Kamis, 30 Agustus 2012

TREMBESI


(Trilaksito Saloedji)

Nalika aku wiwit mbukak gembok lawang pagar, keprungu tilpun omahku muni. Tekan ruang tamu, unine wis mandheg. Batinku gek sapa ta bengi-bengi nilpun. Arlojiku tak sawang, meh tabuh sepuluh. Sawise salin penganggo lan santai ing kursi, tilpun muni maneh. Bareng tilpun tak angkat keprungu swarane budhe.
’’Hallo, oo Budhe, wonten dhawuh Budhe ?’’
’’Lagi teka ta Man ?’’
’’Inggih Budhe, wangsul dines terus dateng kampus’’, tak wangsuli murih gampange. Padhahal sawise saka kampus, kumpul karo kanca-kanca  nggarap tugas.
’’Sepurane ya Le, kowe kesel-kesel wis tak waduli.’’
’’Boten punapa-punapa Budhe, ngendika kemawon.’’
’’Ngene lho Man, mau awan ana wong menganggo pakaian dhinas ngebel (bel pager). Sawise tak temoni dheweke aweh pamrayoga supaya aku nulis surat/lapor nyang kota madya ngenani wit trembesi ngarep omah. Njaluk supaya trembesi kuwi ditegor jalaran wis tuwa lan kropos. Mbebayani yen ngebruki omah.’’
’’Lajeng Budhe ngendika punapa ?’’
’’Aku mangsuli, arep rundhingan karo ponakanku dhisik’’
’’Leres Budhe. Lajeng tiyangipun wicanten punapa malih ?’’
’’Ya kuwi, jarene aku ora usah repot-repot nyang kantore. Dheweke sing arep nggawa surat kuwi, lapor nyang atasane. Jarene kanggo ijin negor njaluk limang atus. Yen ijine wis metu kanggo ongkos negor  sewu ?’’
’’Punapa maksudipun punika Budhe ?’’, aku ora mudheng karo sing dingendikakake.
’’Ijin negor setengah juta. Ongkos negore sak juta. Gunggunge siji setengah juta.’’
’’Biyuh-biyuh, sampun dipun galih Budhe, mangke kula ingkang ngurus. Saupami tiyangipun dhateng malih, panjenengan dangu sinten naminipun lan saking dhinas punapa. Panjenengan
ngendika manawi kula badhe manggihi piyambakipun.’’ Ing batin aku mangkel nyang punggawa-punggawa negara kang mesthine menehi pelayanan nyang masyarakat, iki malah golek kesempatan arep “nggarap wong sing wis tuwa.”
’’Hiya, hiya, sepurane ya Le. Wis ngasoa.’’
’’Inggih Budhe, saestu sampun dipun galih. Benjang dalem sowan,  sugeng sare.’’

            Weker sandhuwure meja tulis nuduhake setengah sewelas. Hawane kok panas ya. Klunuh- klunuh aku nyang dapur njupuk gelas, ngisi madu rong sendhok makan lan banyu es. Wuih segere. Kanggo njaga stamina aku pancen sediya madu, kurma lan vitamin C multivitamin celup. Kari milih salah siji endi sing tak senengi.  Amarga mobilitasku sedina-dina cukup sibuk.
Endi kerja, banjur kuliah, ngladeni budhe sing daleme watara pitung kilometer saka omahku, ngresiki lan nata omah  Lha sapa maneh sing njaga lan mikiri awak lan omah, nek ora diupakara dhewe. Sanajan omah cicilan wis lengkap uba rampene, ananging pendhampinge sing durung ana.  Budhe asring dhawuh : ’’Mbok enggal omah-omah ta Man, ngelingana umurmu saiki pira ?
’’Sendika dhawuh, nyuwun pangestunipun Budhe.’’, wangsulanku entheng wae, lan aja nganti gawe gelane priyayi sepuh

            Budhe Hardjo keng mbakayune ibuku. Nalika kuliah aku nderek ing daleme nganti lulus. Ndilalah entuk pegaweyan kok ing kutha iki uga, mula aku ya tetep ana daleme budhe. Let sawatara taun, aku bisa nyicil “Rumah Sederhana” ora adoh karo panggonanku kerja. Aku banjur pamit budhe. Arep ajar ngreksa omah dhewe. Saliyane kuwi arep kuliah maneh, ndilalah kampuse ya ora adoh saka omahku. Sakjane budhe ya kabotan, ananging kepriye maneh. Aku janji bakal kerep sowan, yen ana gawe parigawe supaya dhawuh utawa nimbali aku.

