MENCLEG
Dening : Trilaksito Saloedji
Temu sepisan nalika melu tes pagaweyan. Banjur kenalan, jenenge Darpaya. Umure
sangisorku setaun luwih.
Pawakane sedheng ora beda karo aku. Kulite
kuning, praupane bagus. Katone bocah iki meneng. Sawise kuwi tangkepe nyang aku
luwih akrab. Yen ana apa-apa takon
aku dhisik. Wiwitane aku rumangsa gumun. Bocah iki kok gumantung nyang aku.
Nanging suwe-suwe tak putus, yen aku bisa nulung wong liya apa tunane ?
Ndilalah sawise melu tes, aku lan dheweke lulus. Nalika entuk panggilan saka
Pemda, dheweke kandha : ’’Mas, sesuk
bareng ya’’. Aku mung manthuk nayogyani.
Esuke dheweke ngampiri nyang omahku. Menganggo sandhangan katon sarwa resik
lan mantesi. Sepeda motore kopen. Tak kira dheweke seneng resikan lan
tumata. Mulihe aku dijak nyang omahe dhisik, jare panen pelem. Nalika Darpaya
mbukak lawang pager, ibune metu methukake. Tangkepe grapyak weruh tekaku. Ngendikane : ’’Mangga, mangga Nak pinarak’’.
Aku ditemoni Darpaya ing ruwang tamu kang amba, kanthi prabotan lan hiasan
dhindhing kang apik. - ’’Omahmu gedhe
banget’’, celathuku. Wangsulane : ’’Hiya’’. Ibune saka mburi nyang ruwang tamu
karo ngasta baki isi unjukan teh ing cangkir lan nyamikan. Nyelehne suguhan ing
meja karo ngendika : ’’Mangga Nak dipun dhahar’’. - ’’Inggih Bu, matur nuwun’’ – ’’Nggih ngaten
punika Nak, ing ngriki sepen. Sedinten-dinten namung kula kaliyan Darpaya
menika. Aku manthuk-manthuk karo mbatin, bapake ana ngendi? –
’’Bapakipun sampun kapundhut
tigang taun kapengker’’. We lhah, batinku tumus. Kebeneran, dadi aku ora usah
takon. Aku ngrungokake ngendikane karo nyamuk-nyamuk mangan gedhang goreng :
’’Darpaya menika anak ontang-anting. Piyambakipun remen saged tepang kaliyan
Nak Barata. Sanjangipun, - Mas Barata kuwi apik lho Bu. Yen aku takon mesthi
dikandhani - Nggih nyuwun tulung nggih Nak, ndherek titip Darpaya. Dipun
sanjang-sanjangi manawi wonten klenta-klentunipun, wong lare menika isinan,
awis-awis medal’’. Wangsulanku : ’’InsyaAllah, dalem estokaken Bu’’
Mulihku digawani pelem gadhung
sakresek gedhe. Sadalan-dalan aku kelingan ngendikane ibune Darpaya. Pantes bae bocah kuwi gumantung menyang aku.
Batinku : wis bejane awak, diprecaya lan
diangkat dadi “pembimbing”, malah wis
entuk pituwas arupa pelem sakresek gedhe. Alhamdulillah.
Aku anak ragil, wong tuwaku
panguripane samadya. Bapak lan ibu sering ngendikakake rasa syukur lan panuwune
marang Gusti Allah, dene wis
bisa ngentas putra-putrane. Bisa nyekolahake nganti lulus lan saiki sing loro wis bebrayan. Sanajan
masku mung lulus setingkat Akademi, nanging dheweke sregep lan pinter. Saiki
nyambut gawe ing unit produksi sawijining BUMN. Nasibe apik, pangkat lan
jabatane wis
dhuwur. Mbakyuku lulus setingkat sarjana mudha, wis makarya dadi guru. Banjur oleh
kesempatan nerusake kuliah nganti lulus S1. Dene aku bisa mlebu universitas
negeri nganti lulus S1.
