Kamis, 02 April 2015

CRITA (46) - MENCLEG - 8

Crita (46)
MENCLEG – 8 
(Trilaksito Saloedji)

Ora ana udan ora ana angin, sawise Lina diangkat dadi PNS, dimutasi ing liya dhinas.
Kasusul sumebare undhangan pernikahane Lina. Aku kaget banget, takkira sesambungane karo Darpaya wis raket. Lha kok Lina menikah karo priya liya. Sakala aku nggoleki Darpaya.

Dina kuwi dheweke ana omahe, alasane lara. Ora ana grengseng mangsuli pitakonanku. Mesthine dheweke wis krungu ngenani Lina. Panyawang mripate adoh. Lenger-lenger ora duwe semangat.

Prasasat saben dina tak endhangi nyang omahe. Saya suwe saya nguwatirake. Tekaku ing omahe ora digape. Mesem-mesem dhewe, banjur nangis. Tak peksa nyang dokter ora gelem.
Darsana kang saya sepuh, tansah muwun.

Sawijining sore, aku lagi mlebu omah, sisihanku gupuh mapagake karo celathu :
’’Mas mau ana tilpun saka Bu Darsana, ngabarake yen Dik Darpaya ngamuk, mecahi piring lan kaca-kaca jendhela’’.
Wangsulanku gupuh : ’’Aku tak rana’’.
’’Aku melu’’, celathune sisihanku karo njupuk tas tangan.

Aku lan sisihanku tekan omahe Darpaya, dipethukake Bu Darsana karo muwun.
Ing kono ana  dokter sarta andhahane.  Ana ambulance sawijining rumah sakit. Atiku semedhot maca tulisan ing ambulance kang sumadiya. Darpaya wis ditangani dokter. Saiki wis tenang, keturon. Doktere tak takoni. Dheweke banjur  njlentrehake larane Darpaya, lan mrayogakake supaya opname ing rumah sakit.

Weruh ana ambulance, sawatara tangga teparone Bu Darsana padha teka, mertakake lan bela sedhih. Sing tak kenal mung Bu Mangun lan Dik Ari. Sadurunge Darpaya diboyong nyang rumah sakit, aku kober klesak-klesik karo Dik Ari.

Akhire dheweke crita : ’’Mas Barata rak wis ngerti larane Mas Darpaya ya’’. Aku manthuk. ’’Mula saka kuwi Ibu ora marengake aku sesambungan karo Mas Darpaya, jalaran Ibu wis priksa kahanan keluwargane’’.

Ing ambulance, wektu ngeterake Darpaya, aku nangisi nasibe. Dudu karepe cah bagus iki nandhang lara, urat syaraf ing uteke  MENCLEG  alias senewen. Dheweke mung saderma nglakoni urip lan panguripan.*
  • Cuthel)
Kapacak ing Kalawarti Panyebar Semangat, nomer 

CRITA (45) - MENCLEG - 7

Crita (45)
MENCLEG - 7
(Trilaksito Saloedji)

Sawise Darpaya mulih aku lan sisihanku nggagas, kena apa Bu Mangun ora marengake Ari sesambungan karo Darpaya?

Nganti anakku sing mbarep kelas enem SD, Darpaya panggah legan. Aku lan sisihanku tansah nggolekake kenalan bocah wadon. Ananging ora oleh gawe. Umume lagi kenalan sepisan, cah wadon ora sir nyang Darpaya. Sanajan praupane bagus lan pawakane ora nguciwani, ananging ora duwe daya tarik. Bisa uga amarga dheweke duwe sipat meneng, ora ana greget. Apamaneh tambah taun tambah umur, dheweke wis dadi jaka tuwa.

Sipat menenge saya ndadi. Ing kantor prasasat ora tau omong karo kanca utawa ndhuwurane. Gelem omong yen karo aku. Praenane sing bagus ketara saya aclum. Mesakake banget.  
Nalika ana rekruitmen pegawe anyar, dhinasku entuk CPNS anyar. Bocah wadon, jenenge Lina, weton S1. Pawakan lan praupane sedheng-sedheng wae. Nanging duwe kaluwihan yaiku grapyak semanak nyang sapa wae. Darpaya tak panasi supaya wani nyedhaki.

Ing sawijining kalodhangan aku lan Darpaya semayanan ngejak Lina mangan ing rumah makan. Yen ana Lina swasana dadi regeng. Celathuku :
’’Lin, iki (aku nyablek Darpaya) isih jaka thing-thing lho’’. Guyune Lina renyah. Darpaya mung mesem. Aku nerusake omong :
’’Sanajan Mas Darpaya sipate meneng, nanging atine apik lho. Dheweke jujur lan loman’’. Sawise ngeterake Lina mulih, Darpaya tak omongi :
’’Dar, olehku njago kowe wis all out. Kari piye niyat lan usahamu’’.

Pirang-pirang sasi iki Darpaya katon seneng, praupane sumringah. Tak sawang ing kantor dheweke sering omong-omongan suwe karo Lina. Nate aku, sisihanku lan anak-anakku kepethuk dheweke lan Lina ing mall.
Celathuku : ’’Lho rak ngono, malem Minggu berduaan, jalan-jalan’’.
Kaya biyasane Darpaya mung mesem, dene Lina sawise takkenalake sisihanku langsung akrab.
Ana wae bahan omongan, diselani guyune kang renyah. Sawise tekan omah, sisihanku celathu : ’’Muga-muga Dik Darpaya bisa klakon dadi karo Lina, ya Mas’’.  Aku manthuk.

Ora ana udan ora ana angin, sawise Lina diangkat dadi PNS, dimutasi ing liya dhinas. Kasusul sumebare undhangan pernikahane Lina. Aku kaget banget, takkira sesambungane karo Darpaya wis raket. Lha kok Lina menikah karo priya liya. Sakala aku nggoleki Darpaya.

(Tutuge 8/8)

CRITA (44) - MENCLEG - 6

Crita (44)
MENCLEG – 6 
(Trilaksito Saloedji)

Celathuku : ’’Wiwit saiki kowe kudu niyat lan usaha dhewe supaya  bisa luwih cedhak karo dheweke. Ari cocok kanggomu Dar’’. Tak sawang raine abang ireng, embuh isin embuh seneng.

Minggu candhake Darpaya crita : ’’Mas Barata sampeyan ditakokake Ari’’.
Omongane ora tak lebokake ati, aku banjur celathu : ’’Dar, saben malem Minggu cah kuwi paranana, ajaken metu mlaku-mlaku lan njajan. Kowe sing sabar lan sing romantis’’.

Sawise kuwi saben ketemu Darpaya, aku  sering takon perkembangan sesambungane karo Ari.
Ngrungokake critane ya mung ngono-ngono wae. Ora ana kemajuan. Dheweke ora kasil ngejak Ari mlaku-mlaku. Jarene, ana wae alasane.

Ing sawijining sore ndilalah aku ketemu Ari ing sawijining Supermarket. Sanajan lagi ketemu sepisan rupane dheweke apal nyang aku. Nalika aku arep milih roti, dheweke dhong liwat sacedhakku.
Olehe nyapa tanpa rangu-rangu : ’’Mas Barata’’.
’’Lho Dik Ari’’.
Karo salaman aku takon : ’’Karo sapa?’’
Wangsulane : ’’Dhewe’’
’’Kok gak ngejak Darpaya ?’’ Dheweke mung gedheg.

Mulihe banjur tak terake. Karepku mung tekan ngarep lawang omah wae. Nanging dheweke meksa, jare sedhela wae. Dheweke nlesih hubungan antarane aku karo Darpaya. Tak critani apa anane, yen aku kancane sapagaweyan. Nalika aku karo Darpaya nyang omahe kae, karepku supaya Darpaya bisa sesambungan karo Dik Ari.

Wangsulane entheng nanging ngagetake : ’’Nek karo Mas Barata aku ya gelem’’. Astaghfirullahal azhim. Aku banjur blaka manawa wis duwe sisihan lan momongan. 
’’Kena apa Dik Ari kok ora gelem karo Darpaya ?’’.
Celathune : ’’Ibu ora marengake’’.   

Dina-dina candhake ana mendhung ing praupane Darpaya. Sawulan sawise kuwi Darpaya nyang omahku. Sambat, jare tangkepe Ari saya adhem lan ngadoh. Kang pungkasan sing nemoni malah Bu Mangun, ngandhakake jare Ari ora bisa nemoni amarga kurang sehat. Aku lan sisihanku mung bisa ngerem-eremi atine lan menehi semangat. Sawise Darpaya mulih aku lan sisihanku
nggagas, kena apa Bu Mangun ora marengake Ari sesambungan karo Darpaya?

(Tutuge 7/8)

CRITA (43) - MENCLEG - 5


Crita (43)
MENCLEG – 5 
(Trilaksito Saloedji)

Aku takon : ’’Kowe rak wis kenal ta ?’’ Darpaya manthuk. Pitakonku maneh :
’’Kowe apa wis tau dolan nyang omahe ?’’.
Wangsulane lugu : ’’Durung’’.