            Yuswane wis telung prapat abad. Pakdhe wis ndisiki marak marang ngayunaning Gusti Allah rong taun sawise pensiun. Putrane sing loro ana Jakarta, dene sing ragil ana Denpasar. Wis padha berkeluarga lan kaparingan momongan kabeh. Dadi arang pethuk karo putra-putra, mantu lan wayahe. Mula aku ditresnani banget dening budhe. Aku dhewe ya rumangsa manawa aku bisa kuliah nganti kerja ya amarga nderek budhe. Mula bot repote budhe dadi urusanku.

 Pakdhe nate ngendika, sepuluh tahun sadurunge pensiun mundhut omah madhep ngalor ing pinggir dalan gedhe iki. Omah kuna, mbaka sethithik di rehab dening pakdhe. Wektu samana
dalan iki isih sepi, dalan arupa tatanan watu utawa makadam. Ing pinggir dalan isih akeh wit-witan gedhe lan tuwa. Mula mbaka siji padha ambruk amarga udan angin, banjur ditegor dening pegawe kota madya. Saiki isih ana sawatara, ing antarane wit trembesi ing ngarep daleme budhe.
Panggonane kira-kira rong meter saka pager. Yen awan ngayomi sabageyan dalan ing ngarep omah kang rame banget dening lalu lintas kendharaan lan manungsa. Saking ramene yen arep nyabrang dalan nganti rada repot.

            Dina candhake, sawise kerja aku sowan budhe. Nlesihake critane budhe ngenani panjaluke si pegawe pakaian dhinas lan dhuwit pengaji siji setengah juta. Aku merlokake nyedhaki wit trembesi kuwi. Diametere meh rong prangkulane wong diwasa. Sabageyan pokok batange wis kropos. Kropose ana ing sisih kidul, dadi ngadhepake daleme budhe, ananging ora patiyo amba lan rada adoh saka lemah. Dene ing sisih lor kropose wiwit lumahe lemah nganti meh sameter mendhuwur, kathik kropose amba banget. Aku nyawang mendhuwur. Wit trembesi iki wis dhuwur, pang-pange akeh, tajuk godhonge marakake eyup. Godhong-godhonge sing tuwa, luruh lan gawe kotor dalan lan plataran ngarep daleme budhe. Nitik kahanane wit iki pancen wis tuwa. Kropose bisa marakake wit iki ambruk, apamaneh yen banjur ana udan angin gedhe pancen mutawatiri banget. Yen ambruk mangidul, sabageyan batang lan pang-pange bakal ngebruki daleme budhe. Bakal agawe karusakan lan kapitunan kang gedhe. Pamrayogane pegawe pakaian dhinas sing nekani daleme budhe pancen ana apike. Supaya laporan nyang kota madya. Nanging sing marahi gregeten rak marga tembung dhuwit “siji setengah juta.” Apa miturut peraturan pancen duwit semono akehe kuwi kudu ditanggung sing duwe omah sacedhake wit trembesi ? Budhe, randha tuwa pensiunan janda gek pira olehe dhuwit pensiun. Kamangka nalika pakdhe mundhut omah, wit trembesi kuwi wis ana. Wit kuwi wis gedhe. Dadi dudu pakdhe sing nandur.  Apa iki dudu akal-akalane si pegawe pakaian dhinas ? Ah gawe gregeten lan jibeg ing ati..

