I R A H
(Dening : Trilaksito Saloedji)
Sawise nampa Surat
Keputusan pindhah, aku ngadhep pimpinan pabrik gula iki. Matur manawa siap
pindhah lan makarya ing panggonan kang anyar. Aku ditampa kanthi becik.
Diparingi wawasan ngenani kahanan pagaweyan
lan lingkungane. Didhawuhi supaya enggal makarya. Banjur diparingi layang penetapan manggon ing sawijining omah
dhines ing perumahan pabrik sisih
tengah. Sauntara durung boyong, aku dhewe manggon ing pasanggrahan (mess) pabrik. Ngendikane omah dhines
isih arep diresiki lan dilabur. Saliyane aku, ana kanca bagian instalasi saka pabrik liya kang pindhah
rene. Aku wis
kenal, asmane Mas Aji. Aku seneng, yen ngineb ana ing pasanggrahan bakal ana
kancane.
Minggu sore aku wis teka ing pasanggrahan pabrik iki.
Jalaran esuke arep wiwit makarya ing
panggonan sing anyar. Ing latar dipethuk pelayan pasanggrahan, jenenge Pak Eno.
Pawongan kang dhuwure sedengan, awake cilik, nanging katon kiyeng trengginas.
Umure kira-kira durung ngancik patang puluh taun. Dheweke nuli nggawakake
tasku. Mlaku liwat teras, aku
nginthil ing mburine. Mlebu kamar tamu kang amba, dheweke mandheg. Kaya
pramu-wisata kang wus pengalaman dheweke celathu : ’’Ing ngriki Bapak saged
nampi tamu’’. Sawise mlaku sawatara langkah, metu saka lawang kamar tamu sisih
njero. Katon ing sisih tengen ana undhak-undhakan saka kayu munggah mangetan. Pak Eno ora munggah
undhak-undhakan kayu warna coklat iku. Ananging mlaku menyang ruang tengah.
Banjur celathu :
’’Menika ruwang kangge dhahar. Bapak ngendika kemawon, badhe
ngersakaken dhahar jam pinten.. Mangke Ibu pengurus pasanggrahan badhe nyiagaaken’’.
Aku mesem lan manthuk-manthuk, nuli celathu :
’’Pak Eno, sapa asmane Ibu kang ngurusi pasanggrahan iki ?
Mbok aku ditepungake’’.
’’Nyuwun pangapunten Bapak, dinten punika Ibu Mari lan Bapak
saweg tindak luar kota .
Mangke dalu rawuhipun. Nanging kangge dhahar panjenengan sampun siap, mangke
dalem ingkang nyawisaken’’.
’’Kesuwun Pak Eno’’.
’’Mangga kula dherekaken dateng nginggil’’.
Karo nyangking tas pakaianku,
dheweke tumuju undhak-undhakan kayu warna coklat iku. Aku mlaku ing mburine.
Ing pyan ruang iki sakjane ana lampu ananging kok ora urip. Dadi swasanane surem. Undhak-undhakan sing
mengetan sambung karo undhak-undhakan mengulon. Tekan dhuwur, ana ruwang terbuka kang sambung karo teras amba sing dipageri dhuwure watara
sadhadha. Teras iki mangku kamar tidur telu. Pak Eno mbukak kamar ngarep.
Nyeleh tasku ing kursi. Ngacarani aku supaya mlebu. Kamar iki amba. Banjur
dheweke narik korden jendhela, saengga
saka vitrase kang tipis katon
padhange njaba. Lampu diuripake. Kahanan kamar dadi padhang njingglang. Katon perabotane
kamar, ana dipan single cacah loro kang ditata rapi tinutupan bedcover. Ing sisih lor ana meja tamu lan kursine loro. Meja tulis
lan kursine siji. Ana lemari pakaian. Meja cilik ing sisih wetan, ing dhuwure
ana radio “mata kucing” merk Philips. Sawise celathu arep nyawisake dhahar bengi mengko jam pitu
ing ruwang makan, Pak Eno banjur pamit mudhun.
Lawang kamar tak tutup. Aku
ngglethak ing dhipan sing isih ketutupan bedcover.