Aku ngatag dheweke : ’’Wis ayo rana saiki’’.
Darpaya katon ‘grogi’, banjur takon : ’’Saiki ? Mengko aku ngomong apa ?’’.
Wah bento tenan cah iki.
’’Wis gampang, ngomonga ngeterake Masmu arep njaluk ngapura, amarga mau motore nyiprati dheweke’’.

Jam pitu bengi aku lan Darpaya menyang omahe Ari. Bocahe wis ana omah, nanging sing nemoni Bu Mangun. Sawise bage binage, Bu Mangun ndangu Darpaya, ana prelu apa?
Darpaya wis tak kethik supaya ngomong sing tak kandhakake mau, nanging dheweke gak ngamper’ blas. Wah cilakak bocah iki.

Kepeksa aku sing omong : ’’Nyuwun pangapunten Bu, kalawau sonten wekdal kula badhe sowan Bu Darsana, motor kula langkung margi ingkang ngembeng toya, lajeng toyanipum nyiprati Adik Ari. Kula dereng nyuwun pangaksama, pramila kula nyuwun dipun teraken Adik Darpaya sowan ngiki. Menawi kepareng kula badhe manggihi Adik Ari’’.

Bu Mangun nimbali Ari, ngutus nemoni. Sawise padha salaman, Bu Mangun mlebu.
Darpaya tak kethik maneh supaya miwiti omong. Nanging malah ketok yen grogi. Wiwitane aku njaluk ngapura. Dheweke wis ora mencereng kaya mau maneh. Sanajan isih
katon yen kaku, nanging wis gelem mesem. Suwe-suwe omong-omongan lancar. Nanging sing akeh omonge malah aku karo Ari.

Nalika mulih, Darpaya tak kandhani supaya luwih aktif nyedhaki Ari.  Bu Darsana seneng dene aku aweh pitutur nyang Darpaya. Let sawatara dina ana owah-owahan, praupane Darpaya katon ana rasa seneng. Aku ngira amarga dheweke bisa sambung karo kenya.

Aku melu bungah, banjur tak takoni : ’’Piye kabare cewekmu Dar ?’’
Dheweke katon isin, banjur njegug gegerku.
Celathune : ’’Sampeyan ditakokke Ari’’. 
’’Piye leh takon ?’’
Wangsulane : ’’Kok gak karo Mas Barata’’.
Celathuku : ’’Wiwit saiki kowe kudu niyat lan usaha dhewe supaya  bisa luwih cedhak karo dheweke. Ari cocok kanggomu Dar’’. Tak sawang raine abang ireng, embuh isin embuh seneng.

(Tutuge 6/8)


CRITA (42) - MENCLEG - 4


Crita (42)
MENCLEG – 4 
(Trilaksito Saloedji)

Sesambungan kekeluargaan ing antarane wong tuwaku lan ibune saya raket. Ibune Darpaya sering meling supaya aku mampir, jalaran ana sing arep diparingake, buah-buahan asil kebone utawa kue-kue gaweyane dhewe.

Sakjane omahe Darpaya ora adoh saka omahku. Kira-kira sakilometer. Malah isih sakecamatan. Ing sawijining sore sawise awane udan, aku nyang omahe Darpaya. Wis cedhak banget karo omahe, ndilalah motorku liwat ing dalan sing ana banyune ngembeng. Tanpa sengaja banyune nyiprat nyang bocah wadon sing lagi metu saka pekarangan omah.

Aku rumangsa kliru, ngendhegake motor lan njaluk ngapura. Bocahe mencereng tanpa semaur. Nuli aku ethok-ethok takon daleme Bu Darsana, ibune Darpaya (sanajan aku wis weruh). Dheweke mung nudingake tangan tengene banjur mlengos lan nutugake lakune. Duh manise cah kuwi. Praupane lonjong. Pakulitane kuning manis.Rambute dipopol sandhuwure baune. 
           
Tekan omahe Darpaya, aku takon :
’’Dar, ana kenya manis ngarep omahmu kuwi jenenge sapa?’’  
Dheweke mangsuli : ’’Kok takon-takon kenya manis, mengko tak kandhakake mbakyu lho’’. Celathuku :  ’’His, kowe weruh jenenge apa ora ?’’ 

Ibune saka mburi nrambul ngendika :
’’Oo kuwi putrane Bu Mangun sing ragil, jenenge Ari. Ana apa ta Nak Barata?’’
Aturku : ’’Badhe kula gandhengaken kaliyan adhik kula’’.  
’’Jare Nak Barata putra ragil?’’, pitakone Bu Darsana .
’’Leres Bu, kangge adhik kula, ingkang menika !’’, driji jempol tangan tengenku tak athungake nyang Darpaya.

Ibune nggujeng karo ngendika : ’’Ya coba ta Nak sambungna, muga-muga kasil’’.
’’ Lho Dar, kowe krungu dhewe, Ibu rak ya remen, piye?’’.
Darpaya mung mesam-mesem.
Aku takon : ’’Kowe rak wis kenal ta ?’’ Darpaya manthuk. Pitakonku maneh :
’’Kowe apa wis tau dolan nyang omahe ?’’.
Wangsulane lugu : ’’Durung’’.

(Tutuge 5/8)

CRITA (41) - MENCLEG - 3



Crita (41)
MENCLEG – 3 
(Trilaksito Saloedji)

Kersane bapak ibu, sawise omah-omah aku lan sisihanku supaya tetep manggon ing daleme.

Atiku gojag-gajeg arep blaka, apa pacarku (sing insya Allah mengkone bakal dadi sisihanku) gelem nampa panjalukku jumbuh karo kersane wong tuwa? Yaiku sawise omah-omah gelem manggon saomah kumpul karo bapak ibuku? Akeh crita ing bebrayan sarta crita-crita sinetron, anane kedadeyan maratuwa wadon lan mantu wadon tansah crah lan tukar padu yen kumpul saomah. Yen ngelingi kuwi aku banjur tidha-tidha arep nerusakake omah-omah.

Nanging sawise tunangan, tanpa kanyana tunanganku sing omong :
’’Mas, mengko yen wis klakon omah-omah, aku ora kabotan nunggal saomah karo bapak ibu. Aku dhewe kapang karo ‘pribadi’ sawijining ibu, jalaran  ibuku wis seda nalika aku isih bayi’’. Rasane atiku mak blong, kaya luwar saka tindhihan watu sak lumpang.

Nalika aku dadi manten, Darpaya lan ibune ngestreni rikala akad nikah lan resepsine. Sing dadi gumunku saben pethuk aku, dheweke katon susah, malah ketara ana luh ing mripate.
Aneh banget bocah iki.

Sawise cutiku entek lan bali makarya, dheweke tak jak omong :
’’Dar, kapan kowe nyusul nikah ?’’.
Dheweke meneng, tak sawang satleraman, raine kaya wong sedhih. Aku ethok-ethok ora ngerti. Pundhake tak hoyag-hoyag, karo celathu :
’’Kowe kudu ndang nikah Dar, ibumu ben seneng’’.
Wangsulane lirih : ’’Arep nikah karo sapa, kenalan bae durung duwe’’.  
Aku menehi semangat : ’’Insya Allah kowe bakal diparingi jodho yen kowe gelem usaha lan tansah nyenyuwun mring Gusti Allah’’.
’’Apa hiya ?’’, pitakone aneh. 
’’Gusti Allah mesthi paring dalan. Kowe kudu percaya lan kudznudzan mring Gusti Kang Murbeng Dumadi’’.

Wiwit anyaran makarya nganti saiki, aku lan Darpaya panggah sakantor ing sawijining dhinas ing Pemda. Dadi saben dina tansah ketemu. Sesambungan kekeluargaan ing antarane wong tuwaku lan ibune saya raket. Ibune Darpaya sering meling supaya aku mampir, jalaran ana sing diparingake, buah-buahan asil kebone utawa kue-kue gaweyane dhewe.

