Kamis, 30 Agustus 2012

MAHONI

Trilaksito Saloedji


Perusahaan ngendi bae mesthi netepake supaya karyawane manut peraturan kang ditrapake. Sawayah-wayah nampa SK (Surat Keputusan) pindhah menyang liya pabrik utawa ing liya kasinderan (wilayah kerja sing dipandhegani sawijining sinder), kudu  sendika dhawuh. Ketang panggonan sing anyar adoh lan sakiwa tengene sepi. Sarta ora nyenengake kanggone karyawan lan keluargane sing arep dipindhah.

PAK WALI

Trilaksito Saloedji


Piyayine sumeh. Praupane resik kanthi kawibawan kang mencorong . Dedeg piadege sedhengan, katon sarwa bregas. Tindak-tanduke jatmika, mantesi. Dasar bagus, ngendikane renyah, gawe senenge sing diejak ngendikan. Ing kumpulan tembang kenangan, dadi bintang. Manawa nyanyi  swarane ora nguciwani. Sarampunge, sing rawuh keplok mawurahan, sineling bisik-bisike ibu-ibu ngalembana priya kuwi : ’’Piyayine bagus, pangkate dhuwur, atine apik’’. Nalika ngestreni kumpulan PKK, ibu-ibu nelakake rasa senenge nampa rawuhe. Ing stadion bal-balan, priya kuwi disubya-subya penonton pendhukung kesebelasan kutha iki, sing arep tandhing sore kuwi. Rikala priya kuwi wawan rembug ing njero pasar tradhisional, nampacurhat” saka para pedhagang kang nelakake rasa senenge amarga dirawuhi. Apamaneh yen piyayi kuwi cawe-cawe mrantasi kahanan pasar kang mrihatinake. Nanging aja nganti pasar tradhisional  di “rehab” kanthi alasan ningkatake mutu pedhagange, banjur owah dadi mall kang mateni pedhagang cilik. Ing ngendi-endi priya kuwi tansah entuk pakurmatan. Sanajan tekane diarah ora ngetarani, ananging kabeh wong ing kutha iki weruh marang panjenengane.

PORTAL


Trilaksito Saloedji


Ketika RW atau kelurahan lain sudah pada memasang portal, warga RW tempat tinggal Gido tenang-tenang saja. Lima jalan masuk dan keluar siang malam terbuka untuk dilalui pejalan kaki sampai yang berkendara. Mulai pembantu rumah tangga dan ibu-ibu yang belanja keperluan sehari-hari. Jamaah masjid yang di pagi buta berangkat menunaikan ibadah shalat di masjid.. Para pemulung yang silih berganti membawa obrognya mengumpulkan bahan plastik dan kertas dari tong sampah. Penjual makanan keliling dan penjaja keperluan dapur. Mobil antar jemput anak sekolah dan taksi serta mobil travel yang menjemput/antar penumpang dari RW ini. Mobil tamu-tamu penghuni lingkungan yang tergolong the have.  Semua bebas masuk dan keluar dari mana saja mereka sukai.

TREMBESI


(Trilaksito Saloedji)

Nalika aku wiwit mbukak gembok lawang pagar, keprungu tilpun omahku muni. Tekan ruang tamu, unine wis mandheg. Batinku gek sapa ta bengi-bengi nilpun. Arlojiku tak sawang, meh tabuh sepuluh. Sawise salin penganggo lan santai ing kursi, tilpun muni maneh. Bareng tilpun tak angkat keprungu swarane budhe.
’’Hallo, oo Budhe, wonten dhawuh Budhe ?’’
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...