Rong taun nyambut gawe, bapak ibu
lan sedulur-sedulur mrayogakake supaya aku enggal omah-omah. Alasane merga wis duwe blanja lan
pacar. Sawise kenal rada raket, dheweke gelem tak jak nyang omahku, tak
kenalake bapak lan ibuku. Rupane ibu nayogyani pilihanku. Sadurunge wong tuwa
nglamar, dheweke tak critani yen aku
anak ragil. Tekan semono critaku ora tak terusake. Pekewuh arep njlentrehake manawa
bapak ibuku ngunduri sepuh, apamaneh pagaweyanku manggon sakutha. Kersane bapak
ibu, sawise omah-omah aku lan sisihanku supaya tetep manggon ing daleme.
Atiku gojag-gajeg arep blaka, apa
pacar sing insya Allah mengkone bakal dadi sisihanku gelem nampa panjalukku jumbuh karo kersane wong tuwa
? Yaiku sawise omah-omah gelem manggon saomah kumpul karo bapak ibuku ?
Akeh crita ing bebrayan sarta crita-crita sinetron anane kedadeyan maratuwa
wadon lan mantu wadon tansah crah lan tukar padu yen kumpul saomah. Yen
ngelingi kuwi aku banjur tidha-tidha arep nerusakake omah-omah. Nanging sawise
tunangan, tanpa kanyana tunanganku sing omong : ’’Mas, mengko yen wis klakon omah-omah,
aku ora kabotan nunggal saomah karo bapak ibu. Aku dhewe kapang karo sosok
sawijining ibu, jalaran ibuku wis seda nalika aku isih
bayi’’. Rasane atiku mak blong, kaya luwar saka tindhihan watu sak lumpang.
Nalika aku dadi manten, Darpaya
lan ibune ngestreni rikala akad nikah lan resepsine. Sing dadi gumunku saben
pethuk aku dheweke katon susah, malah ketara ana luh ing mripate. Aneh banget
bocah iki.
Sawise cutiku entek lan bali
makarya, dheweke tak jak omong : ’’Dar, kapan kowe nyusul nikah ?’’. Dheweke
meneng, tak sawang satleraman, raine kaya wong sedhih. Aku ethok-ethok ora
ngerti. Pundhake tak hoyag-hoyag, karo celathu : ’’Kowe kudu ndang nikah, ibumu
ben seneng. Wangsulane lirih : ’’Arep nikah karo sapa, kenalan bae durung
duwe’’. Aku menehi semangat : ’’Insya
Allah kowe bakal diparingi jodho yen kowe gelem usaha lan tansah nyenyuwun
mring Gusti Allah’’. – ’’Apa hiya ?’’, pitakone aneh. - ’’Gusti Allah mesthi paring dalan. Kowe
kudu percaya lan kudznudzon mring Gusti Kang Murbeng Dumadi’’.
Wiwit
anyaran makarya nganti saiki, aku lan Darpaya panggah sakantor ing sawijining
dhinas ing Pemba . Dadi saben dina tansah ketemu.
Sesambungan kekeluargaan ing antarane wong tuwaku lan ibune saya raket. Ibune
Darpaya sering maringi buah-buahan asil kebone utawa kue-kue gaweyane dhewe.
Ing
sawijining sore sawise awane udan, aku nyang omahe Darpaya. Wis cedhak banget karo omahe, ndilalah
motorku liwat ing dalan sing ana banyune ngembeng. Tanpa sengaja banyune
nyiprat nyang bocah wadon sing lagi metu saka pekarangan omah. Aku rumangsa
kliru, ngendhegake motor lan njaluk ngapura. Bocahe mencereng tanpa semaur.