(Tutuge 4/8)

CRITA (40) - MENCLEG - 2



Crita (40)
MENCLEG – 2 
(Trilaksito Saloedji)
Aku manthuk-manthuk karo mbatin, bapake ana ngendi?
’’Bapakipun sampun kapundhut tigang taun kapengker’’.
We lhah, batinku tumus. Kebeneran, dadi aku ora usah takon. Aku ngrungokake ngendikane karo nyamuk-nyamuk mangan gedhang goreng :
’’Darpaya menika anak ontang-anting. Piyambakipun remen saged tepang kaliyan Nak Barata. Sanjangipun : ‘Mas Barata kuwi apik lho Bu. Yen aku takon mesthi dikandhani’ - Nggih nyuwun tulung nggih Nak, ndherek titip Darpaya. Dipun sanjang-sanjangi manawi wonten klenta-klentunipun, wong lare menika isinan, awis-awis medal’’.
Wangsulanku : ’’Insya Allah, dalem estokaken Bu’’
Mulihku digawani pelem gadhung sakresek gedhe. Sadalan-dalan aku kelingan ngendikane ibune Darpaya. Pantes bae bocah kuwi gumantung menyang aku. Isinan, arang metu, dadi ‘kuper’.
Batinku : ‘’Wis bejane awak, diprecaya lan diangkat dadi ‘pembimbing’, malah wis entuk pituwas arupa pelem sakresek gedhe. Alhamdulillah’’.
Aku anak ragil, wong tuwaku panguripane samadya. Bapak lan ibu sering ngendikakake rasa syukur lan panuwune marang Gusti Allah, dene wis bisa ngentas putra-putrane. Bisa nyekolahake nganti lulus lan saiki sing loro wis bebrayan.
Sanajan masku mung lulus setingkat Akademi, nanging dheweke sregep lan pinter. Saiki nyambut gawe ing unit produksi sawijining BUMN. Nasibe apik, pangkat lan jabatane wis dhuwur.
Mbakyuku lulus setingkat sarjana mudha, wis makarya dadi guru. Banjur oleh kesempatan nerusake kuliah nganti lulus S1. Dene aku bisa mlebu universitas negeri nganti lulus S1.
Rong taun aku nyambut gawe, bapak ibu lan sedulur-sedulur mrayogakake supaya aku enggal omah-omah. Alasane merga wis duwe blanja lan pacar. Olehku kenal kenya kuwi ing kampus setaun sadurunge aku lulus. Sawise kenal rada raket, gelem tak jak nyang omahku, tak kenalake bapak lan ibuku. Rupane ibu nayogyani pilihanku. Sadurunge wong tuwa nglamar, dheweke tak critani yen aku anak ragil.

Tekan semono critaku ora tak terusake. Pekewuh arep njlentrehake manawa bapak ibuku ngunduri sepuh, apamaneh pagaweyanku manggon sakutha. Kersane bapak ibu, sawise omah-omah aku lan sisihanku supaya tetep manggon ing daleme.
(Tutuge 3/8)

CRITA (39) - MENCLEG - 1



Crita (39)
MENCLEG – 1 
(Trilaksito Saloedji)

Temu sepisanan nalika melu tes pagaweyan. Banjur kenalan, jenenge Darpaya. Umure sangisorku setaun luwih. Pawakane sedheng ora beda karo aku. Kulite kuning, praupane bagus. Katone bocah iki meneng. Sawise kuwi tangkepe nyang aku luwih akrab. Yen ana apa-apa takon aku dhisik.

Wiwitane aku rumangsa gumun. Bocah iki kok gumantung banget nyang aku. Nanging suwe-suwe tak pupus, apa tunane yen aku bisa nulung wong liya? Ndilalah sawise melu tes, aku lan dheweke lulus. Nalika entuk panggilan saka Pemda, dheweke kandha : 
’’Mas, sesuk bareng ya’’.  Aku mung manthuk nayogyani.

Esuke dheweke ngampiri nyang omahku. Menganggo sandhangan katon sarwa resik lan mantesi. Sepeda motore kopen. Tak kira dheweke seneng resikan lan tumata. Mulihe aku dijak nyang omahe dhisik, jare panen pelem. Nalika Darpaya mbukak lawang pager, ibune metu methukake. Tangkepe grapyak weruh tekaku. 

Ngendikane : ’’Mangga, mangga Nak,  pinarak’’.
Aku ditemoni Darpaya ing ruwang tamu kang amba, kanthi prabotan lan hiasan dhindhing kang apik. 
’’Omahmu gedhe banget’’, celathuku.
Wangsulane : ’’Hiya’’.

Ibune saka mburi mlebu ruwang tamu karo ngasta baki isi unjukan teh ing cangkir lan nyamikan. Nyelehne suguhan ing meja karo ngendika :
’’Mangga Nak dipun dhahar’’.   
’’Inggih Bu, matur nuwun’’
’’Nggih ngaten punika Nak, ing ngriki sepen. Sedinten-dinten namung kula kaliyan Darpaya menika’’.
Aku manthuk-manthuk karo mbatin, bapake ana ngendi?

(Tutuge 2/8)

Minggu, 29 Maret 2015

KAWIYAK - 8



Crita (38)
KAWIYAK (8) 
(Trilaksito Saloedji)

Nek ora kenteban barang abot, ora kira pyan kuwi bisa ambrol. Mripatku nyawang sanjerone kamar kanthi teliti…………

’’Jabang bayik !!!!’’, alokku. Aku kaget, ing ngisor meja tulis ana rerupan kewan gedhe, meneng wae.. Ngregunuk, mbeguguk, wulune dawa warnane coklat.. …….’’luwak’’ kang gedhe banget.

Kira-kira si luwak liwat eternit kang kayune wis gapuk. Banjur eternit pecah lan awake ceblok, kotoran arupa awu lan sawang sumebar sakamar. Jalaran kedadeyan iki rupane Sukir kang lagi turu lan si luwak sing ‘’terjun bebas’’, padha kagete. Luwake katon kethap-kethip ing ngisor meja tulis. Patrape kaya nalika tak weruhi bengi-bengi ing sawetane garasi lan ing ndhuwur wuwung.

Aku ngatag Sukir supaya enggal metu saka kamar, reresik awak lan salin pengganggo. Sawise kuwi tak kongkon turu ing njero. Kamar sepen nuli tak kunci saka njaba. Karepku sesuk tak undangake andhahanku supaya bebandhan siji iki bisa ditangani. Mbuh arep dicekel urip-uripan, apa arep dipateni.

Nalika mapan turu atiku marem. Bengi iki wis  KAWIYAK  sumbere swara ing ndhuwur pyan, rerupan kang cepet ngilang lan rerupan ing ndhuwur wuwung. Rupane  ‘’keluarga luwak’’  iki njagakake panganan saka pelem lan woh-wohan liyane. Lan panggonan pandhelikan ngiras ‘’pesanggrahane’’ ana pyane omah dhinesku.

Esuke tak perlokake nginjen bandhanku. Aku lan Sukir mlongo. Wis digoleki ing sangisore meja tulis, ing sangisore dhipan, ing cepitan lemari pakaian, nanging si luwak ora ana. Ilang tanpa lari.

Nggumunake. Mangka lawang sepen dikunci. Bolongan eternit  dhuwure kira-kira telung meter saka jogan. Upama si luwak ancik-ancik dhipan kang dhuwure suwidak centimeter, dheweke banjur mencolot nyang ndhuwur lemari pakaian............kok ya bisa  mencolot ngliwati bolongan eternit, terus ngilang.  ................................. Jan julig tenan. (Cuthel)


[Songgolangit, 08/05/12]

KAWIYAK -7


Crita (37)
KAWIYAK (7) 
(Trilaksito Saloedji)

Aku pengin ngaso dhisik sing jenak kareben bengine bisa kerja kanthi badan seger lan pikiran wening.

Sawise mangan bengi, aku nggethu ngadhep meja tulis ing ruang keluarga sacedhake meja makan. Maune ditunggoni istriku karo maca majalah, lan anakku sinau lungguh jejer ibune. Kira-kira ngarepake jam sanga bengi istriku klakepan terus. Banjur pamit arep turu dhisik. Durung jam sepuluh anakku ngringkesi bukune banjur mapan turu.

Aku leren dhisik, ngombe teh lan mangan gedhang goreng cepakane istriku. Maca koran sinambi nonton televisi. Weruh-weruh wis jam sewelas luwih. Kamangka isih ana sing kudu tak garap. Wiwit krasa ngantuk, bola-bali angop. 

Jam rolas luwih aku nutup koper surat-surat lan liya-liyane. Ngantuk nemen. Nalika aku ing jedhing krungu swara : ’’Bleg .............., grobyak ................, grodog grodog grodok ...........’’, kaya ana barang abot ceblok, banter banget.  Tinututan swara barang-barang liya sing ceblok.  Swarane cedhak saka kamar mandi.

Aku enggal mbukak lawang butulan. Krungu swarane Sukir jelih-jelih, bekah-bekuh kaya wong nglindur. Lawang kamare tak thothog bola-bali.
Celathuku gupuh :’’Kir, Sukir, ana apa ?’’ Rada suwe lawang kamare lagi diwengakake.

Masya Allah……., aku mlongo ing sangarepe kamare. Gumun, bingung, pikiran kebak tandha pitakon nyawang kamare kang pating slengkrah, bosah-baseh. Sukir lenger-lenger. Sakojur awake wiwit sirah nganti tangan sikile kebak awu lan sawang, klambine katutup awu. Ing jogan, ing ndhuwur meja tulis lan ndhuwure sprei dhipan kebak awu, sawang, pecahan eternit lan kayu plisire. Sesawangan kang kucem, kotor, bledug, nyedhihake.

