Jumat, 14 September 2012

MASJIDIL HARAM


Masjidil Haram
(Trilaksito Saloedji)


Bermula tanah kosong
Di seputar Ka’bah
Untuk ibadah
Dibatasi dinding-dinding rumah
Itulah pusat kota Makkah

MAKKAH



MAKKAH
(Trilaksito Saloedji)


Kota pertama dimuka bumi
Tempat Nabi Adan bermukim
Setelah turun dari sorga
Sesuai titah Illaahi
Menjadi Kholifah yang ‘alim
Memberi tuntunan utama

Senin, 10 September 2012

JEDDAH


                      Jeddah
                                                             (Trilaksito Saloedji)

Lokasi pertama
Ibu Hawa
Ketika turun dari sorga
Disini terdapat makamnya
Atau petilasannya

Minggu, 09 September 2012

SUMUR


Denimg : Trilaksito Saloedji

Wong tuwaku sakulawarga pindhah menyang kutha Malang, manggon ing omah sewan. . Let telung taun banjur mundhut tanah ing njero gang. Satus meter saka dalan gedhe sing tumuju kutha Batu. Asale tanah kagungane Pak Sadi.  Gunggung ambane satus meter pesagi luwih. Ananging wangune  aneh. Ora aneh piye, wong wangune tanah kaya aksara P.  Nggon sikilane aksara  P kuwi ambane loro setengah meter, dawane sewelas meter, dumadi saka telung teras. Limang meter kapisan tanahe luwih endhek patang puluh centimeter. Telung meter sawise kuwi luwih endhek maneh patang puluh centimeter. Telung meter kang pungkasan luwih endhek maneh. Ing kono ana sumur lawas kanthi jedhingan ing sisihe sumur sing dibangun sangisore tanah waras. Jerone jedhingan suwidak centimeter. Ing njerone ana bak cilik, bisa diisi banyu kanggo adus. Wong sing arep adus nyemplung jedhingan dhisik, banjur ndhodhok ben ora katon dening liyan, jalaran jedhingan kuwi tanpa aling-aling.

Sabtu, 01 September 2012

NGLUNGSUR


Dening : Trilaksito Saloedji

Serbung pabrik muni gantas, dikembangi swara santer gemrubuge angin wengi saka gumuk kidul. Jam sewelas bengi karyawan ploeg sore mulih, diganti sing dhines bengi nganti esuk. Gino metu saka stasiun gilingan, tekan regol pabrik wiwit kelingan maneh nyang bojone. Yen wis mangkono ing atine mung ana rasa sedhih. Lakune diseret mulih tanpa rasa. Sakjane wis meh pendhak setaun sing wadon tinggal donya. Ananging saka derenging rasa tresna, isih tansah katon-katonen praupan lan blegere Suminem. Yen kelingan ngono kuwi rasa susahe ora bisa sinamudana. Praupan cowong, awak rasane lungkrah, nglentruk tanpa greget. Adate yen dheweke mulih tengah wengi ngono kuwi bojone sing mbukakake lawang. Sanajan katon ngantuk nanging isih nyuguhi esem nyang sing lanang. Banjur nyepaki ngombe anget. Sewu kesele raga sanalika sirna.
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...