Minggu, 09 September 2012

SUMUR


Denimg : Trilaksito Saloedji

Wong tuwaku sakulawarga pindhah menyang kutha Malang, manggon ing omah sewan. . Let telung taun banjur mundhut tanah ing njero gang. Satus meter saka dalan gedhe sing tumuju kutha Batu. Asale tanah kagungane Pak Sadi.  Gunggung ambane satus meter pesagi luwih. Ananging wangune  aneh. Ora aneh piye, wong wangune tanah kaya aksara P.  Nggon sikilane aksara  P kuwi ambane loro setengah meter, dawane sewelas meter, dumadi saka telung teras. Limang meter kapisan tanahe luwih endhek patang puluh centimeter. Telung meter sawise kuwi luwih endhek maneh patang puluh centimeter. Telung meter kang pungkasan luwih endhek maneh. Ing kono ana sumur lawas kanthi jedhingan ing sisihe sumur sing dibangun sangisore tanah waras. Jerone jedhingan suwidak centimeter. Ing njerone ana bak cilik, bisa diisi banyu kanggo adus. Wong sing arep adus nyemplung jedhingan dhisik, banjur ndhodhok ben ora katon dening liyan, jalaran jedhingan kuwi tanpa aling-aling.


Nanging Pak Sadi isih ngajokake syarat, celathune menyang bapak : ’’Mas Dji manawi panjenengan sampun cecek, kepareng kula gadhah panyuwunan’’. Wangsulane bapak : ’’Oo inggih, menapa Dhi ?’’  - ’’Siti kula menika ing lingkungan keluarga, ing poncot kidul wonten sumur ingkang dipun damel sesarengan. Pramila kula nyuwun, saksampunipun siti kapundhut  kepareng para sadherek dalem taksih saged langkung latar panjenengan lan mendhet toya saking sumur punika saben dinten sarta adus wonten ing ngriku’’. Sarehne wis raket  karo sing kagungan tanah, mupakat lokasine lan jumbuh karo anane dhuwit, mula wong tuwaku sarujuk karo panjaluke Pak Sadi.

Wong tuwaku banjur yasa omah klenengan madhep ngalor. Separo tembok bata dhuwure sameter.Sandhuwure nganggo gedhek kulitan pring, banjur di lepa nganggo luluh lan semen. Tanah ing sikilane aksara P  kang arupa teras-teras, pinggirane dikuwati karo plengsengan bata, dadi ing sateruse ora dukuwatirake kegerus banyu. Wong tuwaku uga mbangun jedhing kanggo pribadi kanthi lawang madhep ngalor sacedhake jedhingan umum

Tangga teparo isih sanak kadange Pak Sadi. Ing sisih lor-e daleme wong tuwaku arupa tanah kosong. Sisih wetan utawa sisih tengen, omahe Pak Min. Sisih kulon omahe Pak Kadi banjur Pak Jadi lan Mas Is. Tritis kulon daleme wong tuwaku adu tritis karo omahe Pak Kadi, dadi dalane wong-wong sing arep nyang sumur. Sisih lor-kulon omahe Pak Sarto lan Mbah Ten. Sisih kidul omahe Pak Ayik. Yen dietung sing migunakake sumur ana wolung keluarga utawa patang puluh jiwa.

Sumur lawas kuwi dumunung ing perangan tanah kang paling ledhok. Sisih kidul winatesan barongan pring kang ora amba. Ing ngisore barongan ana wangan (kali cilik), sing dipigunakake kanggo bebuwang. Sumur siji dipigunakake wong semono kehe. Piye olehe ngatur gilirane supaya ora ana padudon. Ndilalah kersane Allah selawase iki ora ana cecongkrahan sing marahi dadi crah karo tangga teparo. Tangga-tangga ngerti manawa sumur kuwi klebu bageyan tanahe Pak Sadi sing wis didol. Dadi yen bapak utawa aku nimba lan ngangsu, wong-wong kuwi ora wani nyelani. Kira-kira tangga teparo ngerti manawa ngampung utawa nunut murih bisa oleh banyu. Jalaran panganggep kaya ngono kuwi banjur tumus sikep ora melu handarbeni, tundhone banjur  ora gelem melu hangopeni. Manawa ana karusakan tali utawa timbane, wong-wong kuwi ethok-ethok ora weruh.