Bareng aku nyawang mendhuwur pyane mlongo, eternit loro jebol. Dadi sawang lan awu asale saka dhuwure plafon. Lha ora ana udan, ora ana angin  kok plafon bisa ambrol. Apa marga kayune dipangan rayap? Apa marga kahanane sing tuwa ? Nek ora kenteban barang abot, ora kira pyan kuwi bisa ambrol. Mripatku nyawang sanjerone kamar kanthi teliti…………

(Tutuge 8/8)

KAWIYAK - 6


Crita (36)
KAWIYAK (6) 
(Trilaksito Saloedji)

Nate  aku mulih saka pabrik meh jam sanga bengi. Mlaku bae, jalaran cedhak banget.
Sawise nutup lawang pager, aku nyawang mbulan kang ngintip saka suwalike mendhung.
Sunare ora bisa madhangi marcapada.

Wit pelem ing pekarangan ngarep ngrembuyung katon ireng. Panyawangku menyang omah dhines kang tak panggoni. Lampu teras lan lampu pojok-pojok omah mung bisa madhangi sakiwa tengene. Nalika aku nyawang gentheng lan wuwung omah, langkahku mandheg sakala.

Mripatku tak uceg bola-bali. Ora precaya nyang panyawangku dhewe. Wuwung omah kae katon aneh. Kaya ana sing lungguh ing ndhuwure. Bareng tak waspadakake kanthi premati, sesawangan kuwi ora mung siji. Ana sing luwih dhuwur ana sing endhek. Bareng aku mlangkah maneh, sakala sesawangan ing ndhuwur wuwung musna.

Aku nggumun, cik cepete olehe ngilang.  Githokku mrinding. Aku kelingan sesawangan sing ndhodhok sawetane garasi nalika wulan ramadhan kepungkur, sing terus ngilang kanthi cepet.  Awakku bali mrinding maneh. Iki bangsa alus apa?

Lambeku ndremimil. ’’Ya Allah, astaghfirrullah. Kepareng kula nyuwun pangayoman lan pitedah Paduka Ya Allah. Pikiran kula sampun mboten kamot nampi cobi arupa swanten lan sesawangan ingkang nyalawadi menika’’.
Sanajan kedadeyan mau ngebaki pikiranku, nyumpel ing atiku, nanging aku ora crita nyang istriku.

Atasanku entuk tugas kursus ing Yogya. Dadi aku ngrangkep tugase. Dina iki pagaweyanku cik akehe. Jam papat sore aku wis mulih amarga krasa kesel. Pagaweyan maca surat masuk, disposisi lan tanda tangan mengko bengi bae tak garape. Pesuruh kantor tak kongkon ngeterake koper surat lan liya-liyane nyang omah. Aku pengin ngaso dhisik sing jenak kareben bengine bisa kerja kanthi badan seger lan pikiran wening.

(Tutuge 7/8)

KAWIYAK - 5


Crita (35)
KAWIYAK (5) 
(Trilaksito Saloedji)

Saupama bangsa alus, nganti saiki kok ora tau ngetoki.
Yen bangsa kasar kalebu apa, apa kewan, kewan apa ? 

Wayah wulan Ramadhan.
Ing sawijining dina wektu arep saur. Wong telu wis siap ing meja dhahar. Anak asuhku kang aran Sukir, durung katon metu saka kamare. Bocah iki leh turu kok kepati tenan. Mosok swara saka masjid kaya ngono bantere kok ora krungu.

Aku metu arep nggugah dheweke. Mripatku nyawang pekarangan mburi. Wit pelem loro katon remeng-remeng saka sunare lampu pojok kulon lan saka lampu panggonan korah-korah bala pecah.

Sanalika atiku mak tratab ......... weruh bleger ngregemeng gedhe ireng katon ing sawetane garasi. Dhuwure kaya wong kang lagi ndhodhok. Sawise mripatku kedhep, sesawangan mau sanalika, mak plas ............. musna. Aku siyak-siyak .................. mrinding sakojur badan.

Nalika saur, pikiranku tansah nyang sesawangan kang sakala ngilang mau. Apa manungsa kang niyat arep culika ? Apa bangsa alus kang niyat ngreridhu ? Aku ora nyritakake bab kuwi nyang istri apadene nyang anak-anakku. Kuwatir yen padha wedi.

Esuke kedadeyan mau bengi tak critakake nyang sopirku.
Wangsulane : ’’Pun kuwatos ngengingi keamanan ngriki Pak. Penjaga njagi rinten dalu’’. Batinku : ’’Hiya yen sing katon ndhodhok kuwi manungsa, lha yen bangsa alus ? Apa ya sing alus-alus dadi  urusane penjaga keamanan ?’’ 

Nate  aku mulih saka pabrik meh jam sanga bengi. Mlaku bae, jalaran cedhak banget.
Sawise nutup lawang pager, aku nyawang mbulan kang ngintip saka suwalike mendhung.
Sunare ora bisa madhangi marcapada.

(Tutuge 6/8)

KAWIYAK - 4



Crita (34)
KAWIYAK (4) 
(Trilaksito Saloedji)

Aku lan sisihanku kaget. Dheweke njerit : ’’Mas….!’’

Dhadha dheg-dhegan nitir. Sirah mengkorog, siyak-siyak. Saliyane kaget uga ana rasa wedi.  Asale swara saka ndhuwur kamar. Istriku sanalika ngrangkul rapet. Anakku njenggirat kaget. Mripate isih kriyip-kriyip mencolot saka dhipane, nubruk aku lan ibune.
’’Aku wedi’’, celathune anakku.

Nalika rasa wedi durung ilang, swara-swara mau musna sakala. Sawise kuwi swasana sepi,  sing keprungu swarane walang lan jangkrik, disenggaki swarane iberan wengi. Arep turu maneh angel, mripat mung kelop-kelop, nyawang plafon seng..

Aku jengkel nyang andhahanku, yen ngelingi sabene nate celathu :
’’Aman-aman wae kok Pak. Sing manggon sadurunge ora tau crita bab kuwi’’.
Aku kumudu-kudu ngelehake. Ananging bareng tak pikir jero, apa ora malah ngisin-isinake awakku dhewe yen tak critakake. Nelakake manawa awakku jirih lan cengeng.

Liya dina aku crita nyang sopirku, manawa ing wayah bengi ana swara dhog-dhog lan gludhug-gludhug banter banget. Ngeget-geti wong turu.
Celathune : ’’Paling niku swantene kucing uber-uberan ’’.
Yen nilik swarane banter lan abot, ora kira nek kucing. Rumangsaku kucing kuwi titahe Gusti Allah kang crewet, yen dhong uber-uberan mesthi nywara ngaong-ngaong..

Nalika istriku takon nyang pembantu, dheweke ora ngerti ngenani swara-swara kuwi.
Semono uga tukang kebun kang ora tau ngerti kahanan omahku ing wayah bengi.

Aku lan istriku tansah mikir lan golek sisik melik. Sakjane sing tansah ngeget-geti, agawe dhadha ndhrodog lan siyak-siyak kuwi apa. Yen upama makhluk kalebu kang kasar apa alus.
Saupama bangsa alus, nganti saiki kok ora tau ngetoki.
Yen bangsa kasar kalebu apa, apa kewan, kewan apa ? 

(Tutuge 5/8)

Sabtu, 28 Maret 2015

KAWIYAK - 3


Crita (33)
KAWIYAK (3) 
(Trilaksito Saloedji)

Wengi kapisan. Watara jam wolu bengi wis padha mapan turu. Awak kesel jalaran mau awan mentas boyongan, numpak kendharaan telung jam suwene. Leren sedhela banjur nata-nata bekakas omah. Kabeh angler olehe padha turu.

Tengah wengi aku digugah sisihanku. Kepeksa ngelekake mripat kanthi abot. Aku rada bingung, iki ana ngendi ?
Aku takon : ’’Ana apa Dhik ?’’
’’Aku krungu wong thothog-thothog’’ –
’’Endi ? Aku kok ora krungu ?’’
Sawise nata ambegan, istriku celathu : ’’Lha kae, swara dhog-dhog…..dhog-dhog….., mosok ora mireng ?’’

Aku nilingake, rumangsaku kuping wis tak bukak blak, ewasemono ora krungu apa-apa.
Bareng rada suwe lagi keprungu, ana swara kaya nuthuk apa ndhodhog, wis embuh apa arane. Pokoke ana swara. Sok-sok  keprungu sok-sok ora, kadhang banter, kadhang lirih.

Aku lan istriku kepeksa melekan. Anakku ragil isih angler, turu ing dhipan liya ananging isih sakamar. Dheweke durung gelem manggon ing kamare dhewe. Aku menyat saka paturon. Ditututi sisihanku, lengenku dicekeli.

