Kamis, 26 Maret 2015

IRAH - 4


CM/ J 
I R A H – 4 
Trilaksito Saloedji)

Sawise celathu arep nyawisake dhahar bengi mengko jam pitu ing ruwang makan, Pak Eno banjur pamit mudhun.

Swasana ing lingkungan perumahan pabrik pancen ngresepake yen dinulu.. Tanduran penghijauan arupa wit buah-buahan lan liya-liyane, ing pinggir dalan sajerone komplek perumahan, ditata tenan.  Upaya iki kanggo kasarasane warga, ngawekani pencemaran lingkungan saka lebu/bleduk lan beluk cerobong asap pabrik ing wayah giling.

Sawise aku shalat maghrib, Pak Eno nothok lawang kamar, dheweke nggawa tas pakaian.
Kandhane,  Pak Aji mau mrene mampir sedhela saperlu nyeleh tas. Nanging ora ngineb pasanggrahan, jarene isih arep lunga karo Bu Aji.

Sadurunge jam pitu aku metu saka kamar. Nyawang kahanan sakiwa tengene kamar pasanggrahan iki. Ing teras ana lampu njaba loro, ing pojok lor lan kidul. Saliyane kuwi swasana peteng, amarga mendhung. Lampu listrik ing dalan katon siji loro, urupe mendrip-mendrip kurang daya. Nalika mudhun undhak-undhakan kayu, panggonan iki panggah remeng-remeng kaya rikala aku munggah mau. Tujune isih oleh sunar saka lampu kamar makan ing ngisor lan saka lampu lompongan sing tumuju teras dhuwur, dadi ora peteng nemen.

Ketemu Pak Eno ing ruwang makan. Tak takokake kena apa lampu ndhuwur undhak-undhakan kok ora murup. Wangsulane jarene wis laporan nyang bageyan instalasi, ananging embuh kok durung ditandangi. Ing meja makan  kang cukup kanggo wong enem iki, aku lungguh dhewe. Diladeni Pak Eno kanthi tata-cara pakurmatan kang miturut pamawasku ‘’berlebihan’’.

Wiwitane dheweke narik kursi kang arep tak lungguhi, banjur masang serbet ing dhadha
ditalekake ing gulu. Ngisi banyu ing gelas, nyawisake wadhah sega lan pasugatan liyane. Sauntara aku mangan, dheweke setya ngadeg ora adoh saka meja makan. Nyawisake apa sing tak butuhake. Tak kongkon lungguh bae ora gelem. Mangan malih ora bisa jenak.
Pepuntoning atiku, yen karepe dheweke ngadeg bae ya wis  kareben, kira-kira dheweke nindhakake profesine salaras karo ‘’S.O.P’’ (Standard Operating Procedure) ndhuwurane.

(Tutuge 5/16)

IRAH - 3


CM/ J 
I R A H – 3 
(Trilaksito Saloedji)

Sawise celathu arep nyawisake dhahar bengi mengko jam pitu ing ruwang makan, Pak Eno banjur pamit mudhun.

Lawang kamar tak tutup. Aku ngglethak ing dhipan sing isih ketutupan bedcover. Nyawang eternit, pikiran mblayang saparan-paran.  Ing kamar kang amba iki atiku krasa sepi. Sore ngene iki biyasane aku isih mlaku-mlaku karo anakku numpak sepedha rodha papat ing kompleks pabrik gula kang tak tinggalake. Sadurunge maghrib bali nyang omah, dipapagake sisihanku kang mesem ngrungokake kojahe anakku sing isih pelo. Pisah durung nganti setengah dina bae kok ya wis kangen karo anak bojo. Muga-muga Mas Aji sore iki sida teka, kaya janjine nyang aku sawatara dina kepungkur. Kareben aku ora ijen, ana sing diajak omong sawise makarya.

Aku njenggirat kaget, lamunanku jugar, amarga krungu lawang dithothok. Bareng tak bukak, Pak Eno mesem ana ngarep lawang karo nggawa baki. Isine  teh  rong gelas, piring isi jajan, gelas kothong loro lan termos isi banyu. Bareng dheweke pamit arep metu tak takoni :
’’Pak Aji durung rawuh ta Pak Eno ?’’
’’Dereng Pak, kula inggih ngrantos, awit Ibu Mari ngendika bilih sonten punika wonten tamu, panjenengan kaliyan Pak Aji. Mangga Pak dipun sekecakaken, kepareng kula badhe nerasaken padamelan rumiyin’’.

Pak Eno metu, aku nututi metu saka kamar. Nyawang kahanan ing njaba, angin sumilir. Aku ambegan landhung. Candhik ala wiwit tumenga.  Aku ngadeg ing teras, kaya-kaya dhuwurku padha karo wit-wit pelem, kang ditandur ing pekarangan pasanggrahan iki. Katon ing sisih wetan ana tanduran  wit trembesi. Manuk-manuk blekok padha miber bali menclok ing wit kuwi.