Lambe sumur saka pasangan bata kang dilepa alus. Kahanane isih pengkuh. Sandhuwure sumur ana palang wesi kanggo nyantholake kerekan.. Kerekan wesi kuwi gedhe pigunane kanggo ngenthengake ngangkat timba isi banyu saka njero sumur. Apamaneh sumur kuwi jerone limalas meter. Yen nyawang saka lambe sumur, lumahe banyu katon mencit adoh ing ngisor.

Tali kang dipigunakake yaiku irisan karet ban sing wangune rada mesagi. Sanajan katon kandel ananging tali karet kuwi bisa rantas lan pedhot. Yen nyambung nganggo kawat. Kawat kang gesekan karo kerekan wesi suwe-suwe bisa pedhot uga.

Sawise subuh lan sadurunge ashar aku lan adhiku nimba lan ngangsu. Ngisi jedhing njaba lan jedhing njero. Banyu jedhing njero kanggo pasediyan masak, korah-korah lan kaperluwan liya.  Saliyane wektu kuwi dianggo tangga teparo kanggo ngangsu, adus lan umbah-umbah bareng-bareng. Ana kang ngangsu, ana kang umbah-umbah lan ana kang adus. Yen wis ngono swasana sakupenge sumur rame dening pacelathon lan guyon.

 Ing sawijining bengi sawise isya’. Kahanan tintrim. Kamangka durung bengi, lan ora udan. Ora keprungu swarane bocah-bocah ing njaba lan ora ana kemliwere uwong. Hawane adhem njekut. Kabeh ngrasakake adhem, milih ana njero omah bae. Sanajan  lawange isih akeh kang bukakan, dalan gang katon peteng. Apa maneh mengko yen lawang-lawang wis ditutup. Gang iki mung oleh sunar saka sawatara lampu pojok omah kang remeng-remeng.

            Banjur keprungu swara “jleguuur”, sepisan, banter banget, nggemontang nyuwek swasana wengi kang tintrim. Bapak lan ibu mireng. Gek ana apa ? Kabeh kanthi panggrahita lan panyangkane dhewe-dhewe. Apa swara senjata, apa mriyem, apa gunung Semeru mbledhos ? Ngendikane bapak : ’’Swarane kaya ora adoh saka kene’’.

Saka mburi krungu swarane Pak Ayik lan bojone nanging ora pati cetha. Saka lor-kulon krungu rame-rame swarane Pak Sarto, bojone lan anak-anake padha metu saka omah. Banjur keprungu Pak Min dikanthi bojone metu pisan. Krungu pitakone Pak Min, kaselan watuke : ’’Ana apa Sar ?’’. Ana sing mangsuli : ’’Embuh Dhe, kok ana swara njlegur banter banget’’. Bapak mbenakake sarung, ngagem kacamata banjur metu, ditututi wong saomah.  Ora suwe ing latar ngarep omah kang remeng-remeng ana wong lan bocah-bocah limang somah padha pating jrabing. Ngrembuk anane swara njlegur kang banter banget. Kabeh padha caturan kanti panyakrabawane dhewe-dhewe.

Ngendikane bapak nyigeg caturan kang ora ana alang ujure : ’’Sing kagungan sentolop sami dipendhet, mangga nuweni teng wingking’’. Pating jrantal wong-wong lanang mulih njupuk sentolop.  Bocah-bocah cilik nangis amarga dipenging melu. Bapak jumangkah liwat tritisan kulon omah kang peteng tumuju sumur. Dikinthil sabregada tangga teparo lanang wedok lan bocah-bocah, kaya arep nglurug ing palagan. Tekan mburi ketambahan Pak Ayik sakulawarga. Saya rame mecah wengi. Njekute adhem kasilakake niyat golek sisik melik ngenani swara njlegur kang gemontang durung suwe iki. Sawatara bocah-bocah cilik ngaweruhi  petenge ing swasana sakiwa tengene sumur, barongan lan wit-wit kang ngrembuyung, banjur nangis njempling saur manuk. Tangga teparo tau crita manawa barongan cedhak sumur kuwi isih angker. Sing mbaureksa ora nrimakake yen keganggu katentremane. Keprungu swara sing murina
nyang anake. Ibune ngejak mulih, kuwatir yen nangise anake amarga meruhi barang alus ing barongan kang peteng ndhedhet.

