Dening : Trilaksito Saloedji
Serbung pabrik muni gantas,
dikembangi swara santer gemrubuge angin wengi saka gumuk kidul. Jam sewelas
bengi karyawan ploeg sore mulih, diganti sing dhines bengi nganti esuk. Gino
metu saka stasiun gilingan, tekan regol pabrik wiwit kelingan maneh nyang
bojone. Yen wis
mangkono ing atine mung ana rasa sedhih. Lakune diseret mulih tanpa rasa.
Sakjane wis
meh pendhak setaun sing wadon tinggal donya. Ananging saka derenging rasa
tresna, isih tansah katon-katonen praupan lan blegere Suminem. Yen kelingan
ngono kuwi rasa susahe ora bisa sinamudana. Praupan cowong, awak rasane
lungkrah, nglentruk tanpa greget. Adate yen dheweke mulih tengah wengi ngono
kuwi bojone sing mbukakake lawang. Sanajan katon ngantuk nanging isih nyuguhi
esem nyang sing lanang. Banjur nyepaki ngombe anget. Sewu kesele raga sanalika
sirna.
Saiki dheweke nggawa kunci omah
dhewe, ben ora mbribeni adhi lan anak-anake. Wengi kuwi lampu ruwang tamu isih
murup. Nalika ngengakake lawang, katon Sumini lungguh ing kursi tamu, lagi
ngrenda.
’’Durung turu ta Nduk ?’’, pitakone Gino nyang adhine karo
mapan lungguh ing ngarepe. Gino biyasa ngundang nganggo tembung Nduk,
jalaran Sumini wiwit umur nem taun wis melu dheweke.
’’Durung Kang’’, wangsulane Sumini karo menyat ngladekake
wedang anget karo pohung lan gedang goreng kanggo kakange. - ’’Iki mau Gito
pamit nyang omahe Manto’’. Wangsulane Gino : ’’Ya wis
ora usah dienteni, tinggalen turu’’
-’’Sik tak nutugake sedhela, wis
meh mari kok Kang. Sesuk tak terake nyang Bu Jendro’’. Sumini lungguh ing
kursine sakawit, driji-driji tangane kanthi trampil ngobahake benthel lan
benang bol putih.
Gino nyawang adhine. Sing
disawang ora ngerti. Pikirane Sumini
malah nyang pesenane garwane pimpinan pabrik. Yaiku rendan taplak meja
kanggo meja makan bunder kanthi garis
tengah siji setengah meter. Gaweyan sing ora baen-baen. Gino
mbatin, bareng dhiwasa bocah iki
kasinungan praupan ayu lan manis. Sawise lulus SMU Sumini ora bisa nerusake
kuliah, jalaran Gino rumangsa ora kuwagang mbandhani. Anake dhewe loro ya
nedheng-nedhenge mbutuhake ragad. Gito kelas siji SMU lan Sumi klas loro SMP.
Sumini banjur melu kursus jahit-menjahit. Saiki wis
bisa nampa jahitan, malah asil karyane ngrenda
taplak meja lan liya-liyane wis
kawentar ing lingkungan keluwarga karyawan pabrik.
Nalika Gino lan Suminem lagi
sawatara wulan omah-omah, ibune Suminem tilar donya. Suminem duwe adik isih
cilik jenenge Sumini, banjur diopeni. Wektu kuwi Sumini arep mlebu SD. Mula
tangkepe Gino nyang Sumini kaya anake dhewe. Sawise omah-omah rong taun Suminem
nglairake Gito. Rong taun candhake Sumi lair.
Sawise ditinggal mati Suminem,
sakjane urusan omah panggah tumata kanthi becik, jalaran Sumini wiwit cilik wis dipredi gaweyan omah
karo mbakyune. Anak-anake ya raket lan tresna nyang bulike nganti seprene.
’’Mau Bardi rene’’, celathune
Sumini karo isih mbenthel. Sinambi mangan gedhang goreng Gino mangsuli :
’’Bocah kuwi rupane seneng karo kowe’’. Sumini ora mangsuli. – ’’Lha kowe piye
?’’ Sawise meneng sawatara Sumini lagi mangsuli : ’’Aku wegah’’. Gino nyawang
adhine. Yen mrengut bocah iki malah luwih katon manise. Pikiran sing neka-neka
enggal dikipatake. Sirahe nyawang plafon, cecak-cecak padha uber-uberan, banjur
mlayu nyang tembok sisih ndhuwur, ing mburi palungguhane Sumini. – ’’Kok wegah
keneng apa ? Kowe bocah wadon lho Sum, kudu mikir omah-omah.. Ketoke bocahe ya
apik, ketok sopan’’
-’’Apik apane, sopan apane, hiya nek ana ngarepe Kakang’’.