Esuk kuwi, sadurunge mlebu ruang kerja, aku merlokake nyang mburi nggoleki Pak Lan pesuruh ing kantor iki. Wong lanang umur patang puluhan tahun iku biyasane tak celuk Lik Lan. Kanthi mangkono aku lan dheweke dadi akrab. Sewulan sepisan wektu dina libur, aku njaluk
tulung resik-resik plataran lan daleme budhe. Yen aku ora dhinas luar adate motorku diresiki tanpa tak kongkon. Mula bareng weruh tekaku, dheweke nyapa dhisik :
’’Mas Man, sugeng enjing.’’
’’Sugeng enjing, aku ana perlu Lik. Minggu ngarep isa ta yang daleme budhe kaya biasane?’’
’’Temtu bisa Mas. Apa Mas Man suk ya tindak rana pisan ?’’
’’Hiya Lik, karo maneh aku arep rembugan karo sampeyan prekara wit trembesi ngarep daleme budhe kae.’’ Banjur tak critakake perkara wit trembesi ngarep daleme budhe. Perkara panjaluke pegawe kota madya supaya budhe gawe surat “njaluk wit trembesi ing ngarep omah ditegor.” Lan perkara dhuwit siji setengah juta. Lik Lan mung manthuk-manthuk tanpa kumecap.

            Minggu candhake. Tabuh wolu esuk aku lagi tekan daleme budhe. Malah Lik Lan wis  tandang gawe. Ngresiki suket plataran ngarep. Tandang gawene Lik Lan cukat trengginas, ora kakehan omong, karo maneh dheweke ora ngrokok. Mula biasane jam papat sore wis bar adus lan mangan, banjur pamit mulih.

            Nanging sore kuwi, bar gawe jagongan dhisik karo aku ngrembug prakara wit trembesi.
’’Trembesi ngarep kuwi pancen wis tuwa Mas.’’
’’Hiya Lik, kathik wis kropos pisan’’, wangsulanku
’’Aku wis weruh. Sawayah-wayah ana udan angin, bisa ambruk’’
’’Ya kuwi sing marahi aku jibeg.’’
’’Yen ambruk, bisa gawe korban lan kapitunan gedhe.’’
’’Ya kuwi sing dadi pikiranku Lik.’’ Rada sawatara suwe wong loro padha meneng. Aku nggresah karo omong :  ’’Nanging dhuwit siji setengah juta ya ora sithik lho Lik.’’
’’Apa maneh kanggoku Mas, semono kuwi ya akeh banget.’’
Aku ora nanggapi, malah Lik Lan sing omong maneh : ’’Nanging…….’’
’’Nanging piye Lik ?’’, pitakonku.
’’Nanging yen nganti ambruk tenan, banjur ………’’ Aku nyawang dheweke, sing ora nerusake omongane. ’’Banjur piye Lik ?’’, pitakonku ora sranta
’’Ah ora, ora Mas. Ayo nyenyuwun nyang Gusti Allah aja nganti wit trembesi iki ambruk’’ ’’Hiya, hiya Lik, kuwi sing tansah dadi pikiranku’’, wangsulanku gemeter, mbayangake yen nganti ambruke mengidul nibani daleme budhe bakal nandhang kapitunan gedhe. Kaya-kaya panjaluke si pegawe pakaian dhinas, dhuwit siji setengah juta iku  bakal tak turuti bae.
 ’’Kena apa ta bageyan kota madya sing ngurusi urusan iki kok ngenteni panjaluke pendhudhuk supaya wit sing mbebayani ditegor ? Kok ora duwe inisiatip dhewe ?’’
Aku ora nanggapi omongane Lik Lan. Pitakon iku wis cumithak ing angen-angenku. Malah yen diterus-terusake dadi panyangka kurang becik marang trekahe si pegawe pakaian dhinas.
Sawise sawatara suwe ora nemu dalan, Lik Lan banjur omong :
’’Ngene ae Mas.” Durung tutug olehe celathu wis tak punggel :
’’Piye, piye Lik ?’’
’’Suk dina Minggu ngarep iki kebeneran anakku mulih, dadi bisa ngancani ibune ana omah. Ayo Mas Man karo aku ngineb daleme Budhe.’’
Aku nyawang Lik Lan suwe. Aku ora ngerti karepe, nanging durung kewetu pitakonku, wis krungu tembunge :
’’Ya idhep-idhep tirakat Mas, nyenyuwun marang Gusti Allah supaya diparingi kaslametan.’’
’’Setuju Lik, kesuwun Lik Lan melu mikirake lan nggolekake dalan mrantasi bot repotku iki.’’