’’Arep nyang endi ?’’ Aku ora mangsuli. Karo isih nilingake sangkane swara, aku mbukak lawang kamar alon-alon. Karepku arep nyang ngarep, sangkane swara thothog-thothog saka ngarep. Durung nganti metu saka kamar, krungu swara :
’’gludhug-gludhug gludhug-gludhug’’ banter kathik ndadak banget.  

Aku lan sisihanku kaget. Dheweke njerit : ’’Mas….!’’

(Tutuge 4/8)

KAWIYAK - 2



Crita (32)
KAWIYAK (2) 
(Trilaksito Saloedji)

Andhahanku manthuk karo celathu : ’’Sing manggon sadurunge ora tau crita bab kuwi.’’.

Dheweke tak jak niliki omah sing arep tak panggoni. Pekarangan ngarep amba. Saka lawang ngarep nganti pager pinggir dalan watara limalas meter. Ana dalan mecah pekarangan iki dadi loro. Dalan iki tumuju garasi ing sisih mburi. Ing pojok kiwa ana wit pelem gedhe. Semono uga ing sisih tengen, kira-kira umure sepuluh taunan. Liwat dalan mobil nyang mburi, aku mlaku urut kacang karo andhahanku. Ing sisih kiwa omah ana kolam iwak (patang kotak), ora kopen.

Andhahanku crita manawa sing manggon ing omah iki biyen seneng ngingu iwak lele lan liya-liyane. Samburine omah ana wit pelem loro, luwih gedhe/luwih tuwa tinimbang sing ana ngarep. Garis tengahe luwih saka saprangkulanku. Saliyane kuwi ana wit klampok (jambu air) sa-uwit. Ing sisih tengen omah ana pekarangan ora amba, ing kono uga ana wit pelem siji. Kira-kira olehe nandur sawise wit pelem sing ana pekarangan ngarep.

Aku ndhangak, nek wit-wit pelem iki nguwoh ndahiba senenge. Iki mbiyen sing nandur sapa, amale gedhe banget nyang wong sing manggon sawise dheweke. Muga-muga amale tinampa Gusti Allah, entuk pahala kanggo sangune ing akherat.

Aku lan andhahanku mlebu omah liwat lawang ngarep. Ing sisih kiwa ana ruwang tamu, sisih tengen arupa kamar. Saka lawang ngarep tembus memburi ana lompongan ambane kira-kira rong meter,  mangku kamar ing kiwa tengene. Memburi maneh ana ruwang makan lan ruwang kanggo santai. Ing sisih wetane ana jedhing lan lawang butulan menyang ruwang sepen kang amba, pawon lan gudhang.

Omah iki gedhe, bangunan zaman sadurunge perang donya kapindo. Pyan/plafone dhuwur, saka seng kandel. Ruwangane amba-amba. Senajan omah tuwa nanging isih pengkuh lan kopen.


Wengi kapisan. Watara jam wolu bengi wis padha mapan turu. (Tutuge 3/8)

KAWIYAK 1


Crita (31)
KAWIYAK (1) 
(Trilaksito Saloedji)

Pindhah pabrik wis dicepaki omah. Omahe gedhe madhep ngalor, pekarangane amba.
Magrong-magrong pinggir embong. Embong gedhe yaiku dalan jurusan Surabaya Banyuwangi.

’’Omahe wis kosong Dhik, enggal boyong’’, parentahe atasanku sing anyar.
Batinku : ’’Hiya kono kari ngongkon. Sing nglakoni iki. Rak isih butuh wektu kanggo mbungkusi barang-barang, sing cilik-cilik apadene sing gedhe. Bala pecah apadene bala sing mbregagah (lemari lan barang gedhe liyane). Banjur golek sewan truk lan wong sing usung-usung.
Sing rumit  kuwi ngelih sekolahe anak ragil. Aturane Diknas, yen pindhah antar Pemda Tingkat II, kudu laporan nyang kantor Surabaya’’.

Atiku krasa ana sing ngelikake. Wis diparingi kanugrahane Gusti Kang Murbeng Dumadi, diundhakake pangkat kok isih ngresula. Mbok aja kufur nikmat.
Aku sadhar, mula enggal matur :
’’Inggih Pak. Wiwit mbenjing kula siap dhines ing ngriki. Sawatawis dinten badhe nyipeng pesanggrahan rumiyin. Istri kersanipun ngurusi pindhahan sekolahipun anak kula saha ngringkesi barang-barang’’.

Pethuk andhahan sing kira-kira bisa tak ajak omong, aku banjur takon :
’’Yok apa critane omah sing arep tak panggoni Pak ?’’
Wangsulane : ’’Aman-aman wae Pak’’.
Celathuku : ’’Aman sing yok apa, karepku njaba-njerone terjamin aman tenan tah ? Dadi awak-awak nyambut gawe bisa tenang gak digandholi keluarga sing wedi ana omah’’.
Andhahanku manthuk karo celathu : ’’Sing manggon sadurunge ora tau crita bab kuwi.’’.

(Tutuge 2/8)

Jumat, 27 Maret 2015

IRAH - 16

IRAH - 16

CM/ J -  I R A H - 16
(Trilaksito Saloedji)

Para Pamaos.

Wengi iki dina pungkasan IRAH (Crita Misteri/ Jawa), sowan panjenengan.

Manawa ana salah luput, amarga :

*sowane diencrit-encrit
*ana kurang trepsilaning tembung
*alur critane kurang dimangerteni karepe
*wangsulan/balesan komentar ora nyenengake
*lan liya-liyane

Kepareng pangripta nyuwun gunging pangaksama. Muga panjenengan sami tansah kaparingan berkah, rahmat lan ridha Allah SWT.  Aamiin.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------

CM/ J -  I R A H - 16
(Trilaksito Saloedji)


Saben malem Minggu mesthi ana acara dansah ing societiet (Balai Pertemuan) samburine omah besaran.

Nalika aku isih laden, wira-wiri saka dhapur nyang ‘sus’  (Societiet) ngonangi Meneer Blast bali nyang besaran, banjur mlebu kamare Irah.  Lawang ditutup, metune aku ora weruh/                            

Meneer Blast wis kawentar seneng madon. Ananging aku nggumun lan lara ati yen Irah gelem tumindak maksiyat.
Wiwit kuwi rasa senengku nyang Irah,  tak pupus.

Nalika serdhadhu Jepang klakon ngambah tanah Jawa. Banjur ngebroki  pabrik iki.
Kedadeyane wayah sore, ujug-ujug besaran ditekani Jepang sapirang-pirang. Mlebu ruwang pating bedigas karo omong kang ora bisa dimangerteni.

Meneer karo Mevrouw ditangkep, embuh terus digawa nyang endi. Bareng weruh Nonik Marice ing kamare, polah tingkahe serdhadhu-serdhadhu kuwi kaya kumpulane asu ajak kang arep mbrangkot daginge.
Opsire kang meruhi kedadeyan iki, menggak kekarepane anak buahe. Nanging apa bedane Opsir utawa prajurit yen napsune wis padha dikuwasani setan.

Meruhi kedadeyan momongane dirodhapeksa, Irah ora narimakake. Mberot abela Nonik Marice. Ananging sepira banggane wong wadon mungsuh serdhadhu samono kehe. Malah dheweke dilarak didhabyang-dhabyang, banjur diglandhang  liwat samburine besaran menyang pasanggrahan.
Sateruse ............. Irah ora kinawruhan nasibe.

Piyayi sepuh kuwi banjur meneng, ndhingkluk. Tak sawang mripate mbrabak ngetokake luh. ‘’Manawa kelingan kedadeyan wektu semono, banget nggegirisi. Gawang-gawang katon nglega ing mata, njangget ing ati.

Yen banjur ana crita, jare ana medi ngaku jenenge Irah, ................ aku ora ngerti’’.* (Cuthel)


(Songgolangit – 18/02/12)

IRAH - 15



CM/ J -  I R A H - 15
(Trilaksito Saloedji)

Unine suling pabrik kanthi swara seru cumengkling, nyigeg batinku.  Sawise kanca-kanca masinis ngringkesi buku-buku lan sapanunggalane, banjur menyat bebarengan mulih.

Ing dina Minggu, sawise isya’, aku dolan nyang pasanggrahan. Arep nagih janji nyang Bu Amin. Jare yen aku wis boyongan, arep dicritani prakara kang nyalawadi ing pasanggrahan iki.
 Jare Bu Amin, sing ngerti malah Pak Eno. Sarehne Pak Eno wektu iku isih ana pasanggrahan, mula aku takon ngenani jeneng ‘Irah’ nyang Pak Eno.

Bengi kuwi Pak Eno banjur ngejak aku nyang omahe bapake ing Kutha Wetan. Ing omah gebyok lawas iku aku dikenalake nyang bapake. Piyayine sepuh, umure wis sewidak siji.
Sawise crita ngalor ngidul, banjur nyritakake pengalamane wektu isih enom nalika nyambut gawe ing besaran. 