Nuli aku ethok-ethok takon daleme Bu Darsana, ibune Darpaya (sanajan aku wis weruh). Dheweke mung
nudingake tangan tengene banjur mlengos lan nutugake lakune. Duh manise cah
kuwi. Praupane lonjong. Pakulitane kuning manis.Rambute dipopol sandhuwure
baune.
Tekan omahe
Darpaya, aku takon : ’’Dar, ana kenya
manis ngarep omahmu kuwi jenenge sapa ?’’
Dheweke mangsuli : ’’Mengko tak kandhakke mbakyu lho’’. Celathuku : ’’His, kowe weruh jenenge apa ora ?’’ Ibune saka mburi nrambul : ’’Oo kuwi putrane
Bu Mangun sing ragil, jenenge Ari. Ana apa ta Nak Barata ?’’ Aturku : ’’Badhe
kula gandhengaken kaliyan adhik kula’’.
- ’’Jare Nak Barata putra ragil
?’’, pitakone Bu Darsana . –’’Leres Bu, kangge adhik menika !’’, driji jempol
tangan tengenku tak athungake nyang Darpaya. Ibune ngguyu karo ngendika : ’’Ya
coba Nak sambungna, muga-muga kasil’’. - ’’ Lho Dar, kowe krungu dhewe, ibu rak
ya remen, piye ?’’. Darpaya mung mesam-mesem. Aku takon : ’’Kowe rak wis kenal ta ?’’ Darpaya manthuk. Pitakonku maneh : ’’Kowe apa wis tau dolan nyang
omahe ?’’. Wangsulane lugu : ’’Durung’’ Aku ngatag dheweke : ’’Wis ayo rana saiki’’.
Wangsulane Darpaya grogi : ’’Saiki ? Mengko aku ngomong apa ?’’.
Wah bento tenan cah iki. – ’’Wis
gampang, ngomonga ngeterake Masmu arep njaluk ngapura, amarga mau motore
nyiprati Ari’’.
Jam pitu bengi aku lan Darpaya menyang
omahe Ari. Bocahe wis
ana omah, nanging sing nemoni Bu Mangun. Sawise bage binage, Bu Mangun ndangu
Darpaya, ana prelu apa? Darpaya wis
tak kethik supaya ngomong sing tak kandhakake mau, nanging gak ngamper. Wah
cilakak bocah iki. Kepeksa aku sing omong : ’’Nyuwun pangapunten Bu, kalawau
sonten wekdal kula badhe sowan Bu Darsana, motor kula nyiprati Adik Ari. Kula
dereng nyuwun pangaksama, pramila kula nyuwun dipun teraken Adik Darpaya sowan
ngiki. Menawi kepareng kula badhe manggihi Adik Ari’’. Bu Mangun nimbali Ari,
ngutus nemoni. Sawise padha salaman Bu Mangun mlebu. Darpaya tak kethik maneh
supaya miwiti omong. Nanging malah ketok yen grogi. Wiwitane aku njaluk
ngapura. Dheweke wis
ora mencereng maneh. Sanajan isih katon yen kaku, nanging wis gelem mesem. Suwe-suwe omong-omongan
lancar. Nanging sing akeh omonge malah aku lan Ari.
Nalika
mulih, Darpaya tak kandhani supaya luwih aktif nyedhaki Ari. Bu Darsana seneng dene aku aweh pitutur nyang
Darpaya. Let sawatara dina ana owah-owahan, praupane Darpaya katon ana rasa
seneng. Aku ngira amarga dheweke bisa sambung karo kenya . Aku melu bungah, banjur tak
takoni : ’’Piye kabare cewekmu Dar ?’’ Dheweke katon isin, banjur njegug
gegerku. Celathune : ’’Sampeyan ditakokke Ari’’. – ’’Piye leh takon ?’’ Wangsulane : ’’Kok gak
karo Mas Barata’’. Celathuku : ’’Wiwit saiki kowe kudu niyat lan usaha bisa
luwih cedhak karo dheweke. Ari cocok kanggomu Dar’’. Tak sawang raine abang
ireng, embuh isin embuh seneng.