Nyawang eternit, pikiran mblayang
saparan-paran. Ing kamar kang amba iki
atiku krasa sepi. Sore ngene iki biyasane aku isih mlaku-mlaku ngetutake anakku
numpak sepedha rodha papat ing kompleks
pabrik gula kang tak tinggalake. Sadurunge maghrib bali nyang omah, dipapagake
sisihanku kang mesem ngrungokake kojahe anakku sing isih pelo. Pisah durung
nganti setengah dina bae kok ya wis
kangen karo anak bojo. Muga-muga Mas Aji sore iki sida teka, kaya janjine nyang
aku sawatara dina kepungkur. Kareben aku ora ijen, ana sing diajak omong sawise
makarya.
Aku njenggirat kaget, lamunanku
jugar, amarga krungu lawang dithothok. Bareng tak bukak, Pak Eno mesem ana
ngarep lawang karo nggawa baki. Isine
teh rong gelas, piring isi jajan,
gelas kothong loro lan termos isi
banyu. Bareng dheweke pamit arep metu tak takoni :
’’Pak Aji durung rawuh ta Pak Eno ?’’
’’Dereng Pak, kula inggih ngrantos, awit Ibu Mari ngendika
bilih sonten punika wonten tamu, panjenengan kaliyan Pak Aji. Mangga Pak dipun
sekecakaken, kepareng kula badhe nerasaken padamelan rumiyin’’.
Pak Eno metu, aku nututi metu
saka kamar. Nyawang kahanan ing njaba, angin sumilir. Aku ambegan landhung.
Candhik ala wiwit tumenga. Aku ngadeg
ing teras, kaya-kaya dhuwurku padha karo wit-wit pelem, kang ditandur ing
pekarangan pasanggrahan iki. Katon ing sisih wetan ana tanduran wit trembesi. Manuk-manuk blekok padha miber
bali menclok ing wit kuwi. Saka teras iki aku uga bisa nyawang Balai Pertemuan kang madhep ngulon.
Sawatara omah-omah karyawan, taman-e ditanduri kekembangan maneka warna.
Sesawangan katon asri. Swasana ing lingkungan perumahan pabrik pancen
ngresepake yen dinulu.. Tanduran penghijauan arupa wit buah-buahan lan
liya-liyane, ing pinggir dalan sajerone komplek
perumahan, ditata tenan. Upaya iki
kanggo kasarasane warga, ngawekani pencemaran
lingkungan saka lebu-lebu lan beluk cerobong
asap pabrik ing wayah giling.
Sawise shalat maghrib, Pak Eno
nothok lawang kamar, dheweke nggawa tas pakaian. Jare Pak Aji mau mrene mampir sedhela saperlu
nyeleh tas. Nanging ora ngineb pasanggrahan, jarene isih arep lunga karo
Bu Aji. Sadurunge jam pitu aku metu saka kamar. Nyawang kahanan sakiwa tengene
kamar pasanggrahan iki. Ing teras ana lampu njaba loro, ing pojok lor lan kidul.
Saliyane kuwi swasana peteng, amarga mendhung. Lampu listrik ing dalan katon
siji loro, urupe mendrip-mendrip kurang daya. Nalika mudhun undhak-undhakan
kayu, panggonan iki panggah remeng-remeng kaya rikala aku munggah mau. Tujune
isih oleh sunar saka lampu kamar makan ing ngisor lan saka lampu lompongan sing
tumuju teras dhuwur, dadi ora peteng nemen.
Ketemu Pak Eno ing ruwang makan.
Tak takokake kena apa lampu ndhuwur undhak-undhakan kok ora murup. Wangsulane
jarene wis
laporan nyang bageyan instalasi,
ananging embuh kok durung ditandangi. Ing meja makan kang cukup kanggo wong enem iki, aku lungguh
dhewe. Diladeni Pak Eno kanthi tata-cara pakurmatan kang miturut pamawasku berlebihan. Wiwitane dheweke narikake
kursi kang arep tak lungguhi, banjur masang serbet ing dhadha ditalekake ing gulu. Ngisi banyu ing gelas, nyawisake wadhah
sega lan pasugatan liyane. Sauntara aku mangan, dheweke setya ngadeg ora adoh
saka meja makan. Nyawisake apa sing tak butuhake. Tak kongkon lungguh bae ora
gelem. Mangan malih ora bisa jenak. Pepuntoning atiku, yen karepe dheweke
ngadeg bae ya wis kareben, kira-kira dheweke nindhakake profesine salaras karo ‘’S.O.P’’ (Standard Operating Procedure) ndhuwurane.