’’Tahun telung puluhan aku wis nyambut gawe. Dadi pelayan ing omah besaran. Wiwit taun 1937  pabrik iki dipimpin Meneer van der Blast. Priya gedhe dhuwur, ora patiya galak, nanging pegawaine kudu ngugemi aturan kang ketat. Aku bisa ngladeni dheweke lan keluwargane.

Istrine jenenge Mevrouw Margaret, duwe anak wadon umur rolas taun jenenge Mary, julukane Marice. Keluarga mau duwe pembantu kang banget ditresnani, celukane : ‘Rah’.

Nanging omong nyang aku jarene jenenge ‘Irah’. Umure Irah kira-kira isih wolulas taun. Bocahe ayu, kulite kuning resik. Awake mrusuh, sedhet.  Upama kembang lagi mekrok aganda arum. Aku ketarik karo dheweke. Wektu kuwi aku isih lanjar.

Jarene wiwit cilik Irah melu  Mevrouw Margaret. Sawise Mevrouw Margaret duwe anak, Irah momong Marice wiwit bayi. Kahanan rumah tangga ing besaran, katon ayem tentrem.
Sanajan ngerti polah-tingkahe sing lanang kang seneng madon, ananging  Mevrouw  Margaret ora tau nggape, ora tau ngurus. Kabare Meneer Blast sering sesambungan karo bojone pegawai Landa apadene sing pribumi.

Saben malem Minggu mesthi ana acara dansah ing societiet (Balai Pertemuan) samburine omah besaran.

(Tutuge 16/16)

IRAH - 14


CM/ J -  I R A H - 14
(Trilaksito Saloedji)

Wanita kang manis, ambune wangi nduleg irung kuwi, nyedhaki aku. Ngomong alus ngrayu nggugah birahiku.

Wiwitane aku meh kelu, arep nglanggati kekarepane. Ananging amarga wis dadi kamantepane niyat jroning atiku wiwit biyen mula, ora arep sesambungan asmara saliyane karo bojoku, dheweke tak tulak kanthi kasar. Sajake pikiranku isih setengah sadar manawa kedadeyan iki ora sabaene.

Kawetu omonge : ‘’Aja nyebut aku ‘Irah’, nek aku ora bisa nandangi kowe, titenana!’’

Sawise kuwi kedadeyan pancakara nganti suwe. Gegeman tangan lan sepakan sikilku mung oleh angin. Nanging dheweke bola-bali bisa nglarani aku. Aku wis lempe-lempe nalika dheweke njunjung awakku, embuh digawa nyang endi. Rumangsaku aku dibrukake mengisor’’.  

Pak Maruta mungkasi critane mangkene :
’’Kaya ubale geni kang  kesiram lenga, utawa kaya mletike walang lan abure manuk. Kedadeyan kang dialami Pak Doding sumebar dadi crita kanthi cepet. Dirungu wong akeh nganti tekan saparan-paran. Dadi pocapan lan critane karyawan pabrik. Dalah dadi kembang lambene wong-wong sanjabane pabrik’’.

Aku banjur celathu : ’’Kira-kira sing ngetoki aku apa ya si Irah kuwi ? Kepiye mula bukane Irah nganti dadi dhemit ?’’
Ana sing nyauri : ’’Ya embuh Pak, takokna ae nyang Pak Eno bek-e weruh, wong dhek-e  wis suwe nyambut gawe ing pasanggrahan’’.

Nalika aku lagi mbatin : ’’Kok takon Pak Eno ?’’ Aku banjur kelingan.  Oo hiya, Pak Eno nate crita manawa wis nyambut gawe ing pasanggrahan wiwit tahun 1959. Dheweke uga crita ngenani bapake sing tau nyambut gawe ing besaran’’.

Unine suling pabrik kanthi swara seru cumengkling, nyigeg batinku.  Sawise kanca-kanca masinis ngringkesi buku-buku lan sapanunggalane, banjur menyat bebarengan mulih.

(Tutuge 15/16)

IRAH - 13


CM/ J -  I R A H - 13
(Trilaksito Saloedji)

Weruh sing ngglethak Pak Doding, kabeh padha geger. Ibu kang ngurus pasanggrahan mireng swara rame-rame, enggal tindak nyang ngarep ditutake pelayan pesanggrahan.

Pak Doding wis sadhar, sambat awake lara kabeh, arep nangekne awake dhewe ora bisa. Banjur didabyang-dabyang wong lanang papat. Pamrayogane  Ibu pengurus pasanggrahan, Pak Doding diturokake ing kamar sacedhake kamar makan dhisik. Pak Doding ditakoni durung bisa semaur kanthi cetha. Dheweke mung pringas-pringis kelaran. Pelayan pesanggrahan ngaturi Pak Mantri klinik pabrik. Karyawan sing padha arep sarapan, enggal sarapan banjur budhal nyang pabrik utawa kantor. Pak Doding banjur direksa Pak Mantri Klinik lan  Ibu pengurus pasanggrahan.

Sawise rada sareh Pak Doding banjur crita :
’’Omongku pancen rada songar. Kanca-kanca padha kuwatir manggon ing pasanggrahan kang jarene angker. Aku ora seneng. Karepku kareben kanca-kanca padha tenang, ora giris ngadhepi kanyatan. Aku banjur sesumbar : -‘Endi ana dhemit wani mencungul ing pasanggrahan kang padhang iki. Ora-orane nek Doding tinggal glanggang colong playu yen mung ngadhepi bangsane bekasakan omahan ngene ae’-’’.

Wayahe turu, aku mlebu kamar. Oleh kamar ijen kanggoku ora dadi apa, malah kebeneran bisa luwih bebas. Sadurunge turu aku kulina maca sinambi lungguh ing kursi. Mengko yen wis arip tenan lagi ngglethak ing dhipan.

Sawise kuwi aku ora kelingan. Apa aku wis turu apa durung. Apa sadhar, apa ngimpi. Apa isih lungguh ing kursi, apa wis mapan ing dhipan.
Ujug-ujug ing ngarepku ana pawongan wadon, merak ati, kanthi sandhangan putih.

Wanita kang manis, ambune wangi ndulek irung kuwi nyedhaki aku. Ngomong alus ngrayu nggugah birahiku. *

(Tutuge 14/16)

IRAH - 12



CM/ J -  I R A H - 12
(Trilaksito Saloedji)

Guyune jan medeni......... Nalika aku noleh, wanodya ayu kang merak ati mau, malih rupa nggegirisi........ Ngguyu ngakak ......,  banjur ngilang .......’’.

*

Sarampunge critane Mas Gadhi, swasana ruwang instalasi malih sepi. Kira-kira kabeh nyoba ngenam pikirane dhewe-dhewe.

Nuli keprungu Pak Maruta, masinis wis rada sepuh, ngendika : ’’Wis padha krungu critane Pak Doding ?’’ Kabeh omong yen durung.

Banjur pawongan kang sawatara taun maneh arep pensiun kuwi crita :
’’Ing wulan Januari taune aku lali, ana mutasi gedhen-gedhen. Pabrik kene nampa pindhahan karyawan cacahe papat. Sadurunge oleh omah dhines, padha ngineb ana pasanggrahan. Ing antarane wong papat mau, sing siji jenenge Pak Doding. Pawakane gedhe kiyeng, sipate  rada kemaki. Yen omong-omongan ora gelem diungkuli apamaneh yen dipaido.  Dheweke ora patiya
disenengi wong sa-pasanggrahan, amarga ora gelem nguwongake uwong. Krungu crita yen pasanggrahan kene kuwi angker, dheweke ora percaya.

Karo ndegeg lan nebah dhadhane, dheweke sumbar ing ngarepe kanca-kancane :
’’Endi ana dhemit wani mencungul ing pasanggrahan kang padhang iki. Ora-orane nek Doding tinggal glanggang colong playu yen mung ngadhepi bangsane bekasakan omahan ngene ae’’. Liyane meneng. Ora ana sing wani nyaruwe.

Esuke, para karyawan kang nginep ing pasanggrahan mudhun nyang kamar makan arep sarapan. Sawise kuwi terus budhal makarya. Durung nganti tekan undhak-undhakan ngisor dhewe, kabeh padha kaget. Meruhi  ana wong gedhe dhuwur ngglethak ing jobin kapernah sikilane undhak-undhakan.

Weruh sing ngglethak Pak Doding, kabeh padha geger. Ibu kang ngurus pasanggrahan mireng swara rame-rame, enggal tindak nyang ngarep ditutake pelayan pesanggrahan.

(Tutuge 13/16)

IRAH - 11

IRAH - 11

CM/ J - I R A H - 11
(Trilaksito Saloedji)

’’Ya .......ngertiya dhewe .....’’, wangsulane saya nggladrah karo klecam-klecem. Liyane ngguyu, nggumun weruh wong kok jan ndableg tenan.