Bapak lan tangga-tangga padha nyentolopi sakiwa tengene sumur, jedhing lan barongan sarta dalan mudhun njlojog tumuju wangan kang kanggo bebuwang. Bapak ngendika kaget : ’’Lho kok…. ?’’. Ana sing tanggap : ’’Onten napa Mas Dji ?’’ Wangsulane bapak :  ’’Kados onten sing ical’’   - ’’Napane sing mboten onten ? Ngendikane bapak maneh : ’’Tali timba’’. Swarane wong-wong saur manuk. – ’’Hiya taline gak ana’’ -  ’’Terus sapa sing kumawani nyolong ?’’ – ’’Paling ya kecemplung sumur’’. – ’’Nek ngono sing nywara jlegur mau ya timba lan taline’’  - ’’Nek mung tali lan timba kecemplung sumur mosok swarane banter banget ?’’  - ’’Kira-kira ana kucing kerah uber-uberan, njur sing siji mencolot nyang timba sing dhong ana ndhuwur’’. Ana sing takon : ’’Pak Ayik, omah sampeyan sing cedhak sumur, krungu kucing kerah tah ?’’ – ’’Kados mboten mireng napa-napa’’.   –’’Bek-e ana sing ngisi timba karo watu gedhi njur dicemplungake sumur’’. – ’’Sampeyan aja ngarang’’. – ’’Bisa uga ana sing nimba, njur taline ucul’’.  - ’’Ah mboten mungkin, sinten sing nimba ajenge adus dalu-dalu adheme njekut ngeten’’.

Bapak meneng bae. Nyentolopi saben pecak sakiwa tengene sumur, jedhingan lan barongan. Kabeh cep klakep nalika bapak alok sora : ’’Lho niki napa ?’’, karo nyatitekake wewujutan ireng dawa sapinggire barongan. Wong-wong lanang padha nyedhak lan nyawang. Pak Ayik ing sacedhake bapak alok :’’Wo tiwas dheg-dhegan, tak arani ula’’.  - ’’Genah tali timba ngene’’, Pak Jadi nywara karo nyekel tali banjur ditarik, pranyata sabageyan temangsang ing antarane pring lan gegodhongan. Pak Sarto nywara :’’Iki genah pokale wong, gak mungkin nek kucing utawa medi duwe pikiran kaya ngene’’ – ’’Genahe piye?’’, Pak Min nrambul pitakon. – ’’Genah ana sing nimba, banjur taline pedhot nggon sambungan, ben gak kadenangan karene tali dibuwang, nanging marga kesusu olehe mbuwang ora pas, isih ana sing cedhak sumur, kadenangan Pak Dji iki mau’’.

Swasana tintrim. Kira-kira padha ngrames teorine Pak Sarto. Ana siji sing cemuwit : ’’Aku lan keluargaku wis mulih saka sumur jam lima lho’’. – ’’Aku Hiya’’. –’’Mas Sarto, sampeyan sujana nyang sapa ?’’, ana swara setengah murina.  Pak Sarto nywara gak kalah
serenge :’’Sapa sing sujana, coba pikiren apa iki pokale kucing apa medi ? Wis genah iki pokale manungsa. Aku ora ndumuk sampeyan utawa sapa tah sapa’'

Ana swara wadon sing nyela :’’Sing gak ana ing kene bek-e sing nyemplungne timba’’. Langsung ana sing nywara sengak : ’’Sampeyan mpun mungel ngoten Yu, Pak Kadi saanak bojone mboten nate mendhet toya ngriki sanajan griyane teng ngriki’’.Ana sing nyauri : ’’Bek-e sing mondhok’’ – ’’Hiya bek-e’’. – ’’Tapi iki rak preian sekolah, kaya durung ana sing balik’’..

Bapak ngendika kanthi sareh : ‘’’Sampun, sampun, ngaten mawon, mangga sami kondur niki pun dalu, nyuwun tulung taline diringkes salap teng griya kula’’.

Esuke aku ora bisa nimba lan ngangsu. Tujune banyu jedhing njero isih akeh amarga sore mau dikebaki. Nanging nalika swasana isih repet-repet aku nginguk sumur. Aku nyawang kerekan lan panggonan tali kang kemlewer sing ditemu bapak mau bengi. Mripatku mandheg nyang jedhingan, ana wadhah sabun sak sabune pisan sarta sikat gigi. Ing ngisore ana bungkusan plastik, isine kampes (sweempak) warna putih. Barang-barang mau tak gawa mulih, ora ana sing weruh. Pucuk-e tali karet ban ing omah tak iling-ilingi. Kawat sing nyambung tali pedhot. Dawane tali pitung meter. Dadi bener pangirane Pak Sarto. Iki genah pokale manungsa. Nalika timba wis isi banyu, tali ditarik, kawat sing nyambung wis rada rantas marga gesekan terus karo kerekan wesi, banjur pedhot. Timba isi banyu ceblok saka dhuwur watara wolung meter, natap lumahe banju mahanani swara jlegur kang banter amarga luweng sumur nyiptakake gema kang dirambatake nyang sanjabane sumur.

