Trilaksito Saloedji
Perusahaan ngendi bae mesthi
netepake supaya karyawane manut peraturan kang ditrapake. Sawayah-wayah nampa SK (Surat Keputusan) pindhah
menyang liya pabrik utawa ing liya kasinderan
(wilayah kerja sing dipandhegani sawijining sinder), kudu sendika dhawuh. Ketang panggonan sing anyar
adoh lan sakiwa tengene sepi. Sarta ora nyenengake kanggone karyawan lan
keluargane sing arep dipindhah.
Kanthi pangkat/jabatan sinder,
aku ora tau ngimpi bakal dipindhah ing kasinderan
iki. Kasinderan kang dumunung ing
sisih kidul dhewe, paling adoh saka pabrik. Katelah kasinderan Rowogenjer.
Miturut critane wong akeh, nalika zaman jamajuja, tanah ing kene ledhok, yen
wayah rendheng mesthi banjir. Banyune ora enggal asat, dadi rawa. Suwe-suwe
kethukulan tanduran genjer. Banjur
dijenengake Rawagenjer. Jarene
kedadeyan iki dumadi wis
suwiiii banget yaiku sadurunge tlatah iki dibukak dadi perkebunan tebu.
Jurutulis kantor sing crita bab iki menyang aku. Jarene dheweke dicritani simbahe.
Lha simbahe nalika isih cilik oleh crita saka simbahe maneh. Harak wis limang turunan, bisa
uga kedadeyane rikala zaman VOC mbiyen.
Akhir abad sangalas, kumpulane
wong Landa kang bisa sugih amarga ngeruk donya brana saka bumi Nuswantara,
ngedegake perusahaan dagang. Oleh surat
hak erpah (erfpacht/Bld) saka
Pemerintah Hindia Belanda. Hak erpah
utawa H.G.U. (Hak Guna Usaha) suwene pitung puluh lima tahun, yen dibutuhake bisa diperpanjang. Banjur mbukak alas ing
tanah Jawa kanggo perkebunan, katelah ondernemeng (ondernemen/Bld). Sing mbukak alas tanah ngare ngedegake ondernemeng
(perkebunan tebu lan pabrik) gula.
Aku lan keluarga boyong ing omah
dhines kasinderan Rawagenjer ing kawitan mangsa rendheng. Yen rina komplek perumahan lan kantor katon asri kanthi
wit-witan lan kembang-kembang kang kopen lan tinata sarwa becik. Omah loji (omah gedhe) ana loro (omahe sinder
lan sinder tebang) madhep ngalor. Kulone perumahan ana kantor lan gudhang
rabuk. Saka gudhang iki ana dalan ril ngalor tumuju menyang rilban (ril mujur ngetan ngulon. minangka “dalan
gedhe”ne kendharaan ril). Omah-omah kasebut latare amba, ora
ana pagere, winatesan karo dalan ril mujur ngetan ngulon sambung karo ril sing
menyang gudhang rabuk. Saelore dalan ril iki ana lapangan bal-balan, sukete ijo
royo-royo. Yen awan kanggo pangonan wedhus sapirang-pirang.
Wit-witan gedhe kayata trembesi lan cemara isih akeh. Ditandur ing pinggir
lapangan bal-balan, ing komplek perumahan lan kantor sarta ing pinggir ril
ngarep omah. Ing sisih wetan rada adoh saka komplek iki katon perumahan
karyawan kanti pekarangan kang ora amba ananging resep ing pandulu. Sisih wetane maneh ana ril
sing mujur ngalor ngidul, tempuk karo rilban
uga. Wit mahoni kang urip kanthi
subur tharik-tharik ing sapinggire ril iki. Garis tengahe wit-wit mahoni
rata-rata meh rong prangkulane wong dhiwasa.
