangkepi tiyang-tiyang Walandi jaler istri, enem sepuh, kerig-lampit mboten wonten ingkang kececer. Wonten ingkang lajeng dipun kunjara, wonten ingkang dipun pejahi ngenggen.  Kalebet Besar/Pemimpin pabrik mriki saha istrinipun dipun tangkep Walandi. Pembantunipun dipun pejahi awit ngalang-alangi serdhadhu Jepang ingkang badhe ngrodha peksa putrinipun Besar Pabrik mriki.

Sasampunipun Perang Kemerdekaan, Bapak  kula taksih saged nyambut damel malih ing pabrik, ngantos pensiun ing taun 1968. Kula wiwit mlebet pabrik tahun 1959, dipun angkat dados ’’karyawan paste’’ (karyawan tetap) ing taun 1962’’.
  
*
Jam sanga bengi aku wis ngantuk. Pamit Pak Eno arep turu jalaran sesuk esuk  jam setengah pitu wus kudu mlebu kantor. Tekan kamar reresik awak, salin piyama. Lampu kamar tak pateni, lampu ndhuwur washtavel kamar tak uripake. Amarga Watt-e cilik sunare  mung remeng-remeng ngrenggani kamar.

 Tengah wengi krungu lawang kamar dithothog. Aku nglilir, tak rungokake pancen lawang kamar iki sing dithothog. Mosok Pak Eno tengah wengi rene, apa perlune ?

Ah embuh kono, aku turu miring, bantal tak tutupake sirah. Jebul sawise kuwi ora bisa turu maneh. Ndeleng arloji, isih jam siji. Aku menyat nyang jedhing, wudhu.

(Tutuge 6/16)
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...