Sumini mrengut. – ’’Terus nek aku ora ana ?’’, pitakone Gino nlesih. –
’’Cluthak !’’, wangsulane Sumini sengit. Gino coba ngrames apa sing dikarepake
adhine. Arep nerusake pitakone ketoke Sumini mangkel banget. Gino kuwatir yen
adhine saya pegel amarga pitakon-pitakone. Mula milih meneng. Celathune Sumini anyel
: ’’Coba ta Kang, wektu ngejak ndeleng royalan kepungkur kae. Ee malah ngejak
nyang pinggir-pinggir sing sepi lan adoh saka sorote lampu, tangane
nggrathil’’. Gino ambegan landhung. Rada ngerti apa kang dikandhakake adhine
mau. Batine : ‘’Bocah iki sajake isih sumengit. Sakjane nek ngukur umure ya wis pantes rabi, wong
mbakyune biyen dirabi umur rong
puluh taun. Dadi luwih enom timbang Sumini wektu iki’’. Gino
meneng, yen omong kuwatir ora nyenengake adhine. Malah rupane Sumini dhewe sing
isih kemropok, banjur wadul : - ’’Coba ta Kang, wiwit teka mau dheweke kaya duwe sedya ala. Takon
Kakang ana apa ora. Ya tak wangsuli nek nyang pabrik. Banjur dheweke omong, kok
sepi. Tak wangsuli, hiya. Kamangka bocah-bocah ana kamare’’. Gino sabar
ngrungokake, apa kang diwadulake.
’’Aku ya mbenthel kaya saiki iki. Dheweke ngejak metu nyang
kutha, aku wegah. Jarene, malem Minggu kok ana omah bae. Dheweke meksa, aku
panggah wegah, wong Kakang ya nyambut gawe, sapa sing ngancani Sumi ing omah.
Dheweke banjur ngendhokake niyate, terus jagongan kaya iki. Sawise tolah-toleh
nuli njejeri aku. Aku wis
krasa ora kepenak. Bocah iki duwe niyat neka-neka. Tenan, tangane nggrathil,
banjur mikut aku nyoba ngambungi. Aku jelih-jelih, benthelku tak jojohake nyang
lengene. Aku uwal saka cengkereman tangane, nuli tak kampleng. Merga krungu
rame-rame, Gito metu. Dheweke weruh nalika aku ngampleng raine Bardi. Karo
ngomong sorry Bardi pamit mulih, kisinan’’.
Ana swara lawang dithothok. Gino
mbukakake lawang. Gito mlebu ditakoni bapake : ’’Saka ngendi Le, kok nganti
bengi ?’’ – ’’Nyang omahe Manto, internetan, ana tugas saka guru’’, wangsulane
santai. Sumini nywara : ’’Galo takonana Gito, dheweke nyekseni pokal bejate
Bardi’’. Aku noleh nyang Gito. Dheweke crita : ’’Krungu Lik Sum jelih-jelih aku
gage metu saka kamar. Lik Sum pas ngampleng raine Bardi. Aku panggah ngadeg ing
kene nganti dheweke mulih kanthi klincutan. Jare kanca-kancaku, bocah kuwi
urakan kok Pak, ora kuliah ora nyambutgawe. Nek bengi gaweyane mabuk-mabukan
neng buk wetan rel kae lho Pak’’. Gino unjal ambegan landhung karo mbatin :
’’Mesakake nasibmu Nduk, disenengi bocah gak genah’’, banjur celathune : ’’Ya wis bener sikepmu Nduk,
sateruse sing ngati-ati’’. Jam rolas bengi Sumini ngrampungi olehe mbenthel,
terus pamit turu. Gito mlebu kamar. Bapake panggah lungguh dhewe ing ruwang
tamu. Pikirane ngenam kedadeyan kang ana gandheng cenenge karo Sumini.
*
Sawise lulus SMU Sumini dicedhaki
Kusnarto kakak kelase let rong taun.. Bocahe bagus, apik, sopan, katon nek isih
lugu. Dheweke kandha kuliah ing Uned Jember. Sawise crita, tibake
putrane Pak Kus staf bagian tanaman. Pak Kus ya ngerti nek
putrane asring dolan nyang omahe Sumini.
