Kamis, 30 Agustus 2012

PAK WALI

Trilaksito Saloedji


Piyayine sumeh. Praupane resik kanthi kawibawan kang mencorong . Dedeg piadege sedhengan, katon sarwa bregas. Tindak-tanduke jatmika, mantesi. Dasar bagus, ngendikane renyah, gawe senenge sing diejak ngendikan. Ing kumpulan tembang kenangan, dadi bintang. Manawa nyanyi  swarane ora nguciwani. Sarampunge, sing rawuh keplok mawurahan, sineling bisik-bisike ibu-ibu ngalembana priya kuwi : ’’Piyayine bagus, pangkate dhuwur, atine apik’’. Nalika ngestreni kumpulan PKK, ibu-ibu nelakake rasa senenge nampa rawuhe. Ing stadion bal-balan, priya kuwi disubya-subya penonton pendhukung kesebelasan kutha iki, sing arep tandhing sore kuwi. Rikala priya kuwi wawan rembug ing njero pasar tradhisional, nampacurhat” saka para pedhagang kang nelakake rasa senenge amarga dirawuhi. Apamaneh yen piyayi kuwi cawe-cawe mrantasi kahanan pasar kang mrihatinake. Nanging aja nganti pasar tradhisional  di “rehab” kanthi alasan ningkatake mutu pedhagange, banjur owah dadi mall kang mateni pedhagang cilik. Ing ngendi-endi priya kuwi tansah entuk pakurmatan. Sanajan tekane diarah ora ngetarani, ananging kabeh wong ing kutha iki weruh marang panjenengane.


Apa maneh ing dina kuwi, piyambake rawuh sarimbit karo garwane. Ngestreni bazaar tanggap warsa kelairane kutha iki. Pasamuan kang diestreni warga kutha, saking akehe kang teka nganti jejel-riyel. Pedagang maneka warna ngedegake stand penjualan nganti sanjabane panggonan kang disediyakake. Priya kuwi disubya-subya. Diakoni dadi pemimpin kang sukses. Dadi bapak kang mikirake kawula alit. Wong-wong kang pinter nganthek, sing kulina ndilat, kang sugih pamrih, lan sing nyorohake awak dadi herder-e, ing kesempatan kaya ngene iki padha nyedhak, ngumpul ing kalangan sing ana piyambake. Ngguyu-ngguyu, bisik-bisik, golek perhatian saka priya kuwi.

Nalika dheng-e gawe, priya kuwi antuk pakurmatan nggunting “tali melathi”, tandha bazaar diwiwiti. Banjur keprungu keplok mawurahan saka kang ngestreni, kanthi esem lan guyu sarta swara campur adhuk. Banjur swara-swara mau cep klakep kaya orong-orong kepidak,
sawise keprungu swara pating clemong : ’’Pak Wali dhawah’’  - ’’Pak Wali semaput’’   –’’Golek ambulance’’   -’’Dokter, endi dokter ?’’

Sing ana barisan ngarep ngangseg maju, karepe arep nyedhaki, embuh pengin nulung, apa mung pengin ngrubung.  Pak Wali dilenggahake ing kursi VIP. Ora emut. Ajudan lan Satpol  PP trengginas tumandang ngedhang-dhangi wong-wong kang arep nyedhak. Dokter nganggo klambi bathik kang sedyane nekani undhangan, banjur njupuk stetoskop ing mobile nuli mriksa. Perawat teka nggawa tandhu. Ana sing lapor : ’’Ambulance siap’’. Kanthi cekatan petugas tumandang. Pak Wali disarekake ing tandhu, diusung nyang ambulance. Kedadeyan wiwit Pak Wali kantaka nganti digawa ambulance wektune cepet banget. Andhahane nuduhake pakaryan kang professional.

Sing ana barisan mburi ora ngerti anane kedadeyan iki. Padha omong pating clebung :  ’’Acarane kok ora diterusake. Ana apa ?’’ Liyane mangsuli : ’’Hiya ana apa ta ?’’ Sing krungu jalarane banjur celathu : ’’Ana sing semaput’’.   – ’’Sapa ?’’   –’’Embuh’’   – ’’Sajake wis digawa nganggo ambulance, lha kae keprungu swara sirine-ne’’.