Kocapa esuke Kaelan ora bisa mlebu kantor. Ngathang-athang ing dipan. Jarene awake panas lan lara kabeh, diobahake sithik wae krasa lara banget. Ana sing celathu :
’’Mau bengi sadurunge kowe turu tak sawang awakmu sehat, kok bisa lara ngene iki critane piye ta Lan ?’’ Karo turon dheweke crita :

’’Bar gojegan mau bengi aku rak mlebu kamar. Lungguh ing kursi, maca majalah. Yen ora kleru aku maca crita cekak. Nyritakake sesambungan katresnan, antarane jalu lan wanita. Sing lanang
dicritakake rada cidra ing janji, diparani dening sing wadon. Antawacana kalorone muyeg banget, pokoke jan nengsemake. Aku krasa arip, klakepan. Ora krasa yen majalah sing tak waca ceblok saka tanganku. Weruh-weruh ing ngarepku ana wanodya enom ayu, pawakane kuning mrusuh, sandhangane putih, mesem ngujiwat. Nyedhaki aku, saka lambene kang mranani ati, kewetu tembunge manis :
’’ Mas, jare awake kesel, ayo tak pijeti.’’.

Rumangsaku aku ngranggeh wanita kuwi, jawaku arep tak rangkul. Nanging dikipatake karo kandha mesra :  ’’Ayo tak pijeti dhisik’’. Kaya bocah kang manut marang wong tuwane, aku murep ing dipan karo celathu : ’’Bar dipijeti, terus…?’’. Wangsulane kenes : ’’Sembarang’’. 

’’Sapa jenengmu ?’’, pitakonku.  Dheweke kandha yen jenenge ‘Irah’.  Tangan lumere wanodya iku mijeti saranduning badanku. Krasa kepenak, setengah liyer-liyer pikiran nakalku mbayangake ndah iba yen bar mijeti aku, wanodya iki banjur gelem tak keloni. Pijetane saya suwe saya antep, saya antep. Aku krasa kelaran. Aku jelih-jelih. Arep tangi ora bisa. Keprungu guyune kang renyah. Aku kelaran tenan, sambat-sambat. Guyune malih kaya wong kang ngece marga aku kelaran.

Guyune jan medeni......... Nalika aku noleh, wanodya ayu kang merak ati mau, malih rupa nggegirisi........ Ngguyu ngakak ......,  banjur ngilang .......’’.

(Tutuge 12/16)

IRAH - 10

IRAH - 10

CM/ J - I R A H - 10
(Trilaksito Saloedji)

Mas Adji banjur nyaut : ’’Yu Rah genah wedi karo Pak Tri. Kene Dhik pinarak !’’.
Aku lungguh kursi ing ngarepe Mas Aji.

Rada nyandhak apa sing diomong. Mula celathuku :
‘’Oo dadi Mas Aji ora nginep pasanggrahan amarga Mbakyu Aji cemburu karo Yu Rah ta ?’’
 Kabeh padha ngguyu ger-geran krungu sentilanku kuwi. Mas Aji mung mesem, praupane rada mbrabak semu abang.

Mas Aji  takon, apa  nalika aku nginep pasanggrahan ana sing ngganggu ? Aku crita apa anane. Saben tengah wengi ana sing nothog lawang kamar. Aku tau kecelik, nalika lawang tak bukak jebul codhot-codhot nabrak lawang. Tau tak konangi, nalika kordhen tak bukak kanthi ndadak, ing njaba katon regemenge wong wadon sakeplasan.

Aku nuli takon : ’’Sakjane ing kono apa ana sing nyalawadi ta Mas ?’’
’’Wiwit mbiyen akeh sing crita manawa pasanggrahan pabrik iki angker. Wong-wong banjur nambah-nambahi apa sing dirungu. Critane digedhek-gedhekake. Nyatane akeh sing tau nginep kono ya waras-wiris ora keweden,  contone kaya slirane ta  Dhik’’.

Mas Gadhi pawongan sing dikenal ‘meneng’ banjur celathu :
’’Pancen ana crita sing ‘dramatis’ Mas, kedadeyane wis rada suwe. Ana karyawan anyar telu ditugasake ing pabrik kene. Sawatara dina isih manggon ing pasanggrahan. Ing antarane ana sing jenenge Kaelan. Pawongan kang sugih wicara, yen omong plas-plos kaya ora dipikir luwih dhisik. Yen tumindak, sakepenake dhewe.

 Ing sawijining bengi omong karo kanca-kancane :
’’Walah nyambut gawe kok dipapanake ing ndesa sepi banget. Kapan bisane oleh pacar ?’’
Kancane nyauri : ’’Terus nek wis oleh pacar arep mbok kapakake ?’’
Dhasar Kaelan, wangsulane ya nggladrah : ’’Mumpung saiki awakku kesel ya tak kongkon mijeti’’. Ana sing nyaut : ’’Bar mijeti?’’

’’Ya ..... ngertiya dhewe ......’’, wangsulane saya nggladrah karo klecam-klecem. Liyane ngguyu, nggumun weruh wong kok jan ndableg tenan.

(Tutuge 11/16)

Kamis, 26 Maret 2015

IRAH - 9


CM/ J 
I R A H - 9
(Trilaksito Saloedji)

Aku krasa manawa pitakonan-pitakonane wong papat kang njelehi kuwi, mesthi ngandhut prakara kang nyalawadi.

Sawise mangan awan, aku pamit nyang Pak Amin karo Bu Mari, arep bali sambang anak bojo. Pisan gawe nyiapake boyongan ing dina Selasa candhake. Dadi aku ora ngineb ing pasanggrahan iki maneh.

Celathune Bu Mari : ’’Yen olehku ngladeni dhaharan ana kesalahane, aku njaluk sepura ya Dhik’’. Aku manthuk. Durung nganti mangsuli, keprungu swarane Pak Amin :
’’Awake kalebu wong sing tatag lan kendel lho Dhik, nginep ijen ing kamar pasanggrahan’’.

Aku enggal takon : ’’Sakjane ing kene ana bab nyalawadi apa ta Pak, mbok aku dicritani’’.
Sing nyaut malah Bu Mari : ’’Wis Dhik saiki kondur dhisik bae, mengko yen wis boyongan dolana mrene, crita-crita sing jenak. Wong aku karo sisihanku ya durung suwe ana kene, kabeh sing tak rungu dhapur crita lan jarene. Sing ngerti malah Dhik Aji karo Pak Eno’’.   

Batinku : ’’Mas Aji karo Pak Eno ?’’ Aku tolah toleh mbokmanawa ing ruang iki ana Mas Aji lan Pak Eno. Ya genah wong loro kuwi ora ana. Wong Mas Aji mau wis mulih ndisiki. Dene Pak No mau kepethuk aku ing ngarep pabrik, jare arep layat tanggane.

*

Ing sawijining awan, sawatara dina sawise boyongan. Aku  arep laporan nyang bagian instalasi. Ana stop kontak rusak lan kran banyu macet (ing omah kang tak enggoni) sing perlu didandani. Aku mlebu kantor instalasi. Ing kono ketemu Mas Aji lan sawatara kanca masinis sing wis wanuh karo aku.

Durung dipinarakake lungguh ing kursi, wis ana kang celathu : 
’’Piye Mas, apa wis pethuk karo Yu Rah ?’’
Liyane padha ngguyu. Aku plengah-plengeh, mesem,  durung ngerti jluntrunge omongan. Sapa Yu Rah kuwi.

Mas Adji banjur nyaut : ’’Yu Rah genah wedi karo Pak Tri. Kene Dhik pinarak !’’.
Aku lungguh kursi ing ngarepe Mas Aji.

(Tutuge 10/16)

IRAH - 8


CM/ J 
I R A H – 8 
(Trilaksito Saloedji)

Bareng tak setitekake ing petenge wengi iki, akeh codhot miber pating bleber ing sakiwa tengene wit woh-wohan. Bisa uga codhot-codhot kuwi olehe miber nganti nabrak-nabrak.

Lawang tak tutup, aku bali mapan turu maneh. Tengah wengi aku nglilir, krungu lawang dithothog  alon. Aku ndeleng arlojiku ing ngisor bantal, jam setengah loro. Thothogan lawang isih keprungu, luwih banter katimbang mau.

Batinku, yen iki genah dudu codhot kang nabrak lawang. Aku ngucapake dzikir, nyuwun pangayoman Gusti Allah Kang Maha Welas Asih. Banjur menyat alon-alon, nyedhaki jendhela.

Tanganku ancang-ancang arep narik kordhen kanthi cepet.
Yen pancen ing njaba ana uwong, supaya wong kuwi kaget.

Kordhen kanthi cepet tak tarik, mripat maspadhakake kahanan. Katon ana wewayangane wong wadon kumlebat. Nalika mripatku kedhep, wewayangan mau wis ora ana.

Githokku mengkorog. Kordhen enggal tak tutup maneh. A’uudzubillaahi minasy syaithonnirrajiim. Aku menyat nyang jedhing, wudhu, banjur shalat.