Saben malem minggu mesthi apel. Gino tau takon : ’’Saben minggu mulih ta Mas
?’’. wangsulane rada isin-isin : ’’Enggih’’. Pak Kus tau meling : ’’Pak Gino,
nek anak kula dolan ngrika didhawuh-dhawuhi kersane sae’’. Ing sawijining bengi
sawise Kusnarto mulih, Sumini ngringkesi cangkir karo kresah-kresuh. Pitakone
Gino : ’’Ana apa ta Nduk ?’’ Sumini ora wangsulan. Nalika sapejagongan ing
ruwang tamu Gino celathu : ’’Rupane Kusnarto seneng karo kowe’’. Wangsulane
cekak :’’Jarene ya ngono’’. – ’’Lha kowe piye ?’’. – ’’Wegah !’’, wangsulane mandhes. Gino
ndengengek ora nerusake takon, jalaran ngerti watak wantune adhine, mula
dipilaur meneng. Biyasane yen wis
ngono Sumini bakal crita dhewe. Tenan critane banjur kemricik kaya banyu kali
mili : ’’Coba ta Kang, jare wis
mahasiswa nanging gumantung banget nyang ibune. Crita sembarang kalir mesthi nyangking jenenge ibune. Apa-apa mesthi taren
ibu. Panjaluke yen aku kepethuk ibune kudu ngene kudu ngono, ngatur banget’’.. Suminem
nalika semana isih ana, ngerih-erih adhine : ’’Wong ya dheweke kuwi anak
ontang-anting sing cedhak banget karo ibune. Amarga tresnane nyang ibune samar
nek bojone suk ora bisa ngladeni’’. Sumini ora cocok karo pikirane mbakyune,
nuli celathu : ’’Lah hiya, durung dadi ae wis kaya ngono, lha suk aku rak kudu kaya
sapi sing dikeluh irunge’’.
Kedadeyane ing wiwitane wulan
Sawal taun kepungkur, kira-kira seminggu sawise Riyaya Iedul Fitri. Nalika
samana Suminem wis
wiwit lara-laranen. Ing sawijining bengi ana tamu sajodho. katon yen ngislami
banget. Tamu kasebut durung dikenal Gino
apadene bojone. Sing lanang menganggo sarung lan jas sarta kopiahan, sing wadon
macak sandhangan muslim jilbaban. Kanthi trapsila takon apa bener iki omahe Pak
Gino. Tamune banjur ngenalake jenenge lan omahe sarta njlentrehke kaperluwane
teka mara dayoh. Yaiku ngemban amanahe kangmase, nakokake apa bener Sumini dadi
bageyan keluargane Pak Gino, lan durung kaiket ing tali pertunangan apadene
pernikahan ? Nek pancen bener, apa dikeparengake kangmase sagotrah kepingin
sowan arep nyambung silaturahim antarane sapepadha muslim. Sapa ngerti kanthi
mangkono banjur bisa sambung petungan antarane ponakane lanang lan Sumini.
Gino lan bojone manoni kahanan
iki kaget lan bingung.Gino banjur nlesih : ’’Matur nuwun panjenengan kersa
rawuh ing griya kula. Leres Sumini menika adhik kula. Nanging kula
dereng saged matur utawi semados punapa-punaka dhateng
panjenengan. Awit Sumini dereng nate cariyos, mbokbilih inggih dereng nate
tepang kaliyan penakan panjenengan ’’. Wangsulane dhayohe : ’’Inggih panci
leres makaten. Sanjangipun, penakan kula sumerep Sumini saben dinten ing masjid wetan pabrik wekdal shalat traweh. Kekalihipun
panci sami-sami dereng nate tetepangan. Nanging punapa awonipun manawi kita
ingkang sepuh-sepuh ngrekadaya gandhengipun umating Gusti Allah tumuju
kasaenan’’.
Kanthi pasarujukane sing wadon, Gino banjur celathu : ’’Kula
badhe rembagan kaliyan sedherek-sedherek kula saha Sumini rumiyin. Dados kula
dereng saged nampi rawuhipun kangmas panjenengan. Nyuwun pangapunten.
Wangsulane tamune : ’’Inggih prayogi makaten, mangke manawi panjenengan sampun
rena ing penggalih, panjenengan tilpun kemawon, mangke kula ingkang sowan malih
nampi dhawuh saking Pak Gino’’.
Tamune mulih ora nggawa asil kasaguhan apa-apa. Nanging Gino wis nyekel jeneng,
alamat lan nomer tilpune tamune lan kangmase dalah bocah lanang sing ngesir Sumini. Sewengi Gino
lan sisihane ora jenak olehe turu jalaran mikirake kedadeyan kang ora dinyana
kuwi. Esuke ndilalah Gino ketemu Nadi kanca rakete sing makarya ing bageyan
gudang. Gino eling manawa omahe Nadi sak desa karo alamate tamu lan sanak
kadange. Gino crita apa anane lan njaluk tulung nlesih lan ngaweruhi keluwarga
kasebut.