Acara pembukaan bazaar disrantekake sauntara. MC banjur nyedhaki sawijining priya gendhut, wetenge kepara maju ngluwihi dhadhane. Omong-omongan sedhela. Priya kuwi nuli nyandhak mikropon. Aweh sesorah, supaya sing ngestreni bazzar tenang. Acara  bakal diterusake pidhato sambutane Pak Wawali makili Pak Wali.  Keprungu maneh swara gemrenggeng pinda tawon mabur sakupenge tala. Sing ora ngerti larah-larahe nylemong : ’’Lho kok Pak Wawali, mau PakWali rak rawuh’’.  –’’Hiya aku mau weruh, mandhap saka mobil karo Bu Wali’’.  –’’Pak Wali kuwi jan hebat tenan ya, piyayine apik, kemrakyat’’   –’’Hiya, walikota sing ora melikan, ora korup.  Kae dalem pribadine sederhana banget’’.   –’’Sampeyan weruh daleme  rama ibune, ya panggah kaya biyen, sanajan putrane dadi piyayi nomer siji ing kutha iki’’.  –’’Sing putri ya apik nyang rakyat cilik’’. –’’Hiya yen nganakake acara apa ta apa mesthi maringi beaya. Ora mung angger prentah njaluk apike nanging beayane kongkon nanggung rakyat’’.  Liyane banjur ngegongi, ngalem marang akhlak lan budi pekertine Pak Wali lan Bu Wali. Ana sing ngomong mandhes : ’’Ya pemimpin sing ngene iki lho sing diperlokake rakyat lan negara’’. Liyane nyambung : ’’Umume yen wis njabat padha ngeruk dhuwit rakyat, ngemplep kaskayane Negara, nek bisa kanggo pitung turunane’’.

Pidhatone Pak Wawali sakjane ora dawa. Nanging prasasat ora ana sing ngrungokake. Sanajan swarane lewat pengeras suara wis ditata panitya kanthi permana, kaya-kaya kelem ing satengahe rerasane rakyat lan swara-swara liyane.  Sateruse acara bazzar lumaku kaya biyasane. Dol tinuku. Takon tinakon. Ana sing ribut tandang gawe, ana sing lungguh santai karo nyamuk-nyamuk mangan. Wong-wong pating sliri, mlaku dhusel-dhuselan. Yen ketemu kanca-kancane banjur gapyuk rame mandhek ing tengah dalan, nyumpet wong liyane sing arep mlaku. Keprungu tangise bocah, keprungu guyu, caturan campur adhuk swara uwong, swara that-thet dolanane bocah. Swara lagu-lagu sing cempreng saka stand-stand, gawe risi ing kuping. Saka njaba ditambahi swara abane tukang-tukang parkir lan swara klakson mobil.
*
Pak Wali kang sawatara menit kepungkur isih mesam-mesem, saiki ora eling. Ditunggu Bu Wali kang katon sedhih nyawang keng raka. Ngglethak ing tandhu ambulance kang gegancangan dilakokake sopir tumuju rumah sakit. Nanging wiwit ing panggonan bazaar mau, Pak Wali rumangsa ana ing kahanan kang aneh, nyawang sakiwa tengene semrawut. Kok ana sing dirubung-rubung, uwong. sakmene akehe iki nekani acara apa ta? Banjur sakeplasan wis ana nggon sepi, dhewe. Embuh ana ngendi. Njenggirat kaget amarga ing sisihe ana pawongan lanang, resik nggantheng. Kok kaya wis tau weruh, nanging sapa lan ketemu ana ngendi. Lho kok kaya wewayanganku ana kaca yen aku ngaca sadurunge budhal makarya. Lho apa hiya. Ah dudu.