Sawise ngresiki meja makan,
tugase Pak Eno rampung. Crita nyang
aku, biyasane dheweke terus mulih. Ananging bengi iki diweling Bu Mari
supaya ngenteni tekane. Kebeneran aku lan dheweke banjur bisa jagongan. Tak
takoni asal usule nganti bisa makarya ing pabrik iki. Dheweke ora kabotan,
banjur crita :
’’Bapak kula nate cariyos dhateng dalem, bilih wiwit enem
nyambut damel ing pabrik menika. Dados pelayan ing “besaran” (omahe administratur/pemimpin
pabrik gula). Rikala serdhadhu Jepang
dumugi pulau Jawi ing taun 1942, lajeng
ngebroki pabrik. Nangkepi tiyang-tiyang Walandi jaler istri, enem sepuh,
kerig-lampit mboten wonten ingkang kececer. Wonten ingkang lajeng dipun
kunjara, wonten ingkang dipun pejahi ngenggen.
Kalebet Besar/Pemimpin pabrik mriki saha istrinipun dipun tangkep
Walandi. Pembantunipun dipun pejahi awit ngalang-alangi serdhadhu Jepang
ingkang badhe ngrodha peksa putrinipun Besar
Pabrik mriki.
Sasampunipun Perang Kemerdekaan,
Bapak kula taksih saged nyambut damel
malih ing pabrik, ngantos pensiun ing taun 1968. Kula wiwit mlebet pabrik tahun
1959, dipun angkat dados ’’karyawan
paste’’ (karyawan tetap) ing taun 1962’’.
*
Jam sanga bengi aku wis ngantuk. Pamit Pak
Eno arep turu jalaran sesuk esuk jam
setengah pitu wus kudu mlebu kantor. Tekan kamar reresik awak, salin piyama.
Lampu kamar tak pateni, lampu ndhuwur washtavel
kamar tak uripake. Amarga Watt-e
cilik sunare mung remeng-remeng
ngrenggani kamar. Tengah wengi krungu lawang kamar dithothok. Aku nglilir, tak
rungokake pancen lawang kamar iki sing dithothok. Mosok Pak Eno tengah wengi
rene, apa perlune ? Ah embuh kono, aku turu miring, bantal tak tutupake sirah.
Jebul sawise kuwi ora bisa turu maneh. Ndeleng arloji, isih jam siji. Aku
menyat nyang jedhing, wudhu. Metu saka jedhing aku mbatin, tibake kordhen
kamar durung tak tutup. Mlaku tumuju jendhela, arep nutup kordhen. Aku njegreg mandheg sakala. Saka walike vitrase katon regemenge wong wadon ing
teras. Bareng tak cedhaki lan taktamatake, sakala ilang plas. Githokku
mengkorog, awakku mrinding. Tujune ora semaput. Kordhen
enggal tak geret, nutupi vitrase.
Nanging ana tandha pitakon lan rasa wedi mrasuk sarandhuning badan. Apa mau aku
ora salah deleng. Lambeku ndremimil, dzikir, banjur shalat wengi. Sawise kuwi
bisa turu nganti ngarepake subuh.
Setengah enem esuk krungu lawang
dithothok. Lawang tak wengakake. Pak Eno uluk salam karo mesem weruh aku wis rapi nganggo pakaian
dhines. Dheweke celathu :
’’Sugeng enjing Bapak, pangapunten kalawau dalu kula kesupen
nyemprot kamar. Mbokbilih sare panjenengan mboten jenak awit keganggu saking
nyamuk’’.
’’Ora kok Pak Eno, aku bisa turu kepenak’’.
’’Dhahar sarapan sampun cumawis Bapak’’
’’Kesuwun Pak Eno, sedhela maneh aku mudhun’’
Tekan ruwang makan kepethuk Pak Amin. Panjenengane ngasta ing bageyan
tanaman, dadi sinder ing pabrik liya.
Salaman lan rerangkulan gapyuk.
Umume para sinder pancen kemraket. Sanajan arang ketemu, aku ora lali marang
salirane. Ketemune yen padha entuk tugas melu ’’Taksasi Hasil Tebu’’ setaun sepisan ing pabrik-pabrik gula.
’’Awake mutasi
rene ta Dhik ?’’, pitakone. Wangsulanku :
’’Hiya Pak, lha panjenengan kok ana kene?’’
’’Aku rak wis
pensiun, saiki ngetutake sisihanku sing makarya ing kene ngurusi pasanggrahan’’
’’Oo, sing asmane Bu Mari kuwi Bu Amin ta ?’’ Pak Amin mung
manthuk lan mesem.