Sing isih dadi pitakon, sapa sing bengi-bengi nimba lan tanpa sengaja nyemplungake timba ? Nalika aku lan adhik-adhikku budhal sekolah (mung raup), tangga teparo saanak bojone lagi mulih saka belik sapinggire kali Brantas. Bapak mengko arep siram ing kantor, lan ibu arep siram ing daleme budhe. Ing pucuk gang aku ketemu Kadino putrane Pak Kadi. Aku takon : ’’Cah sing mondhok apa durung teka ?’’ Wangsulane : ’’Sawise maghrib Mas Nasir teka, njaluk kunci lawang mburi nyang aku. Ana apa ta ?’’. –’’Aku mung takon, kok omahmu sepi’’.

Mulih sekolah, kampes misterius tak jereng, tak wolak walik.Ana tandha warna coklat, arupa titik-titik wujud aksara “AN”. Carane nggawe kira-kira nganggo godhong suruh sing
dijojohi sandhuwure  kampes iki. Tandha ngene iki biyasane digawe bocah sekolah sing ana asrama utawa mondhok. Supaya barange ora kleru nyang kancane.

Aku sujana nyang bocah-bocah sing kos ing omahe Pak Kadi. Nanging sing disujanani durung ana sing bali nyang kos-kosan. Kadino mau esuk pancen kandha manawa Mas Nasir wis teka. Tapi mau esuk kok ora pethuk lan ora krungu swarane. 

Sorene bapak kondur saka kantor karo Pak Djabir (andhahane bapak). Ngasta barang abot diwadhahi karung. Sawise ngaso sawatara, Pak Djabir tumandang gawe. Nyambung tali karet irisan ban karo timba. Wangun timbane gepeng, setengah lingkaran (dawane rong kilan), ambane watara sakilan. Banjur dipasangake ing kerekan pisan. Aku terus ngangsu, ngisi jedhing mburi lan jedhing njero omah. Bubar adus, Nanto kancaku sekolah teka. Ngejak ngendhangi mas-e ing asrama PGA. Aku takon : ’’Wingi kowe rak nyang Malang bareng masmu, saiki kok wis ngendhangi ?’’ Wangsulane : ’’Anu, buku lan klambine ana sing katut tasku’’.

Ing asrama PGA jagongan rada suwe, mase Nanto yen omong-omongan nyenengake. Aku takon : ’’Mas, kapan wiwit mlebu sekolah’’ – ’’Mau esuk Dhik’’ – ’’Sing mondhok cedhak omahku kok durung bali ?’’ – ’’Sapa ?’’ – ’’Undang-undangane Nasir, embuh jangkepe’’ – ’’Nasir ? Oo Abu Nasir, mau wis ana ki. Jarene dheweke mondhok, tapi mau bengi teka-teka dheweke omong - tulung, aku tak ngungsi kene dhisik-’’.

Pepuntone atiku : ’’Kampes nganggo initial “AN”  tibake duweke Abu Nasir. Dheweke “ngungsi” amarga ora gelem tanggung-jawab’’ – ’’Lha kae areke’’. Mas-e Nanto ngawe lan omong rada banter : ’’Sir, rene Sir’’. Nasir mara. Mak jegagik, dheweke kaget bareng weruh aku. Pitakone : ’’Lho kok nok kene ?’’. Aku ganti takon : ’’Lha kowe kok ana kene ?’’ Dheweke kecipuhan, ora nyawang apadene mangsuli. Celathuku : ’’Kadino crita, jare kowe wingi sore wis teka. Malah aku ya weruh kowe mlebu omah. Sabubare isya’ metu liwat lawang mburi’’. Dheweke katon bingung. Aku wis nekat mojokne, amarga aku wis yakin yen dheweke, kang gawe “gara-gara sumur” mau bengi. Aku kudu ngajar wong kang ora tanggung jawab, celathuku : ’’Kowe gak mulih nyang pondhokan tah ? Nek nggoleki kampes, sikat gigi lan wadhah sabunmu, tak simpen nyang omah’’. Praenane dadi abang ireng nanging ora wani nyawang aku. Nandakake batine ngaku nek salah.  (BSL, 04/03/12)-(DB,26/03/12)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...