Sawise dhuhur kena dipesthekake
mendhung wis
tata-tata. Nggelar tebane nutupi akasa sakiwa tengene kasinderan. Sore wiwit
grimis, sineling udan deres. Wengi kang sepi diisi swara musike kodhok-kodhok
saut-sautan. Disenggaki swara cebloke banyu udan kang pating tlethok ing
gentheng lan gegodhongan. Jam sepuluh bengi, waker (penjaga) nuthuk potongan wesi rel kang gumantung ing tritis
kantor, kaping sepuluh. Sawijining tandha kanggo tukang diesel listrik supaya mateni mesine. Kahanan emplasemen ( lingkungan perumahan, kantor, gudang) kasinderan
banjur peteng dhedhet. Waker kang
jaga kudu luwih ningkatake kewaspadhaane, jalaran emplasemen iki mung dipageri kawat eri sadedege pria dhiwasa.
Ing mangsa rendheng kegiyatan ing kebun
ora bisa nganti sore. Yen mendhung wis nggameng sadurunge wektu dhuhur para
pekerja kebun banjur bali. Sopir traktor
markir traktore. Kamangka yen mangsa
ketiga, tanpa diatag, pekerja kebun mbaleni pagaweyane sawise dhuhur. Ana kang
mbanyoni tanduran tebu, ana sing matun (ngresiki suket), ana sing nggulud. Yen
perlu sopir traktor malah nglembur
nerusake mbukak kebun (ngluku/mbajak,nggaru/ngratakake, agawe leng kanggo
tanduran tebu).
Ing sawijining dina aku kliling kebun
mriksa gaweyane para mandhor nganti awan. Katon mendhung ngampak-ampak wiwit
nutupi langit. Mandhorku kanthi trapsila mrayogakake supaya ditutugake sesuk
esuk bae. Wiwitane aku rada sujana nyang dheweke. Ananging bareng keprungu
gludhug saut-sautan aku enggal bali nyang kantor. Durung nganti mlebu kantor
keprungu swara kilat, ora gantalan suwe ditututi swara jumedhere bledheg,
kaya-kaya mecahake
kendhangan kuping. Banjur udan tumiba ing bumi kaya disokake
saka langit. Ing kantor para mandhor padha ngumpul. Pesuruh kantor wis nyepaki ngombe teh kanggo aku lan para
mandor. Malah ana nyamikane pohung godhok. Sawise mberesake pagaweyan administrasi, aku ngumpul
ing ruwange para mandhor. Ora rapat, mung omong-omong nganti
wayah mulih kerja. Kanthi sesambungan mangkene iki aku bisa luwih ngerti isi
ati, watak lan pakulinane andhahanku. Adate wong yen rumangsa dianggep dening
ndhuwurane, bakal mbantu bot repote kasinderan kanthi ati tulus ekhlas..
’’Mangsa rendheng ing ngriki radi
ndrawasi Pak’’, ana sing celathu. Sarehne durung suwe ing kene, ora ana salahe
yen aku miterang luwih cetha : ’’Ndrawasi sing kepiye ?’’
’’Taun kapengker wonten tiyang tiga ingkang dipun samber
bledheg’’. Pitakonku : ’’Apa ya wong
kasinderan kene bae ?’’.Wangsulane : ’’Tiyang dusun kidul, ananging
kedadosanipun wonten ngriki’’. Aku nlesih : ’’Kedadeyane ing kasinderan kene
?’’.
’’Inggih, ingkang setunggal nalika ngarit wonten pinggir
kebun pejah ngenggen. Kaping kalih, tiyang ingkang nyepedhah ing pinggir rel
dipun samber bledeg ngantos geseng. Dene ingkang setunggal malih boten pejah
ananging boten emut sawatawis wekdal. Sasampunipun emut lajeng sambat badanipun
kraos remuk rempu’’.Ana sing omong nyang kancane : ’’Sampeyan eling Gimin
kernet traktor kae’’. Wangsulane :
’’Eling ae, wong aku ya melu ngusung mayite’’ Pitakonku : ’’Apa ya kesamber
bledheg ?’’ Wangsulane : ’’Inggih Pak Sinder, wong sampun dipun sanjangi,
manawi ngempalaken anjir (pring
tandha kanggo arah lakune ban traktor)
) ing tengah kebun sasampunipun jawah kemawon, nanging boten percados’’
Laporan bab bledheg kang tau
nggawa korban, narik kawigatenku. Apa maneh bola-bali kedadeyan ing kasinderan
iki. Yen ing langit wiwit ana mendhung kandel, apa maneh yen ana swara gludhug
ambal-ambalan, kena dipesthekake bakal ana kilat. Kilat kanthi cahya mblerengi
ngaton ing akasa. Kaya kembang api kanthi garis tunggal utawa ngepang nyleret
saka pucuk langit mengisor tumuju bumi ing ndalem wektu sakedhep netra. Apa bae
sing kliwatan lakune kilat, ora bisa selak. Ora bisa ngendhani daya listrik
kang gedhe banget, sing nyebabake wong utawa kewan mati geseng lan nuwuhake
kobongan. Tumibane kilat ing bumi tinututan swara jumedhere bledheg kang banter
banget, agawe kaget lan rasa giris ing ati.