Saka mburi ana priyayi putri nyang ruang makan. Aku ora
pangling maneh karo Bu Amin, wong yen taksasi
ya mesthi ketemu karo ibu-ibu bageyan tanaman sing nyediyani dhaharan.
Sawise sarapan,
pitakonane Pak Amin karo Bu Mari padha :
’’Kepriye mau
bengi bisa sare ta Dhik ?’’
Tak hiyani bae, sanajan nyatane ana gangguan thothokan
lawang lan wewayangan ing teras rupa
wong wadon kang ora jelas blegere.
Sawise mulih saka dhines, mangan
bebarengan karo Mas Aji. Pitakone Mas
Aji :
’’Mau bengi sarene kepenak ta Dhik ?’’. Aku nggumun, wong
papat kok padha nakokake anggonku turu mau bengi. Pitakonan kaya ngene iki apa
klebu pakem subasita kang kudu dicakake ing madyane bebrayan? Sajake kok
ana sing nyalawadi. Sadurunge mangsuli, Mas Aji celathu : ’’Aku mengko ora
ngineb kene lho Dhik’’.
’’Kena apa ?’’,
pitakonku ana rasa gela. Sabanjure : ’’Apa ora sayah nduduk esuk sore ?’’
’’Ya sayah
sithik, lha piye wong sisihanku ngakon aku mulih bae’’
Aku ora bisa komentar. Yen aku melu-melu nduduk,
saben dina kudu nempuh dalan dohe pitung puluh kilometer ping pindho. Apa maneh
aku durung duwe kendharaan rodha papat, rak ya dadi lara kabeh, awake lan
dhuwite.
Malem dina kapindho. Sawise jagongan karo Pak Amin ing ruang tamu nganti
jam setengah sepuluh bengi, aku pamit arep turu. Rumangsaku turu durung suwe,
krungu lawang dithothok saka njaba. Bareng lawang tak wengakake. Ora ana
sapa-sapa. Nanging ana ngarep lawang ana sawatara jambu klampok kang ora wutuh.
Bareng tak setitekake ing petenge wengi iki, akeh codhot miber pating bleber
ing sakiwa tengene wit woh-wohan. Bisa uga codhot-codhot kuwi olehe miber
nganti nabrak-nabrak. Lawang tak tutup, aku bali mapan turu maneh. Tengah wengi
aku nglilir, krungu lawang dithothok alon. Aku ndeleng arlojiku ing ngisor
bantal, jam setengah loro. Thothokan lawang isih keprungu, luwih banter
katimbang mau. Batinku, yen iki genah dudu codhot kang nabrak lawang. Aku
ngucapake dzikir, nyuwun pangayoman Gusti Allah Kang Maha Welas Asih. Banjur
menyat alon-alon, nyedhaki jendhela. Tanganku ancang-ancang arep narik kordhen kanthi cepet. Yen pancen ing
njaba ana uwong, supaya wong kuwi kaget. Kordhen
kanthi cepet tak tarik, mripat maspadhakake kahanan. Katon ana wewayangane wong
wadon kumlebat. Nalika mripatku kedhep wewayangan mau wis ora ana. Githokku mengkorog. Kordhen enggal tak tutup maneh. A’uudzubillaahi minasy syaithonnirrajiim.
Aku menyat nyang jedhing, wudhu, banjur shalat.
Nalika jam setengah enem esuk Pak
Eno mlebu kamar, arep njupuk baki lan
liya-liyane. Dheweke uluk salam lan takon : ’’Kados pundi, Bapak saged sare
kanthi sekeca ?’’
Wangsulanku karo mesem : ’’ Hiya Pak Eno, apamaneh mau bengi
kamare wis
disemprot, dadi turuku saya angler’’
Enem dina ngineb ing
pasanggrahan, wiwit dina Minggu malem Senen nganti Jum’at malem Sabtu. Rasane wis suwe banget. Kegiatan lumaku kanthi ajeg. Saben jam
setengah enem esuk Pak No mlebu kamar, njupuk baki lan sapanunggalane. Dheweke
mesthi takon, apa olehku turu kepenak. Ketemu Pak Amin karo Bu Mari ing ruwang makan,
mesthi nakokake olehku turu dhek bengine. Esuk mlebu kantor, banjur nyang
kebun, awan nyang kantor maneh. Mulih ketemu Mas Aji ing pasanggrahan, sing
ditakokake dhisik mesthi ngenani turuku mau bengi. Aku krasa manawa
pitakonan-pitakonane wong papat kang njelehi kuwi mesthi ngandhut prakara kang
nyalawadi.