Let rong dina sawise kuwi, Nadi
crita manawa keluarga mau manggon ing RT liya nunggal sa RW. Nadi ora patiya
kenal ananging ngerti kahanane. Critane runtut ngenani Abu Hamid sing mara
dhayoh nyang omahe Gino. Abu Hasan kakange ya bapake si bocah sing jenenge
Khoiri Hasan kang ngesiri Sumini lan kahanane
Khoiri Hasan sanyatane.
Let rong minggu Pak Abu Hamid
sekaliyan mara dayoh maneh sanajan durung ditilpun dening Gino. Jarene merlokake
enggal sowan ketang ditangisi ponakane. Gino lan bojone kang wis duwe crita sakabehane, nggiring kanthi
pitakonan ngenani ponakane sing jenenge Khoiri Hasan. Wiwitane Pak Abu Hamid
crita ing apik-apik. Ananging jalaran kepinterane Gino nlesih akire Pak Abu
Hamid ora bisa selak manawa statuse Khoiri Hasan sakjane wis nikah lan isih duwe bojo. Jalaran bojone
wis limang
taun ora duwe momongan, banjur ngarepake Sumini dadi
bojo nomer loro kanthi palilahe bojone sing nomer siji.
Sawise terang sakabehane Gino mangsuli kanthi dora sembada, manawa Sumini
durung gelem omah-omah amarga isih niyat sinau maneh.
*
Mau bengi Gino keturon ana kursi
tamu. Esuke kebageyan giliran dhines esuk. Dadi sore wis ana omah. Sawise maghrib Bardi mara
dhayoh. Batine Gino, bocah iki ngrai gedheg tenan. Wingi mentas dikampleng
Sumini isih wani teka maneh. Gino ngandhani Sumini nanging bocahe emoh metu.
Gino malih pekewuh, kepeksa nggajuli nemoni. Pitakone: ’’Apa ana prelune ta Mas
Bardi ?’’ - ’’Nggih namung dolan’’. – ’’Sumini repot ing mburi, kandha ora bisa
nemoni. Sakjane ana apa ta ?’’, pitakone Gino nlesih. – ’’Mboten onten
napa-napa ?’’ Swarane Gino nglendheh :
’’Ah mosok, jajal ana kedadeyan apa wingi bengi ?’’ – ’’Saestu, mboten onten
napa-napa ?’’ –’’Ora usah dora, aku ya tau dadi bocah enom lho Mas Bardi. Bocah
wadon kuwi yen wis
diculikani ora bakal precaya maneh’’. Bardi ndhingkluk, kisinan. Celathune
lirih : ’’Nggih kula sing lepat, nyuwun sepunten’’. Bardi banjur pamit mulih.
Bengi kuwi
Gino bisa bebarengan karo Sumini lan anak-anake ing meja makan. Gino lan
anak-anake olehe mangan ndemenakake. Sumini marem dene masakane dirahabi. Bubar
mangan, Sumi wis
ngerti tugase, ngringkesi piring kotor banjur dikorahi. Wong telu isih ana meja
makan.
Pitakone Sumini : ’’Bardi mau ngomong apa Kang’’. –
’’Dheweke njaluk sepura, sawise tak lehake. Dikira aku ora mbok critani
kedadeyane’’.
Gito menyat saka palungguhane
mlebu kamare. Kari wong loro. Gino celathu : ’’ Aku prihatin lho Nduk nyang
awakmu’’. – ’’Ya wis
aja dipikir Kang’’, wangsulane Sumini ayem.
’’Ora arep mikir kepriye, kowe kuwi bocah wadon. Yen keladuk umurmu saya
ora apik’’
Karo mesem Sumini celathu : ’’Ya aku melu kakang wae !’’.
Wangsulane Gino : ’’Nek prekara kuwi ya gak ana masalah’’. Sumi metu saka
dhapur, kusung-kusung nywara : ’’Bapak ki piye ta, mosok gak ngerti karepe Lik
Sum. Aku luwih seneng Bapak rabi karo Lik Sum timbang golek ibu liya’’. Gino
mlongo, setengah kaget. Batine nutuh awake dhewe, kok leh ora tanggap. Gito
metu saka kamar karo celathu : ’’Aku ya setuju. Kareben Bapak gak ketok sedhih
wae. Gino mesem nyawang praupane Sumini kang ayu manis, tempuk karo panyawange
Sumini kang mesem uga, banjur ndingkluk isin.. [BSL, 23/03/12]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)