Kamis, 02 April 2015

CRITA (42) - MENCLEG - 4


Crita (42)
MENCLEG – 4 
(Trilaksito Saloedji)

Sesambungan kekeluargaan ing antarane wong tuwaku lan ibune saya raket. Ibune Darpaya sering meling supaya aku mampir, jalaran ana sing arep diparingake, buah-buahan asil kebone utawa kue-kue gaweyane dhewe.

Sakjane omahe Darpaya ora adoh saka omahku. Kira-kira sakilometer. Malah isih sakecamatan. Ing sawijining sore sawise awane udan, aku nyang omahe Darpaya. Wis cedhak banget karo omahe, ndilalah motorku liwat ing dalan sing ana banyune ngembeng. Tanpa sengaja banyune nyiprat nyang bocah wadon sing lagi metu saka pekarangan omah.

Aku rumangsa kliru, ngendhegake motor lan njaluk ngapura. Bocahe mencereng tanpa semaur. Nuli aku ethok-ethok takon daleme Bu Darsana, ibune Darpaya (sanajan aku wis weruh). Dheweke mung nudingake tangan tengene banjur mlengos lan nutugake lakune. Duh manise cah kuwi. Praupane lonjong. Pakulitane kuning manis.Rambute dipopol sandhuwure baune. 
           
Tekan omahe Darpaya, aku takon :
’’Dar, ana kenya manis ngarep omahmu kuwi jenenge sapa?’’  
Dheweke mangsuli : ’’Kok takon-takon kenya manis, mengko tak kandhakake mbakyu lho’’. Celathuku :  ’’His, kowe weruh jenenge apa ora ?’’ 

Ibune saka mburi nrambul ngendika :
’’Oo kuwi putrane Bu Mangun sing ragil, jenenge Ari. Ana apa ta Nak Barata?’’
Aturku : ’’Badhe kula gandhengaken kaliyan adhik kula’’.  
’’Jare Nak Barata putra ragil?’’, pitakone Bu Darsana .
’’Leres Bu, kangge adhik kula, ingkang menika !’’, driji jempol tangan tengenku tak athungake nyang Darpaya.

Ibune nggujeng karo ngendika : ’’Ya coba ta Nak sambungna, muga-muga kasil’’.
’’ Lho Dar, kowe krungu dhewe, Ibu rak ya remen, piye?’’.
Darpaya mung mesam-mesem.
Aku takon : ’’Kowe rak wis kenal ta ?’’ Darpaya manthuk. Pitakonku maneh :
’’Kowe apa wis tau dolan nyang omahe ?’’.
Wangsulane lugu : ’’Durung’’.

(Tutuge 5/8)

CRITA (41) - MENCLEG - 3



Crita (41)
MENCLEG – 3 
(Trilaksito Saloedji)

Kersane bapak ibu, sawise omah-omah aku lan sisihanku supaya tetep manggon ing daleme.

Atiku gojag-gajeg arep blaka, apa pacarku (sing insya Allah mengkone bakal dadi sisihanku) gelem nampa panjalukku jumbuh karo kersane wong tuwa? Yaiku sawise omah-omah gelem manggon saomah kumpul karo bapak ibuku? Akeh crita ing bebrayan sarta crita-crita sinetron, anane kedadeyan maratuwa wadon lan mantu wadon tansah crah lan tukar padu yen kumpul saomah. Yen ngelingi kuwi aku banjur tidha-tidha arep nerusakake omah-omah.

Nanging sawise tunangan, tanpa kanyana tunanganku sing omong :
’’Mas, mengko yen wis klakon omah-omah, aku ora kabotan nunggal saomah karo bapak ibu. Aku dhewe kapang karo ‘pribadi’ sawijining ibu, jalaran  ibuku wis seda nalika aku isih bayi’’. Rasane atiku mak blong, kaya luwar saka tindhihan watu sak lumpang.

Nalika aku dadi manten, Darpaya lan ibune ngestreni rikala akad nikah lan resepsine. Sing dadi gumunku saben pethuk aku, dheweke katon susah, malah ketara ana luh ing mripate.
Aneh banget bocah iki.

Sawise cutiku entek lan bali makarya, dheweke tak jak omong :
’’Dar, kapan kowe nyusul nikah ?’’.
Dheweke meneng, tak sawang satleraman, raine kaya wong sedhih. Aku ethok-ethok ora ngerti. Pundhake tak hoyag-hoyag, karo celathu :
’’Kowe kudu ndang nikah Dar, ibumu ben seneng’’.
Wangsulane lirih : ’’Arep nikah karo sapa, kenalan bae durung duwe’’.  
Aku menehi semangat : ’’Insya Allah kowe bakal diparingi jodho yen kowe gelem usaha lan tansah nyenyuwun mring Gusti Allah’’.
’’Apa hiya ?’’, pitakone aneh. 
’’Gusti Allah mesthi paring dalan. Kowe kudu percaya lan kudznudzan mring Gusti Kang Murbeng Dumadi’’.

Wiwit anyaran makarya nganti saiki, aku lan Darpaya panggah sakantor ing sawijining dhinas ing Pemda. Dadi saben dina tansah ketemu. Sesambungan kekeluargaan ing antarane wong tuwaku lan ibune saya raket. Ibune Darpaya sering meling supaya aku mampir, jalaran ana sing diparingake, buah-buahan asil kebone utawa kue-kue gaweyane dhewe.