Sawise mangan awan, aku pamit nyang
Pak Amin karo Bu Mari, arep bali sambang anak bojo. Pisan gawe nyiapake
boyongan ing dina Selasa candhake. Dadi aku ora ngineb ing pasanggrahan iki
maneh. Celathune Bu Mari :
’’Yen olehku ngladeni dhaharan ana kesalahane, aku njaluk
sepura ya Dhik’’. Aku manthuk. Durung nganti mangsuli, keprungu swarane Pak
Amin :
’’Awake kalebu wong sing tatag lan kendel lho Dhik, ngineb
ijen ing kamar pasanggrahan’’.
Aku enggal takon : ’’Sakjane ing kene ana bab nyalawadi apa
ta Pak, mbok aku dicritani’’.
Sing nyaut malah Bu Mari : ’’Wis Dhik saiki kondur dhisik
bae, mengko yen wis
boyongan dolana mrene, crita-crita sing jenak. Wong aku karo sisihanku ya
durung suwe ana kene, kabeh sing tak rungu dhapur crita lan jarene. Sing ngerti
malah Dhik Aji karo Pak Eno’’.
Batinku : ’’Mas Aji karo Pak Eno ?’’ Aku tolah toleh
mbokmanawa ing ruang iki ana Mas Aji lan Pak Eno. Ya genah wong loro kuwi ora
ana. Wong Mas Aji mau wis
mulih ndisiki. Dene Pak No mau kepethuk aku ing ngarep pabrik, jare arep layat
tanggane.
*
Ing sawijining awan, sawatara
dina sawise boyongan. Nalika ing kantor, aku kelingan yen arep laporan nyang
bagian instalasi. Ana stop kontak rusak lan kran banyu macet ing omah kang tak
enggoni sing perlu didandani. Aku mlebu kantor instalasi. Ing kono ketemu Mas Aji lan sawatara kanca masinis sing wis wanuh karo aku. Durung dipinarakake
lungguh ing kursi, wis ana kang celathu : ’’Piye Mas, apa wis pethuk karo Yu Rah ?’’
Liyane padha ngguyu. Aku plengah-plengeh, mesem, durung ngerti jluntrunge omongan. Sapa Yu Rah
kuwi. Mas Adji banjur nyaut :
’’Yu Rah genah wedi karo Pak Tri. Kene Dhik pinarak !’’. Aku
lungguh kursi ing ngarepe Mas Aji. Rada nyandhak apa sing diomong. Mula
celathuku :
‘’Oo dadi Mas Aji ora ngineb pasanggrahan amarga Mbakyu Aji
cemburu karo Yu Rah ta ?’’
Kabeh padha ngguyu
ger-geran krungu sentilanku kuwi. Mas Aji mung mesem, praupane rada mbrabak
semu abang.
Mas Aji takon, apa
nalika aku ngineb pasanggrahan ana sing ngganggu ? Aku crita apa anane.
Saben tengah wengi ana sing nothok lawang kamar. Aku tau kecelik, nalika lawang
tak bukak jebul codhot-codhot nabrak lawang. Tau tak konangi, nalika kordhen tak bukak kanthi ndadak, ing
njaba katon regemenge wong wadon sakeplasan.
Aku nuli takon : ’’Sakjane ing kono apa ana sing nyalawadi
ta Mas ?’’
’’Wiwit mbiyen akeh sing crita manawa pasanggrahan pabrik
kene iki angker. Wong-wong banjur nambah-nambahi apa sing dirungu. Critane
digedhek-gedhekake. Nyatane akeh sing tau ngineb kono ya waras-wiris ora
keweden, contone kaya slirane ta Dhik’’.
Mas Gadhi pawongan sing dikenal
‘meneng’ banjur celathu :
’’Pancen ana crita sing ‘dramatis’
Mas, kedadeyane wis
rada suwe. Ana karyawan anyar telu ditugasake ing pabrik kene. Sawatara dina
isih manggon ing pasanggrahan. Ing atarane ana sing jenenge Kaelan. Pawongan
kang sugih wicara, yen omong
plas-plos kaya ora dipikir luwih dhisik. Yen tumindak sakepenake dhewe. Ing
sawijining bengi omong karo kanca-kancane :
’’Walah nyambut gawe kok dipapanake ing ndesa sepi-epi.