Minggu candhake Darpaya crita :
’’Mas Barata ditakokake Ari’’. Omongane ora tak lebokake ati, banjur celathuku
: ’’Dar, saben malem minggu cah kuwi paranana, ajaken metu mlaku-mlaku lan
njajan. Kowe sing sabar lan romantis’’. Sawise kuwi Darpaya sering tak takoni
perkembangan sesambungane karo Ari. Ngrungokake critane ya mung ngono-ngono
wae. Dheweke ora kasil bisa ngejak Ari mlaku-mlaku. Jarene ana wae alasane.
Ing sawijining sore ndilalah aku
ketemu Ari ing Supermarket. Sanajan lagi ketemu sepisan dheweke apal nyang aku.
Nalika aku arep milih roti, dheweke dhong liwat sacedhakku..Olehe nyapa tanpa rangu-rangu : ’’Mas Barata’’. – ’’Lho Dik
Ari’’. Karo salaman aku takon : ’’Karo sapa ?’’ Wangsulane : ’’Dhewe’’ – ’’Kok
gak ngejak Darpaya ?’’ Dheweke mung gedheg.
Mulihe banjur tak terake. Karepku mung tekan ngarep lawang
omah wae. Nanging dheweke meksa, jare sedhela wae. Dheweke nlesih sesambungan
keluarga antarane aku karo Darpaya. Tak critani apa anane, yen aku kancane
sapagaweyan. Nalika aku karo Darpaya nyang omahe kae, karepku supaya Darpaya
bisa sesambungan karo Dik Ari. Wangsulane entheng nanging ngagetake : ’’Nek
karo Mas Barata aku ya gelem’’. Astaghfirullahal azhim. Aku banjur blaka manawa
wis duwe
sisihan lan momongan. -’’Kena apa Dik
Ari kok ora gelem karo Darpaya ?’’. Celathune : ’’Ibu ora marengake’’.
Dina-dina candhake ana mendhung
ing praupane Darpaya. Sawulan sawise kuwi Darpaya nyang omahku. Sambat, jare
tangkepe Ari saya adhem lan ngadoh. Kang pungkasan sing nemoni malah Bu Mangun,
ngandhakake jare Ari ora bisa nemoni amarga kurang sehat. Aku lan sisihanku
mung bisa ngerem-eremi atine lan menehi semangat. Sawise Darpaya mulih aku lan
sisihanku nggagas, kena apa Bu Mangun ora marengake Ari sesambungan karo
Darpaya ?
Nganti anakku sing mbarep kelas
enem SD, Darpaya panggah legan. Aku lan sisihanku tansah nggolekake kenalan bocah wadon. Ananging ora oleh
gawe. Umume lagi kenalan sepisan, cah wadon ora sir nyang Darpaya. Sanajan
praupane bagus lan pawakane ora nguciwani, ananging ora duwe daya tarik. Bisa
uga amarga dheweke duwe sipat meneng, ora ana greget. Apamaneh tambah taun
tambah umur, dheweke wis
dadi jaka tuwa. Sipat menenge saya ndadi. Ing kantor prasasat ora tau omong
karo kanca utawa ndhuwurane. Gelem omong yen karo aku. Praenane sing bagus
ketara saya aclum. Mesakake banget.
Nalika ana
rekruitmen pegawe anyar, dhinasku entuk CPNS anyar. Bocah wadon, jenenge Lina,
weton S1. Pawakan lan praupane sedheng-sedheng wae. Nanging duwe kaluwihan
yaiku grapyak semanak nyang sapa wae. Darpaya tak panasi supaya wani nyedhaki.