Nalika jam setengah enem esuk Pak Eno  arep  njupuk baki lan liya-liyane.
Dheweke uluk salam lan takon : ’’Kados pundi, Bapak saged sare kanthi sekeca ?’’
Wangsulanku karo mesem : ’’ Hiya Pak Eno, apa maneh mau bengi kamare wis disemprot, dadi turuku saya angler’’.

Enem dina ngineb ing pasanggrahan. Wiwit dina Minggu malem Senen nganti Jum’at malem Sabtu. Rasane wis suwe banget.
Kegiatan lumaku kanthi ajeg. Saben jam setengah enem esuk Pak No mlebu kamar, njupuk baki lan sapanunggalane. Dheweke mesthi takon, apa olehku turu kepenak.
Ketemu Pak Amin lan Bu Mari ing ruwang makan, mesthi nakokake olehku turu dhek bengine. Esuk mlebu kantor, banjur nyang kebun, awan nyang kantor maneh. Mulih ketemu Mas Aji ing pasanggrahan, sing ditakokake dhisik mesthi ngenani turuku mau bengi.

Aku krasa manawa pitakonan-pitakonane wong papat kang njelehi kuwi mesthi ngandhut prakara kang nyalawadi.

(Tutuge 9/16)

IRAH - 7


CM/ J 
I R A H – 
(Trilaksito Saloedji)

Saka mburi ana priyayi putri nyang ruang makan. Aku ora pangling maneh karo Bu Amin, wong yen taksasi ya mesthi ketemu karo ibu-ibu bageyan tanaman sing nyediyani dhaharan.

Sawise sarapan, pitakonane Pak Amin karo Bu Mari padha :
’’Kepriye mau bengi bisa sare ta Dhik ?’’
Tak hiyani bae, sanajan nyatane ana gangguan thothogan lawang lan wewayangan ing teras rupa
wong wadon kang ora jelas blegere.

Sawise mulih saka dhines, mangan bebarengan karo Mas Aji.  Pitakone Mas Aji :
’’Mau bengi sarene kepenak ta Dhik ?’’. Aku nggumun, wong papat kok padha nakokake anggonku turu mau bengi. Pitakonan kaya ngene iki apa klebu pakem subasita kang kudu dicakake ing madyane bebrayan ? Sajake kok ana sing nyalawadi.

Sadurunge aku mangsuli, Mas Aji celathu : ’’Aku mengko ora ngineb kene lho Dhik’’.
’’Kena apa ?’’, pitakonku ana rasa gela.
Sabanjure : ’’Apa ora sayah nduduk esuk sore ?’’
’’Ya sayah sithik, lha piye wong sisihanku ngakon aku mulih bae’’

Aku ora bisa komentar. Yen aku melu-melu nduduk, saben dina kudu nempuh dalan dohe pitung puluh kilometer ping pindho. Apa maneh aku durung duwe kendharaan rodha papat, rak ya dadi lara kabeh, awake lan dhuwite.

Malem DINA KAPINDHO.
Sawise jagongan karo Pak Amin ing ruang tamu nganti jam setengah sepuluh bengi, aku pamit arep turu. Rumangsaku turu durung suwe, krungu lawang dithothok saka njaba. Bareng lawang tak wengakake. Ora ana sapa-sapa. Nanging ana ngarep lawang ana sawatara jambu klampok kang ora wutuh.

Bareng tak setitekake ing petenge wengi iki, akeh codhot miber pating bleber ing sakiwa tengene wit woh-wohan. Bisa uga codhot-codhot kuwi olehe miber nganti nabrak-nabrak.

(Tutuge 8/16)

IRAH - 6


CM/ J 
I R A H – 6 
(Trilaksito Saloedji)

Ah embuh kono, aku turu miring, bantal tak tutupake sirah. Jebul sawise kuwi ora bisa turu maneh. Ndeleng arloji, isih jam siji. Aku menyat nyang jedhing, wudhu.

Metu saka jedhing aku mbatin, tibake kordhen kamar durung tak tutup. Mlaku tumuju jendhela, arep nutup kordhen. Aku njegreg mandheg sakala. Saka walike vitrase katon regemenge wong wadon ing teras. Bareng tak cedhaki lan taktamatake, sakala ilang plas. Githokku mengkorog, awakku mrinding. Tujune ora semaput. Kordhen enggal tak geret, nutupi vitrase.

Nanging ana tandha pitakon lan rasa wedi mrasuk sarandhuning badan. Apa mau aku ora salah deleng. Lambeku ndremimil, dzikir, banjur shalat wengi. Sawise kuwi bisa turu nganti ngarepake subuh.

Setengah enem esuk krungu lawang dithothok. Lawang tak wengakake. Pak Eno uluk salam karo mesem weruh aku wis rapi nganggo pakaian dhines. Dheweke celathu :
’’Sugeng enjing Bapak, pangapunten kalawau dalu kula kesupen nyemprot kamar. Mbokbilih sare panjenengan mboten jenak awit keganggu saking nyamuk’’.
’’Ora kok Pak Eno, aku bisa turu kepenak’’.
’’Dhahar sarapan sampun cumawis Bapak’’
’’Kesuwun Pak Eno, sedhela maneh aku mudhun’’

Tekan ruwang makan kepethuk  Pak Amin. Panjenengane rikala samana ngasta ing bageyan tanaman, dadi sinder ing pabrik liya. Salaman lan rerangkulan gapyuk. Umume para sinder pancen kemraket. Sanajan arang ketemu, aku ora lali marang salirane. Ketemune yen padha entuk tugas melu ’’Taksasi Hasil Tebu’’ setaun sepisan ing pabrik-pabrik gula.
’’Awake mutasi rene ta Dhik ?’’, pitakone.
Wangsulanku : ’’Hiya Pak, lha panjenengan kok ana kene?’’
’’Aku rak wis pensiun, saiki ngetutake sisihanku sing makarya ing kene ngurusi pasanggrahan’’
’’Oo, sing asmane Bu Mari kuwi Bu Amin ta ?’’ Pak Amin mung manthuk lan mesem.

Saka mburi ana priyayi putri nyang ruang makan. Aku ora pangling maneh karo Bu Amin, wong yen taksasi ya mesthi ketemu karo ibu-ibu bageyan tanaman sing nyediyani dhaharan.

(Tutuge 7/16)

IRAH - 5


CM/ J 
I R A H – 5 
(Trilaksito Saloedji)

Pepuntoning atiku, yen karepe dheweke ngadeg bae ya wis  kareben, kira-kira dheweke nindhakake profesine salaras karo ‘’S.O.P’’ (Standard Operating Procedure) ndhuwurane.

Sawise ngresiki meja makan, tugase Pak Eno rampung. Crita nyang aku, biyasane dheweke terus mulih. Ananging bengi iki diweling Bu Mari supaya ngenteni tekane. Kebeneran, aku lan dheweke banjur bisa jagongan. Tak takoni asal usule nganti bisa makarya ing pabrik iki.

Dheweke ora kabotan, banjur crita :
’’Bapak kula nate cariyos, bilih wiwit enem nyambut damel ing pabrik menika. Dados pelayan ing “besaran” (omahe administratur/pemimpin pabrik gula). Rikala serdhadhu Jepang dumugi pulau Jawi ing  taun 1942, lajeng ngebroki pabrik. Nangkepi tiyang-tiyang Walandi jaler istri, enem sepuh, kerig-lampit mboten wonten ingkang kececer. Wonten ingkang lajeng dipun kunjara, wonten ingkang dipun pejahi ngenggen.  Kalebet Besar/Pemimpin pabrik mriki saha istrinipun dipun tangkep Walandi. Pembantunipun dipun pejahi awit ngalang-alangi serdhadhu Jepang ingkang badhe ngrodha peksa putrinipun Besar Pabrik mriki.

Sasampunipun Perang Kemerdekaan, Bapak  kula taksih saged nyambut damel malih ing pabrik, ngantos pensiun ing taun 1968. Kula wiwit mlebet pabrik tahun 1959, dipun angkat dados ’’karyawan paste’’ (karyawan tetap) ing taun 1962’’.
  
*
Jam sanga bengi aku wis ngantuk. Pamit Pak Eno arep turu jalaran sesuk esuk  jam setengah pitu wus kudu mlebu kantor. Tekan kamar reresik awak, salin piyama. Lampu kamar tak pateni, lampu ndhuwur washtavel kamar tak uripake. Amarga Watt-e cilik sunare  mung remeng-remeng ngrenggani kamar.

 Tengah wengi krungu lawang kamar dithothog. Aku nglilir, tak rungokake pancen lawang kamar iki sing dithothog. Mosok Pak Eno tengah wengi rene, apa perlune ?

Ah embuh kono, aku turu miring, bantal tak tutupake sirah. Jebul sawise kuwi ora bisa turu maneh. Ndeleng arloji, isih jam siji. Aku menyat nyang jedhing, wudhu.

(Tutuge 6/16)
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...