Kapan bisane oleh pacar ?’’
Kancane nyauri : ’’Terus nek wis oleh pacar arep mbok kapakake ?’’Dhasar
Kaelan, wangsulane ya nggladrah : ’’Mumpung saiki awakku kesel ya tak kongkon
mijeti’’.
Ana sing nyaut : ’’Bar mijeti?’’
’’Ya tak keloni’’., wangsulane saya nggladrah karo
klecam-klecem. Liyane ngguyu, nggumun weruh wong kok jan ndableg tenan.
Kocapa esuke Kaelan ora bisa
mlebu kantor. Ngathang-athang ing dipan.
Jarene awake panas lan lara kabeh, diobahake sithik wae krasa lara banget. Ana
sing celathu :
’’Mau bengi sadurunge kowe turu tak sawang awakmu sehat, kok
bisa lara ngene iki critane piye ta Lan ?’’ Karo turon dheweke crita :
’’Bar gojegan mau bengi aku rak mlebu kamar. Lungguh ing
kursi, maca majalah. Yen ora kleru
aku maca crita cekak. Nyritakake sesambungan katresnan, antarane jalu lan wanita.
Sing lanang dicritakake rada cidra ing janji, diparani dening sing
wadon. Antawacana kalorone muyeg banget, pokoke jan nengsemake. Aku krasa arip,
klakepan. Ora krasa yen majalah sing
tak waca ceblok saka tanganku. Weruh-weruh ing ngarepku ana wanodya enom ayu,
pawakane kuning mrusuh, sandhangane putih, mesem ngujiwat. Nyedhaki aku, saka
lambene kang mranani ati, kewetu tembunge manis :
’’ Mas, jare awake kesel, ayo tak pijeti.’’.
Rumangsaku aku ngranggeh wanita
kuwi, jawaku arep tak rangkul. Nanging dikipatake karo kandha mesra :
’’Ayo tak pijeti dhisik’’. Kaya bocah kang manut marang wong tuwane, aku
murep ing dipan karo celathu : ’’Bar dipijeti, terus…?’’. Wangsulane kenes :
’’Sembarang’’.
’’Sapa jenengmu ?’’, pitakonku. Dheweke kandha yen jenenge ‘Irah’. Tangan lumere wanodya iku mijeti saranduning
badanku. Krasa kepenak, setengah liyer-liyer pikiran nakalku mbayangake ndah
iba yen bar mijeti aku, wanodya iki banjur gelem tak keloni. Pijetane saya suwe
saya antep, saya antep. Aku krasa kelaran. Aku jelih-jelih. Arep tangi ora
bisa. Keprungu guyune kang renyah. Aku kelaran tenan, sambat-sambat. Guyune
malih kaya wong kang ngece marga aku kelaran. Guyune jan medeni. Nalika aku
noleh, wanodya ayu kang merak ati mau, malih rupa nggegirisi, ngguyu ngakak
banjur ngilang’’.
Sarampunge critane Mas Gadhi, swasana
ruwang instalasi malih sepi.
Kira-kira kabeh nyoba ngenam pikirane dhewe-dhewe. Nuli keprungu Pak Maruta, masinis wis
rada sepuh, ngendika : ’’Wis
padha krungu critane Pak Doding ?’’ Kabeh omong yen durung. Banjur pawongan
kang sawatara taun maneh arep pensiun kuwi crita :
’’Ing wulan Januari taune aku lali, ana mutasi
gedhen-gedhen. Pabrik kene nampa
pindhahan karyawan cacahe papat. Sadurunge oleh omah dhines, padha ngineb ana
pasanggrahan. Ing antarane wong papat mau, sing siji jenenge Pak Doding.
Pawakane gedhe kiyeng, sipate rada
kemaki. Yen omong-omongan ora gelem diungkuli apamaneh yen dipaido. Dheweke ora patiya disenengi wong sa-pasanggrahan, amarga ora gelem nguwongake
uwong. Krungu crita yen pasanggrahan kene kuwi angker, dheweke ora percaya.
Karo ndegeg lan nebah dhadhane, dheweke sumbar ing ngarepe kanca-kancane :
’’Endi ana dhemit wani mencungul ing pasanggrahan kang
padhang iki. Ora-orane nek Doding tinggal glanggang colong playu yen mung
ngadhepi bangsane bekasakan omahan ngene ae’’. Liyane meneng. Ora ana sing wani
nyaruwe.