(Tutuge 4/8)

CRITA (40) - MENCLEG - 2



Crita (40)
MENCLEG – 2 
(Trilaksito Saloedji)
Aku manthuk-manthuk karo mbatin, bapake ana ngendi?
’’Bapakipun sampun kapundhut tigang taun kapengker’’.
We lhah, batinku tumus. Kebeneran, dadi aku ora usah takon. Aku ngrungokake ngendikane karo nyamuk-nyamuk mangan gedhang goreng :
’’Darpaya menika anak ontang-anting. Piyambakipun remen saged tepang kaliyan Nak Barata. Sanjangipun : ‘Mas Barata kuwi apik lho Bu. Yen aku takon mesthi dikandhani’ - Nggih nyuwun tulung nggih Nak, ndherek titip Darpaya. Dipun sanjang-sanjangi manawi wonten klenta-klentunipun, wong lare menika isinan, awis-awis medal’’.
Wangsulanku : ’’Insya Allah, dalem estokaken Bu’’
Mulihku digawani pelem gadhung sakresek gedhe. Sadalan-dalan aku kelingan ngendikane ibune Darpaya. Pantes bae bocah kuwi gumantung menyang aku. Isinan, arang metu, dadi ‘kuper’.
Batinku : ‘’Wis bejane awak, diprecaya lan diangkat dadi ‘pembimbing’, malah wis entuk pituwas arupa pelem sakresek gedhe. Alhamdulillah’’.
Aku anak ragil, wong tuwaku panguripane samadya. Bapak lan ibu sering ngendikakake rasa syukur lan panuwune marang Gusti Allah, dene wis bisa ngentas putra-putrane. Bisa nyekolahake nganti lulus lan saiki sing loro wis bebrayan.
Sanajan masku mung lulus setingkat Akademi, nanging dheweke sregep lan pinter. Saiki nyambut gawe ing unit produksi sawijining BUMN. Nasibe apik, pangkat lan jabatane wis dhuwur.
Mbakyuku lulus setingkat sarjana mudha, wis makarya dadi guru. Banjur oleh kesempatan nerusake kuliah nganti lulus S1. Dene aku bisa mlebu universitas negeri nganti lulus S1.
Rong taun aku nyambut gawe, bapak ibu lan sedulur-sedulur mrayogakake supaya aku enggal omah-omah. Alasane merga wis duwe blanja lan pacar. Olehku kenal kenya kuwi ing kampus setaun sadurunge aku lulus. Sawise kenal rada raket, gelem tak jak nyang omahku, tak kenalake bapak lan ibuku. Rupane ibu nayogyani pilihanku. Sadurunge wong tuwa nglamar, dheweke tak critani yen aku anak ragil.

Tekan semono critaku ora tak terusake. Pekewuh arep njlentrehake manawa bapak ibuku ngunduri sepuh, apamaneh pagaweyanku manggon sakutha. Kersane bapak ibu, sawise omah-omah aku lan sisihanku supaya tetep manggon ing daleme.
(Tutuge 3/8)

CRITA (39) - MENCLEG - 1



Crita (39)
MENCLEG – 1 
(Trilaksito Saloedji)

Temu sepisanan nalika melu tes pagaweyan. Banjur kenalan, jenenge Darpaya. Umure sangisorku setaun luwih. Pawakane sedheng ora beda karo aku. Kulite kuning, praupane bagus. Katone bocah iki meneng. Sawise kuwi tangkepe nyang aku luwih akrab. Yen ana apa-apa takon aku dhisik.

Wiwitane aku rumangsa gumun. Bocah iki kok gumantung banget nyang aku. Nanging suwe-suwe tak pupus, apa tunane yen aku bisa nulung wong liya? Ndilalah sawise melu tes, aku lan dheweke lulus. Nalika entuk panggilan saka Pemda, dheweke kandha : 
’’Mas, sesuk bareng ya’’.  Aku mung manthuk nayogyani.

Esuke dheweke ngampiri nyang omahku. Menganggo sandhangan katon sarwa resik lan mantesi. Sepeda motore kopen. Tak kira dheweke seneng resikan lan tumata. Mulihe aku dijak nyang omahe dhisik, jare panen pelem. Nalika Darpaya mbukak lawang pager, ibune metu methukake. Tangkepe grapyak weruh tekaku. 

Ngendikane : ’’Mangga, mangga Nak,  pinarak’’.
Aku ditemoni Darpaya ing ruwang tamu kang amba, kanthi prabotan lan hiasan dhindhing kang apik. 
’’Omahmu gedhe banget’’, celathuku.
Wangsulane : ’’Hiya’’.

Ibune saka mburi mlebu ruwang tamu karo ngasta baki isi unjukan teh ing cangkir lan nyamikan. Nyelehne suguhan ing meja karo ngendika :
’’Mangga Nak dipun dhahar’’.   
’’Inggih Bu, matur nuwun’’
’’Nggih ngaten punika Nak, ing ngriki sepen. Sedinten-dinten namung kula kaliyan Darpaya menika’’.
Aku manthuk-manthuk karo mbatin, bapake ana ngendi?

(Tutuge 2/8)
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...