Trilaksito Saloedji
Piyayine sumeh.
Praupane resik kanthi kawibawan kang mencorong . Dedeg piadege sedhengan, katon
sarwa bregas. Tindak-tanduke jatmika, mantesi. Dasar bagus, ngendikane renyah,
gawe senenge sing diejak ngendikan. Ing kumpulan tembang kenangan, dadi
bintang. Manawa nyanyi swarane ora
nguciwani. Sarampunge, sing rawuh keplok mawurahan, sineling bisik-bisike
ibu-ibu ngalembana priya kuwi : ’’Piyayine bagus, pangkate dhuwur, atine
apik’’. Nalika ngestreni kumpulan PKK, ibu-ibu nelakake rasa senenge nampa rawuhe. Ing stadion
bal-balan, priya kuwi disubya-subya penonton pendhukung kesebelasan kutha iki, sing arep tandhing sore kuwi.
Rikala priya kuwi wawan rembug ing njero pasar tradhisional, nampa
“curhat” saka para pedhagang kang
nelakake rasa senenge amarga dirawuhi. Apamaneh yen piyayi kuwi cawe-cawe
mrantasi kahanan pasar kang mrihatinake. Nanging aja nganti pasar
tradhisional di “rehab” kanthi alasan ningkatake mutu pedhagange, banjur owah dadi mall kang mateni pedhagang cilik. Ing
ngendi-endi priya kuwi tansah entuk pakurmatan. Sanajan tekane diarah ora
ngetarani, ananging kabeh wong ing kutha iki weruh marang panjenengane.