Esuke, para karyawan kang ngineb
ing pasanggrahan mudhun nyang kamar makan arep sarapan. Sawise kuwi terus
budhal makarya. Durung nganti tekan undhak-undhakan ngisor dhewe, kabeh padha
kaget. Meruhi ana wong gedhe dhuwur
ngglethak ing jobin kapernah sikilane undhak-undhakan. Weruh sing ngglethak Pak
Doding, kabeh padha geger. Ibu kang ngurus pasanggrahan mireng swara rame-rame,
enggal tindak nyang ngarep ditutake pelayan pesanggrahan. Pak Doding wis nglilir, sambat
awake lara kabeh, arep nangekne awake dhewe ora bisa. Banjur didabyang-dabyang
wong lanang papat. Pamrayogane Ibu
pengurus pasanggrahan Pak Doding diturokake ing kamar sacedhake kamar makan dhisik.
Pak Doding ditakoni durung bisa semaur kanthi cetha, dheweke mung
pringas-pringis kelaran. Pelayan pesanggrahan ngaturi Pak Mantri klinik pabrik.
Karyawan sing padha arep sarapan, enggal sarapan banjur budhal nyang pabrik
utawa kantor. Pak Doding banjur direksa Pak Mantri Klinik lan Ibu pengurus pasanggrahan.
Sawise rada sareh Pak Doding banjur crita :
Sawise rada sareh Pak Doding banjur crita :
’’Omongku pancen rada songar. Kanca-kanca padha kuwatir
manggon ing pasanggrahan kang jarene angker. Aku ora seneng. Karepku kareben
kanca-kanca padha tenang, ora giris ngadhepi kanyatan. Aku banjur sesumbar :
’’Endi ana dhemit wani mencungul ing pasanggrahan kang padhang iki. Ora-orane
nek Doding tinggal glanggang colong playu yen mung ngadhepi bangsane bekasakan
omahan ngene ae’’.
Wayahe turu, aku mlebu kamar.
Oleh kamar ijen kanggoku ora dadi apa, malah kebeneran bisa luwih bebas. Sadurunge turu aku kulina maca
sinambi lungguh ing kursi. Mengko yen wis
arip tenan lagi ngglethak ing paturon. Banjur ana pawongan wadon merak ati kanthi sandhangan putih ujug-ujug wis ana ing ngarepku.
Aku ora kelingan. Apa nalika aku isih lungguh ing kursi, apa wis
mapan ing paturon. Apa aku isih
sadar, apa aku ngimpi. Rumangsaku dheweke teka apik-apik bae. Wanita
kang manis, ambune wangi ndulek irung. Nyoba ngomong manis, ngrayu aku, nggugah
nafsu birahi. Wiwitane aku meh kelu,
arep nglanggati kekarepane. Ananging amarga wis
dadi kamantepane niyat jroning atiku wiwit biyen mula, ora arep sesambungan asmara saliyane karo bojoku, dheweke tak tulak kanthi kasar. Sajake
pikiranku isih setengah sadar manawa kedadeyan iki ora sabaene.
’’Dadi kowe ora gelem ngladeni aku ?’’, pitakone rada
santak. Aku mung gedheg kanthi manteb.
’’Aja nyebut aku
‘Irah’, yen ora bisa nandangi kowe, titenana’’.
Sawise kuwi
kedadeyan pancakara nganti suwe. Gegeman tangan lan sepakan sikilku mung
oleh angin. Nanging dheweke bola-bali bisa nglarani aku. Aku wis lempe-lempe nalika dheweke njunjung
awakku, embuh digawa nyang endi. Banjur diuncalake saka ndhuwur. Aku wis ora kelingan’’. Pak Maruta mungkasi critane mangkene : ’’Kaya
ubale geni kang kesiram lenga, utawa
kaya mletike walang lan abure manuk. Kedadeyan kang dialami Pak Doding sumebar
dadi crita kanthi cepet. Dirungu wong akeh nganti tekan saparan-paran. Dadi
pocapan lan critane karyawan pabrik. Dalah dadi kembang lambene wong-wong
sanjabane pabrik’’.
Aku banjur celathu : ’’Kira-kira sing ngetoki aku apa ya si Irah kuwi ?
Kepiye mula bukane Irah nganti dadi dhemit ?’’ Ana sing nyauri : ’’Ya embuh
Pak, takokna ae nyang Pak Eno bek-e weruh, wong dhek-e wis suwe nyambut gawe ing pasanggrahan’’.