Ing sawijining dina, wiwit esuk wis grimis. Mendhunge
rata ngebaki akasa. Swara gludhuk ambal-ambalan. Yen kaya ngene pekerja kebun
milih ana ngomah bae senajan pasediyan pangane wis nipis. Pagaweyan rabukan diwurungake.
Mandor sing wis
budhal nyang kebun, padha bali nyang kantor jalaran udane saya deres. Sawise
padha ngumpul tak jak rapat. Ngrembug kemajuan pegaweyan kebun lan liya-liyane.
Lakune sapatemon tak arah santai, witikna kesusu arep nyang endi. Arep bali
nyang kebun wong isih udan. Arep mulih ya durung wayahe. Udane isih ngreceh sanajan
ora deres.. Keprungu jumedhere bledheg
ambal-ambalan.. Tandha manawa panah geni saka langit tansah ngrabasa bumi.
Kira-kira ngarepake wektu dhuhur,
krungu kenthongan lamat-lamat ditabuh ambal-ambalan. Swasana sapatemon dadi
goreh. Kabeh padha nilingake swara kenthongan. Banjur keprungu kenthongan ing
gerdhu lor omah dhinesku ditabuh pisan. Sing melu rapat padha semburat metu.
Mandhor sing metu dhisik dhewe, ora suwe banjur mlayu-mlayu bali methuki aku.
Lapor yen ana kobongan ing sisih wetan. Per-per
(kendharaan ril kanthi rodha wesi, kaya becak, dilakokake mesin) sing wis sumadiya enggal tak
tumpaki. Sopire ngeterake aku. Liyane ana sing nyengklak sepedhane, ana sing
mlaku tumuju arah anane kobongan. Saka kadohan katon ana wit mahoni kobong,
genine isih mulat-mulat wiwit pok cedhak lemah mendhuwur. Godhonge kang ijo wis katon alum semu
soklat. Wit-wit mahoni liyane isih ngadeg meger-meger sadawane ril kang mujur
ngalor ngidul iki. Sanajan isih grimis riwis-riwis ewosemono wong-wong kampung
Rawagenjer lan sakiwa tengene, padha metu saka omahe tumuju panggonan kobongan. Wong-wong kuwi kaya nemu tontonan,
ora mikir manawa sawayah-wayah kilat lan bledheg golek mangsa.
Awan iku uga aku ngutus Pak
Jurutulis nyang kantor pabrik. Ngaturake nawala marang atasanku yaiku Pak
Wito (kepala Rayon). Laporan anane wit
mahoni kang kobong disamber bledheg.
Esuke Pak Wito rawuh nitih draisin
(kendharaan ril rodha papat, luwih gedhe lan luwih dhuwur katimbang per-per, palungguhan ing ngarep bisa
cukup kanggo wong telu). Mriksani wit mahoni kang kobong lan mundhut priksa
gunggunge wit mahoni ing kasinderan Rawagenjer. Dina candhake, nalika aku isih
ana kebun disusul pesuruh kantor. Jare aku dienteni Bapak Sulardjo (kepala
bagian) ing kantor kasinderan. Aku
enggal bali. Pak Sulardjo wis
pinarak ing
kursi dikancani Pak Wito. Panjenengane mundhut laporan
ngenani wit mahoni. Sawise aku matur, bapak kepala tanaman ngendika : ’’Yen ana
kedadeyan maneh, banjur ana wong desa sing mati cedhak mahoni kuwi, kowe kena salah lho Dik’’. Aku
kaget. Batinku : lho kok bisa nibakake salahe menyang aku. Anane kilat, bledheg
lan wong mati kesamber bledheg rak saka
kersane Gusti Allah. Cangkemku wis meh mbantah. Nanging aku kelingan watak
wantune Pak Sulardjo. Mula tak rungokake bae ngendikane : ’’Pira cacahe wit
mahoni ing kene ?’’
