Minggu, 29 Maret 2015

KAWIYAK - 8



Crita (38)
KAWIYAK (8) 
(Trilaksito Saloedji)

Nek ora kenteban barang abot, ora kira pyan kuwi bisa ambrol. Mripatku nyawang sanjerone kamar kanthi teliti…………

’’Jabang bayik !!!!’’, alokku. Aku kaget, ing ngisor meja tulis ana rerupan kewan gedhe, meneng wae.. Ngregunuk, mbeguguk, wulune dawa warnane coklat.. …….’’luwak’’ kang gedhe banget.

Kira-kira si luwak liwat eternit kang kayune wis gapuk. Banjur eternit pecah lan awake ceblok, kotoran arupa awu lan sawang sumebar sakamar. Jalaran kedadeyan iki rupane Sukir kang lagi turu lan si luwak sing ‘’terjun bebas’’, padha kagete. Luwake katon kethap-kethip ing ngisor meja tulis. Patrape kaya nalika tak weruhi bengi-bengi ing sawetane garasi lan ing ndhuwur wuwung.

Aku ngatag Sukir supaya enggal metu saka kamar, reresik awak lan salin pengganggo. Sawise kuwi tak kongkon turu ing njero. Kamar sepen nuli tak kunci saka njaba. Karepku sesuk tak undangake andhahanku supaya bebandhan siji iki bisa ditangani. Mbuh arep dicekel urip-uripan, apa arep dipateni.

Nalika mapan turu atiku marem. Bengi iki wis  KAWIYAK  sumbere swara ing ndhuwur pyan, rerupan kang cepet ngilang lan rerupan ing ndhuwur wuwung. Rupane  ‘’keluarga luwak’’  iki njagakake panganan saka pelem lan woh-wohan liyane. Lan panggonan pandhelikan ngiras ‘’pesanggrahane’’ ana pyane omah dhinesku.

Esuke tak perlokake nginjen bandhanku. Aku lan Sukir mlongo. Wis digoleki ing sangisore meja tulis, ing sangisore dhipan, ing cepitan lemari pakaian, nanging si luwak ora ana. Ilang tanpa lari.

Nggumunake. Mangka lawang sepen dikunci. Bolongan eternit  dhuwure kira-kira telung meter saka jogan. Upama si luwak ancik-ancik dhipan kang dhuwure suwidak centimeter, dheweke banjur mencolot nyang ndhuwur lemari pakaian............kok ya bisa  mencolot ngliwati bolongan eternit, terus ngilang.  ................................. Jan julig tenan. (Cuthel)


[Songgolangit, 08/05/12]

KAWIYAK -7


Crita (37)
KAWIYAK (7) 
(Trilaksito Saloedji)

Aku pengin ngaso dhisik sing jenak kareben bengine bisa kerja kanthi badan seger lan pikiran wening.

Sawise mangan bengi, aku nggethu ngadhep meja tulis ing ruang keluarga sacedhake meja makan. Maune ditunggoni istriku karo maca majalah, lan anakku sinau lungguh jejer ibune. Kira-kira ngarepake jam sanga bengi istriku klakepan terus. Banjur pamit arep turu dhisik. Durung jam sepuluh anakku ngringkesi bukune banjur mapan turu.

Aku leren dhisik, ngombe teh lan mangan gedhang goreng cepakane istriku. Maca koran sinambi nonton televisi. Weruh-weruh wis jam sewelas luwih. Kamangka isih ana sing kudu tak garap. Wiwit krasa ngantuk, bola-bali angop. 

Jam rolas luwih aku nutup koper surat-surat lan liya-liyane. Ngantuk nemen. Nalika aku ing jedhing krungu swara : ’’Bleg .............., grobyak ................, grodog grodog grodok ...........’’, kaya ana barang abot ceblok, banter banget.  Tinututan swara barang-barang liya sing ceblok.  Swarane cedhak saka kamar mandi.

Aku enggal mbukak lawang butulan. Krungu swarane Sukir jelih-jelih, bekah-bekuh kaya wong nglindur. Lawang kamare tak thothog bola-bali.
Celathuku gupuh :’’Kir, Sukir, ana apa ?’’ Rada suwe lawang kamare lagi diwengakake.

Masya Allah……., aku mlongo ing sangarepe kamare. Gumun, bingung, pikiran kebak tandha pitakon nyawang kamare kang pating slengkrah, bosah-baseh. Sukir lenger-lenger. Sakojur awake wiwit sirah nganti tangan sikile kebak awu lan sawang, klambine katutup awu. Ing jogan, ing ndhuwur meja tulis lan ndhuwure sprei dhipan kebak awu, sawang, pecahan eternit lan kayu plisire. Sesawangan kang kucem, kotor, bledug, nyedhihake.