Nalika aku lagi mbatin : ’’Kok takon Pak Eno ? Oo hiya, Pak
Eno nate crita manawa wis
nyambut gawe ing pasanggrahan wiwit tahun 1959. Dheweke uga crita ngenani
bapake sing tau nyambut gawe ing besaran’’.
Unine suling pabrik kanthi swara
seru cumengkling, nyigeg batinku. Sawise
kanca-kanca masinis ngringkesi buku-buku lan sapanunggalane, banjur menyat
bebarengan mulih.
*
Ing dina Minggu, sawise isya’,
aku dolan nyang pasanggrahan. Arep nagih janji nyang Bu Amin. Jare yen aku wis boyongan, arep
dicritani prakara kang nyalawadi ing pasanggrahan iki. Jare Bu Amin, sing ngerti malah Pak Eno. Mula
aku takon ngenani jeneng ‘Irah’ nyang Pak Eno.
Dheweke ngejak aku nyang omahe bapake ing Kutha Wetan. Ing
omah gebyok lawas iku aku dikenalake nyang bapake. Piyayine sepuh, umure wis sewidak siji.
Sawise crita ngalor ngidul,
banjur nyritakake pengalamane wektu isih enom nalika nyambut gawe ing besaran
: ’’Tahun telung puluhan aku wis nyambut gawe. Dadi
pelayan ing omah besaran. Wiwit taun 1937
pabrik iki dipimpin Meneer van der
Blast. Priya gedhe dhuwur, ora patiya galak, nanging pegawaine kudu ngugemi
aturan kang ketat. Aku bisa ngladeni dheweke lan keluwargane. Istrine jenenge Mevrouw Margaret, duwe anak wadon umur
rolas taun jenenge Mary, julukane Marice. Keluarga mau duwe pembantu kang
banget ditresnani, celukane : ‘Rah’.. Nanging omong nyang aku jarene jenenge
‘Irah’. Umure Irah kira-kira isih wolulas taun. Bocahe ayu, kulite kuning
resik. Awake mrusuh, sedhet. Upama
kembang lagi mekrok aganda arum. Aku ketarik karo dheweke. Wektu kuwi aku isih
lanjar.
Jarene wiwit cilik Irah melu Mevrouw
Margaret. Sawise Mevrouw Margaret
duwe anak, Irah momong Marice wiwit
bayi. Kahanan rumah tangga ing besaran, katon ayem tentrem. Sanajan ngerti
polah-tingkahe sing lanang kang seneng madon, ananging Mevrouw Margaret ora tau nggape ora tau ngurus.
Kabare Meneer Blast sering sesambungan karo bojone pegawai Landa apadene sing
pribumi. Saben malem Minggu mesthi ana acara dansah ing societiet
samburine omah besaran. Nalika aku isih laden, wira-wiri saka dhapur nyang ‘sus’
(Societiet) ngonangi Meneer
Blast bali nyang besaran, banjur ngeloni
Irah ing kamare. Wiwit kuwi rasa senengku nyang Irah, pupus.
Nalika serdhadhu Jepang klakon ngambah tanah Jawa. Banjur ngebroki pabrik iki. Kedadeyane wayah sore, ujug-ujug
besaran ditekani Jepang sapirang-pirang. Mlebu ruwang pating bedigas karo omong
kang ora bisa dimangerteni. Meneer karo
Mevrouw ditangkep, embuh terus digawa nyang endi. Bareng weruh Nonik Marice ing kamare, polah tingkahe
serdhadhu-serdhadhu kuwi kaya
kumpulane asu ajak kang arep mbrangkot daginge. Opsire kang meruhi kedadeyan iki, menggak kekarepane anak buahe. Nanging
apa bedane Opsir utawa prajurit yen napsune
wis padha dikuwasani
setan. Weruh kedadeyan momongane dirodhapeksa, Irah ora narimakake. Mberot
abela Nonik Marice. Ananging sepira
banggane wong wadon mungsuh serdhadhu samono kehe. Malah dheweke dilarak
didhabyang-dhabyang, diglandhang liwat mburine besaran menyang pasanggrahan. Ing kono Irah dadi
bancakan. Ora kinawruhan nasibe sateruse. Kelingan kedadeyan wektu semono
banget nggegirisi. Yen banjur ana crita,
jare ana medi ngaku jenenge Irah, aku ora ngerti’’. (Cuthel)
(BSL – 18/02/12)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)