Saka teras iki aku uga bisa nyawang Balai Pertemuan kang madhep ngulon. Sawatara omah-omah karyawan, taman-e ditanduri kekembangan maneka warna. Sesawangan katon asri.

(Tutuge 4/16)

IRAH - 2


CM/ J 
I R A H – 2 
(Trilaksito Saloedji)

Banjur celathu : ’’Menika ruwang kangge dhahar. Bapak ngendika kemawon, badhe ngersakaken dhahar jam pinten.. Mangke Ibu pengurus pasanggrahan badhe nyiagaaken’’.

Aku mesem lan manthuk-manthuk. Nuli aku celathu :
’’Pak Eno, sapa asmane Ibu kang ngurusi pasanggrahan iki ? Mbok aku ditepungake’’.
’’Nyuwun pangapunten Bapak, dinten punika Ibu Mari lan Bapak saweg tindak luar kota. Mangke dalu rawuhipun. Nanging kangge dhahar panjenengan sampun siap, mangke dalem ingkang nyawisaken’’.
’’Kesuwun Pak Eno’’.
’’Mangga kula dherekaken dateng nginggil’’.

Karo nyangking tas pakaianku, dheweke tumuju undhak-undhakan kayu warna coklat iku.
Aku mlaku ing mburine. Ing pyan ruang iki sakjane ana lampu ananging kok mati
Dadi swasanane surem. Undhak-undhakan sing mengetan sambung karo undhak-undhakan mengulon.

Tekan dhuwur, ana ruwang terbuka kang sambung karo teras amba sing dipageri dhuwure watara sadhadha. Teras iki mangku kamar tidur telu. Pak Eno mbukak kamar ngarep. Nyeleh tasku ing kursi. Ngacarani aku supaya mlebu.

Kamar iki amba. Banjur dheweke narik korden jendhela, saengga saka vitrase kang tipis katon padhange njaba. Lampu diuripake. Kahanan kamar dadi padhang njingglang. Katon perabotane kamar, ana dipan single cacah loro kang ditata rapi tinutupan bedcover. Ing sisih lor ana meja tamu lan kursine loro. Meja tulis lan kursine siji. Ana lemari pakaian. Meja cilik ing sisih wetan, ing dhuwure ana radio “mata kucing” merk Philips.

Sawise celathu arep nyawisake dhahar bengi mengko jam pitu ing ruwang makan, Pak Eno banjur pamit mudhun.

(Tutuge 3/16)

IRAH - 1



CM/ J
IRAH – 1
(Trilaksito Saloedji)

Sawise nampa Surat Keputusan pindhah, aku ngadhep pimpinan pabrik gula iki. Matur manawa siap pindhah lan makarya ing panggonan kang anyar. Aku ditampa kanthi becik. Diparingi wawasan  ngenani kahanan pagaweyan lan lingkungane. Didhawuhi supaya enggal makarya. Banjur diparingi layang penetapan manggon ing sawijining omah dhines ing perumahan pabrik sisih tengah. Sauntara durung boyong, aku dhewe manggon ing pasanggrahan (mess) pabrik.

Ngendikane  (Pimpinan PG)  omah dhines isih arep diresiki lan dilabur dhisik. Saliyane aku, ana kanca bagian instalasi saka pabrik liya kang pindhah rene. Aku wis kenal, asmane Mas Aji. Aku seneng, yen ngineb ana ing pasanggrahan bakal ana kancane.

Minggu sore aku wis teka ing pasanggrahan pabrik iki. Jalaran  esuke arep wiwit makarya ing panggonan sing anyar. Ing latar dipethuk pelayan pasanggrahan, jenenge Pak Eno. Pawongan kang dhuwure sedengan, awake cilik, nanging katon kiyeng trengginas. Umure kira-kira durung ngancik patang puluh taun.

Dheweke nuli nggawakake tasku. Mlaku liwat teras, aku nginthil ing mburine. Mlebu kamar tamu kang amba, dheweke mandheg. Kaya pramu-wisata kang wus pengalaman dheweke celathu  ’’Ing ruwang punika Bapak saged nampi tamu’’.
Sawise mlaku sawatara langkah, metu saka lawang kamar tamu sisih njero. Katon ing sisih tengen ana undhak-undhakan saka kayu  munggah mangetan. Pak Eno ora munggah undhak-undhakan kayu warna coklat iku. Ananging mlaku menyang ruang tengah.

Banjur celathu : ’’Menika ruwang kangge dhahar. Bapak ngendika kemawon, badhe ngersakaken dhahar jam pinten.. Mangke Ibu pengurus pasanggrahan badhe nyiagaaken’’.

(Tutuge 2/16)
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...