’’Kalih dasa kaliyan ingkang kenging bledheg’’, wangsulanku
cekak aos.
’’Kowe bisa golek wong sing nebang ?’’
’’Kula kinten tiyang ngriki saged mrantasi nebang wit ingkang kobong, mangke
sabageyan kajeng ingkang kobong kangge opahipun’’
’’Lha sing gak kobong ?’’, ngendikane Pak Lardjo
’’Lho punapa ingkang taksih meger-meger dipun tebang ugi
?’’, pitakonku ora ngerti karepe.
’’Kowe ora ngerti
omonganku mau ta Dhik. Kowe gelem yen disalahake yen ana kedadeyan maneh ?’’,
ngendikane sereng. Sakjane aku wis ngerti
watake, yen wis
karepe ya karepe, bawahane kudu sendika
dhawuh. Sakala muringe sing didhisikake: ’’Bapak Pimpinan wis dhawuh nyang aku, wit-wit mahoni ing
kene kudu ditebang, asile mlebu pabrik. Kowe bisa nggolek sing nebang apa ora
?’’
Atiku mangkel banget, ora melu
nandur arep main tebang ae. Wong-wong sadurungku nandur mahoni lan wit-wit sing
gedhe iki rak ana maksud lan tujuwane. Karyawanku sing pangkate paling endhek
dhewe bae ngerti, wit-wit iki kanggo penghijauan. Banyu udan sing tumiba lan
mlebu ing bumi, murakabi kanggo oyod-oyode wit-wit gedhe iki. Supaya ing lumahe
bumi ora banjir. Lan maneh bapak-bapak iki apa ora ngerti sejarahe kasinderan
Rawagenjer. Manawa wit-wit gedhe iki gedhe pigunane kanggo nahan angin wetan
ing mangsa ketiga. Saengga wong-wong sing manggon ing perumahan kasinderan iki
urip kanthi nyaman.
Pak Wito sing ngomong nyang Pak
Lardjo : ’’Wong kene ora ana sing duwe graji mesin, apike serahke nyang Kaji
Manir pisan bae Pak’’. Pak Lardjo metu saka kantor tanpa pamit lan ora nyawang
aku babarpisan, celathune : ’’Ngono ya apik, wis urusana !’’
Karyawan kasinderan iki ngerti
kabeh manawa aku ora setuju manawa wit-wit mahoni ditebang. Dina-dina sabanjure
swasana kantor lan karyawane dadi amem. Swara mesin senso kang ngaluk-aluk
ngiris-iris ati. Kabeh katon sedhih. Nanging ora bisa apa-apa. Sawise kayu
mahoni diangkut metu saka kasinderan, aku omong karo jurutulis : ’’Yen pancen
Bapak Pimpinan Pabrik sing dhawuh supaya mahoni ditebang lan asile mlebu
pabrik, mesthine ana kasbon sing liwat kasinderan iki, utawa paling ora kudu
liwat kantor taneman’’. Wangsulane : ’’Kasinggihan panci kedah mekaten’’
’’Sampeyan rak apik karo Mas Delan ta, karepku jurutulis
kepala ing kantor tanaman kae?’’
Pak Juru mangsuli : ’’Kasinggihan Pak, malah Mas Delan
taksih sedherek nak ndherek kula’’. ’’Tulung awat-awatana administrasine’’
Kira-kira
sewulan sawise wit-wit mahoni ditebang. Ing sawijinging awan, kira-kira jam
siji awan Pak Wito rawuh ing kantor, pitakone : ’’Kantore sepi Dhik ?’’