            Aku wis matur budhe ngenani rencana, aku lan Lik Lan arep melekan ing dina minggu candhake. Bude wis nyepakake wedhang pokak lan kopi jahe sarta panganan lan klethikan. Sakjane aku dhewe durung ngerti apa kang  arep ditindakake Lik Lan kanthi tembung “tirakat” kuwi. Nalika ngarepake tabuh sanga bengi Lik Lan lagi teka karo mesem-mesem. Nggawa glangsi gedhe, ora katon apa isine, kaya ana barang abot sing digawa. Aku ora takon, malah dheweke sing crita yen dititipi bojone blanja.

            Ya lagi pisan iki aku jagongan suwe karo Lik Lan. Aku bola-bali angop, nanging dheweke menter ae, ora paja-paja yen ngantuk. Welinge nyang aku :
’’Yen ngantuk ya sare dhisik Mas, wong sesuk ya kudu dhinas. Mengko sawise tengah wengi, aku lilanana nggolek hawa nyang njaba, ya nyang plataran kene bae.’’ Aku mung manthuk, karo meksa ngelekake mata. Tak slimur ngrungokake radio, malah liyer-liyer banjur keturon. Ora ngerti apa sing dilakoni Lik Lan mau bengi. Esuke nalika bali, glangsi gedhe sing digawa wingi bengi katon entheng dicengkiwing nganggo tangan kiwa.    

            Wulan candhake wis wiwit udan. Aku sok-sok ya mbatin perkara wit trembesi. Nanging gandheng urusanku saya akeh, mula ora pati kepikir. Yen aku mlebu daleme budhe, prasasat lali
ora noleh wit trembesi sing mbegegeg  sisih wetane lawang pager. Budhe ya ora tau ngendika ngenani bab kuwi maneh.

            Wulan Desember meh ganti Januari, sedina-dina udane tansaya deres lan ngrecih bae. Diselingi gludhug  kanthi swara ngganter mbrebegi kuping. Ditututi kilat kang mblerengi mata lan gawe giris sarta jumedhere petir sing rasane nampeg nyang dhadha. Asring banjur ganti  angin kang tumiyup banter swarane nggegirisi. Atiku banjur ngakoni yen manungsa kuwi cilik, jan cilik banget. Kuwasane Gusti Allah tumrap manungsa lan alam saisine tan bisa dietung utawa diukur.

Sawise tengah wengi, aku shalat tahajjud. Tilpun muni, tujune kari ngucapake salam. Banjur tak angkat. Ing kana ana swara wadon tuwa ora pati jelas, swarane kaya ndredheg nggreweli kamiweden. Setengah mbengok aku nyuwara :
’’Hallo, mboten mireng.’’ Aku banjur kelingan budhe, swaraku tak ambali maneh luwih banter :
’’Hallo, Budhe nggih ?’’
’’Hiya Man …..’’, swara saka kana keprungu cilik, nanging saiki wis rada bisa dirungokake.
’’Wonten dhawuh Budhe ?’’
’’Ketiwasan Man, trembesine ambruk, swarane gawe kagetku, aku nganti ndhredheg. Nanging blai slamet, rubuhe nyang dalan gedhe.’’
’’Ya Allah……Innaa lillaahi wainnaa ilaihi raaji’uun. ’’ Bar shalat subuh aku enggal mbandhangake motorku nyang daleme budhe. Ndeleng kahanan sanyatane. Trembesi sol sak oyot-oyote. Sole oyot njebol pager ngarep daleme budhe. Batang lan pang-pange ngathang-ngathang malang nyang dalan lan sebageyan ngebruki toko bangunan ing lor dalan.

            Nalika nyang kantor aku crita Lik Lan. Dheweke mung mesem-mesem. Aku mbatin, wektu aku wis turu, Lik Lan nglakoni apa ? Sadurunge dheweke kok njaluk palilah  supaya dililani metu nyang njaba ? Aku kelingan gawane Lik Lan wektu ngineb daleme budhe. Kena apa nalika teka nggawa glangsi katone abot, nanging bareng mulih gawane kok katon entheng  ?*
(bsl 01/10/11)

Dipacak ing Kalawarta Panyebar Semangat No. 52 – 24 Desember 2011 – kaca 23,24,42  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...