Ing sawijining kalodhangan aku lan Darpaya semayanan ngejak Lina mangan ing
rumah makan. Yen ana Lina swasana dadi regeng. Celathuku : ’’Lin, iki (aku
nyablek Darpaya) isih jaka thing-thing lho’’. Guyune Lina renyah. Darpaya mung
mesem. Aku nerusake omong : ’’Sanajan Mas Darpaya sipate meneng, nanging atine apik lho. Dheweke jujur lan
loman’’. Sawise ngeterake Lina mulih, Darpaya tak omongi : ’’Dar, olehku njago
kowe wis all
out. Kari piye niyat lan usahamu’’.
Pirang-pirang sasi iki Darpaya
katon seneng, praupane sumringah. Tak sawang ing kantor dheweke sering
omong-omongan suwe karo Lina. Nate aku, sisihanku lan anak-anakku kepethuk
dheweke lan Lina ing mall. – ’’Lho rak ngono, malem Minggu berduaan,
jalan-jalan’’. Kaya biyasane Darpaya mung mesem, dene Lina sawise takkenalake
sisihanku langsung akrab. Ana wae bahan omongan, diselani guyune kang renyah.
Sawise tekan omah, sisihanku celathu : ’’Muga-muga Dik Darpaya bisa klakon dadi
karo Lina, ya Mas’’. Aku manthuk.
Ora ana
udan ora ana angin, sawise Lina diangkat dadi PNS, dimutasi ing liya dhinas.
Kasusul sumebare undhangan pernikahane Lina. Aku kaget banget, takkira
sesambungane karo Darpaya wis
raket. Lha kok Lina menikah karo priya liya. Sakala aku nggoleki Darpaya. Dina
kuwi dheweke ana omah, alasane lara. Ora ana grengseng mangsuli pitakonku.
Mesthine dheweke wis
krungu ngenani Lina. Panyawang mripate adoh. Lenger-lenger ora duwe semangat. Prasasat saben
dina tak endhangi nyang omahe. Saya suwe saya nguwatirake. Tekaku ing
omahe ora digape. Mesem-mesem dhewe, banjur nangis. Tak peksa nyang dokter ora
gelem. Bu Darsana kang saya sepuh tansah muwun.
Sawijining
sore, aku lagi mlebu omah, sisihanku gupuh mapagake karo celathu : ’’Mas mau
ana tilpun saka Bu Darsana, ngabarake yen Dik Darpaya ngamuk, mecahi piring lan
kaca-kaca jendhela’’. Wangsulanku gupuh : ’’Aku tak rana’’. Celathune sisihanku
: ’’Aku melu’’.
Aku lan sisihanku tekan omahe Darpaya, dipethukake Bu
Darsana karo muwun. Ing kono ana dokter
sarta andhahane. Ana ambulance sawijining rumah sakit. Atiku semedhot maca
tulisan ing ambulance kang sumadiya. Darpaya wis ditangani dokter. Saiki wis tenang, keturon.
Doktere tak takoni, njlentrehake larane Darpaya lan mrayogakake supaya opname
ing rumah sakit.
Weruh ana
ambulance, sawatara tangga teparone Bu Darsana padha teka, mertakake lan bela
sedhih. Sing tak kenal mung Bu Mangun lan Dik Ari. Sadurunge Darpaya diboyong
nyang rumah sakit, aku kober klesak-klesik karo Dik Ari. Akhire dheweke crita :
’’Mas Barata rak wis
ngerti larane Mas Darpaya ya’’. Aku manthuk. – ’’Mula saka kuwi Ibu ora
marengake aku sesambungan karo Mas Darpaya, jalaran Ibu wis priksa kahanan keluwargane’’.Ing
ambulance, wektu ngeterake Darpaya aku nangisi nasibe. Dudu karepe Darpaya
nandhang lara, urat syaraf ing uteke mencleg alias senewen. Dheweke mung saderma
nglakoni urip lan panguripan. *** [BSL –
24/04/12]
Kapacak ing Kalawarti Panyebar Semangat Nomer 48 Tanggal 1
Desember 2012, Kaca 23,24,46,47
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)