Bareng aku nyawang mendhuwur pyane mlongo, eternit loro jebol. Dadi sawang lan awu asale saka dhuwure plafon. Lha ora ana udan, ora ana angin  kok plafon bisa ambrol. Apa marga kayune dipangan rayap? Apa marga kahanane sing tuwa ? Nek ora kenteban barang abot, ora kira pyan kuwi bisa ambrol. Mripatku nyawang sanjerone kamar kanthi teliti…………

(Tutuge 8/8)

KAWIYAK - 6


Crita (36)
KAWIYAK (6) 
(Trilaksito Saloedji)

Nate  aku mulih saka pabrik meh jam sanga bengi. Mlaku bae, jalaran cedhak banget.
Sawise nutup lawang pager, aku nyawang mbulan kang ngintip saka suwalike mendhung.
Sunare ora bisa madhangi marcapada.

Wit pelem ing pekarangan ngarep ngrembuyung katon ireng. Panyawangku menyang omah dhines kang tak panggoni. Lampu teras lan lampu pojok-pojok omah mung bisa madhangi sakiwa tengene. Nalika aku nyawang gentheng lan wuwung omah, langkahku mandheg sakala.

Mripatku tak uceg bola-bali. Ora precaya nyang panyawangku dhewe. Wuwung omah kae katon aneh. Kaya ana sing lungguh ing ndhuwure. Bareng tak waspadakake kanthi premati, sesawangan kuwi ora mung siji. Ana sing luwih dhuwur ana sing endhek. Bareng aku mlangkah maneh, sakala sesawangan ing ndhuwur wuwung musna.

Aku nggumun, cik cepete olehe ngilang.  Githokku mrinding. Aku kelingan sesawangan sing ndhodhok sawetane garasi nalika wulan ramadhan kepungkur, sing terus ngilang kanthi cepet.  Awakku bali mrinding maneh. Iki bangsa alus apa?

Lambeku ndremimil. ’’Ya Allah, astaghfirrullah. Kepareng kula nyuwun pangayoman lan pitedah Paduka Ya Allah. Pikiran kula sampun mboten kamot nampi cobi arupa swanten lan sesawangan ingkang nyalawadi menika’’.
Sanajan kedadeyan mau ngebaki pikiranku, nyumpel ing atiku, nanging aku ora crita nyang istriku.

Atasanku entuk tugas kursus ing Yogya. Dadi aku ngrangkep tugase. Dina iki pagaweyanku cik akehe. Jam papat sore aku wis mulih amarga krasa kesel. Pagaweyan maca surat masuk, disposisi lan tanda tangan mengko bengi bae tak garape. Pesuruh kantor tak kongkon ngeterake koper surat lan liya-liyane nyang omah. Aku pengin ngaso dhisik sing jenak kareben bengine bisa kerja kanthi badan seger lan pikiran wening.

(Tutuge 7/8)

KAWIYAK - 5


Crita (35)
KAWIYAK (5) 
(Trilaksito Saloedji)

Saupama bangsa alus, nganti saiki kok ora tau ngetoki.
Yen bangsa kasar kalebu apa, apa kewan, kewan apa ? 

Wayah wulan Ramadhan.
Ing sawijining dina wektu arep saur. Wong telu wis siap ing meja dhahar. Anak asuhku kang aran Sukir, durung katon metu saka kamare. Bocah iki leh turu kok kepati tenan. Mosok swara saka masjid kaya ngono bantere kok ora krungu.

Aku metu arep nggugah dheweke. Mripatku nyawang pekarangan mburi. Wit pelem loro katon remeng-remeng saka sunare lampu pojok kulon lan saka lampu panggonan korah-korah bala pecah.

Sanalika atiku mak tratab ......... weruh bleger ngregemeng gedhe ireng katon ing sawetane garasi. Dhuwure kaya wong kang lagi ndhodhok. Sawise mripatku kedhep, sesawangan mau sanalika, mak plas ............. musna. Aku siyak-siyak .................. mrinding sakojur badan.

Nalika saur, pikiranku tansah nyang sesawangan kang sakala ngilang mau. Apa manungsa kang niyat arep culika ? Apa bangsa alus kang niyat ngreridhu ? Aku ora nyritakake bab kuwi nyang istri apadene nyang anak-anakku. Kuwatir yen padha wedi.

Esuke kedadeyan mau bengi tak critakake nyang sopirku.
Wangsulane : ’’Pun kuwatos ngengingi keamanan ngriki Pak. Penjaga njagi rinten dalu’’. Batinku : ’’Hiya yen sing katon ndhodhok kuwi manungsa, lha yen bangsa alus ? Apa ya sing alus-alus dadi  urusane penjaga keamanan ?’’ 

Nate  aku mulih saka pabrik meh jam sanga bengi. Mlaku bae, jalaran cedhak banget.
Sawise nutup lawang pager, aku nyawang mbulan kang ngintip saka suwalike mendhung.
Sunare ora bisa madhangi marcapada.

(Tutuge 6/8)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...