’’Inggih Pak, mandhor-mandhor sami wangsul dhateng kebun’’
’’Lha jurutulismu
?’’. Wangsulanku : ’’Ngetang pupuk wonten gudhang’’
Pak Wito ngulungne amplop rada gedhe karo omong sakecap :
’’Nyoh’’
’’Punika punapa Pak ?’’, pitakonku
’’Bageyanmu, asile mahoni’’. Aku nyawang Pak Wito lan amplop
ing meja ngarepku. Mangu-mangu. Prenthule atiku, aja mbok tampa , kuwi haram. Kanggo samudana supaya Pak
Wito ora serik ing ati, aku matur : ’’Kula dereng dangu wonten ngriki Pak,
dados mboten samesthinipun manawi kula nampi bagian. Nyuwun pangapunten
panjenengan asta malih kemawon’’
’’Tenan, kowe ora gelem nampa ?’’, aloke Pak Wito.
’’Saestu Pak, lillahi ta’ala’’. Tangane ngranggeh amplop,
nuli dilebokake sak njero jakete. Banjur pamit, tak terake nganti tekan
kendharaane.
Aku bali
mlebu kantor maneh. Jurutulis wis
ana ngarep lawang sing nyambung ruwang sinder lan ruwang jurutulis. Uluk salam
banjur lungguh kursi ing ngarepe palungguhanku.
’’Etungane pupuk wis
beres ?’’. Wangsulane : ’’Sampun, malah sampun kalawau’’
’’Wektu Pak Wito rawuh mau sampeyan apa wis ana ruwang sampeyan ?’’
’’Sampun’’. Banjur pitakonku : ’’Nek ngono sampeyan krungu
kabeh pacaturan mau’’.
’’Nyuwun pangapunten, kula panci mireng sadaya
pangandikanipun Pak Wito kaliyan panjenengan’’. Batinku ora mbenerake pokale,
nanging aku ora bisa nyeneni, jalaran pancen dudu salahe. Sawise padha meneng
sawatara suwene, dheweke celathu : ’’Nyuwun pangapunten Pak Sinder, kalawau
enjing kula kepanggih Mas Delan. Wonten rembag wigatos ingkang badhe kula aturaken’’. Pitakonku ora sranta : ’’Piye critane
?’’ Jurutulisku banjur crita manawa
wingi Mas Delan ditimbali Bapak Pimpinan. Mundhut priksa apa ana pemasukan
duwit nyang kas pabrik saka asil tebangan kayu mahoni ? Mas Delan matur apa
anane, yen durung ana. Bapak Pimpinan banjur crita manawa nampa
surat kaleng,
isine nglaporake sinder Rawagenjer nebangi wit mahoni. Mas Delan sing wis ngerti critane,
mrayogakake supaya sinder ditimbali lan didangu dhewe.
’’Mila bilih wonten panggilan saking Bapak Pimpinan dipun
adhepi kemawon. Munapa malih panjenengan boten kersa nampi bageyan asil mahoni
saking Pak Wito. Kula percados bilih panjenengan mboten kembet kaliyan prekawis
tebangan mahoni punika’’.
Seminggu
sawise kuwi ana surat
panggilan, Mas Delan nitipake nyang jurutulisku. Esuke aku nyang pabrik.
Ngadhep Bapak Pimpinan tanpa lapor dhisik nyang Pak Wito lan Pak Lardjo.
Jalaran para atasanku kebeneran lagi tindak rapat nyang Surabaya .
Bapak Pimpinan, priyantune ora sangar kaya Pak Lardjo. Ananging
saka ngendikane sing merbawani, awakku kemringet. Sawise aku matur ngenani
tebangan wit mahoni apa anane, panjenengane katon percaya.
Rong minggu sawise aku ditimbali Bapak Pimpinan.
Akeh sing krungu manawa Pak Wito karo Pak Lardjo dipindhah kanthi ndadak. Ana
sing dipindhah menyang liya pabrik, ana sing menyang kantor Surabaya . Rerasanane wong akeh, Pak Wito lan
Pak Lardjo pindha wit mahoni kang
“kesamber bledheg Rawagenjer”. (BSL-300112)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)