Pitakone Pak Wali : ’’Kowe sapa ?’’ Wangsulane : ’’Selawase iki aku kapatah caket karo kowe’’. –’’Ah mosok ?’’  –’’Lha kok ora percaya. Saprana-saprene aku tansah sesandhingan karo kowe’’  – ’’Ah mosok ?’’   –’’Lho kok panggah ora percaya. Aku kapatah njaga, supaya lakumu tansah bener lan pener. Ora slewah saka angger-anggere agama lan pamarentah’’. Paraga loro kuwi sakeplasan wis ana panggonane bazaar’’Coba rungokna, kepiye swarane rakyatmu ?’’   –’’Kabeh ngalembana, amarga kepemimpinanku sukses. Rakyat padha gumuyu, panguripane seneng tentrem. Warga kutha nganti tekan RT padha marem, urip kerta raharja tanpa sambekala’’.
’’Yen ngono sumbangsihe andhahanmu gedhe tenan’’
’’Bener, andhahanku makarya manut garis kang tinemtokake. Melu urun nggayuh sukses iki’’.
’’Aja kesusu ngelem andhahanmu. Pancen ana sing lugu nyambut gawe kanthi jujur  titi nastiti lillahi ta’ala. Ananging sabageyan maneh dumadi saka manungsa kang duwe pamrih maneka warna. Ana kang senengane ndilat kanthi pamrih oleh bageyan “mirasane pasugatan ing meja prasmanan pamarentahanmu”. Ana sing ngelet nyang kowe, direwangi ndlosor pindha segawon, mamrih mukti wibawa. Ana andhahanmu, ing ngarep nyenengake atimu ananging ing mburi, kanthi ketrampilan lan kajuligane nggunakake teknologi mutakhir nyebabake rekeninge ing bank saya mblendhuk’’..
’’Ah mosok, salawase iki rumangsaku kabeh apik-apik kok. Andhahanku kena dipercaya. Nek ora, mosok kutha iki moncer ing pacaturan nasional. Oleh penghargaan sathekruk, pangalembana saka pamerentah pusat, acungan jempol saka Gubernur lan para Menteri’’.

Sakeplasan paraga loro kuwi wis tekan gedhong tingkat magrong-magrong
’’Iki rak kantorku’’.   -’’Ya bener mangkono. Delengen andhahanmu’’.
’’Hiya, lagi padha makarya’’.  -’’Delengen kursi-kursi kothong kuwi. Endi punggawane, kaya untune wong tuwa sing wis meh ompong bae. Nyang endi punggawane ?’’.
’’Iya ya, apa lagi ana tugas luar saka atasane ya ?’’
’’Atimu pancen apik kok. Tansah khusnuzhon nyang sapa bae. Tak kandhane ya, andhahanmu kuwi akeh sing mlincur. Wis oleh bayaran murwat saka pamarentah nanging ora ngaturake rasa syukur marang Gusti Allah. Isih puwa-puwa, tansah kurang trima. Wedi yen ora bisa ngingoni lan nyenengake keluwargane. Saliyane kuwi ana sing amarga ora marem karo aturan lan kahanan ing sakiwa tengene’’.

Sakedhep netra paraga loro kuwi wis tekan sawijining ruwang kantor.   ’’Coba delengen iki.  Rungokna apa sing dirembug wong loro kuwi’’  Ana pawongan nganggo seragam kantor nothok lawang. Sawise dililani banjur mundhuk-mundhuk mlebu ruwang kuwi.  Lungguh kursi ing ngarepe wong nganggo seragam uga, mbokmanawa atasane. - ’’Piye, kasil’’

’’Alhamdulillah, angsal Pak. Punika wonten tiyang gangsal ingkang purun mbayar  kangge kenaikan pangkat/jabatanipun’’   -’’Ya bagus, terus mengko diseleh ana ngendi penake’’.
’’Sumangga, sakersa panjenengan. Waton kita boten dora dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun nyetor menika. Sumangga dipun sengkakaken dados Kasi / Kabid wonten ing pundi kemawon. Ingkang kagungan wewenang rak panjenengan’’

 ’’Kuwi sapa ?’’   -’’Iki  andhahanku kang wenang ngurusi mutasi lan promosi punggawa’’.   -’’Kowe weruh dhewe ta, apa sing dirembug lan didagangake ? Pangkat lan jabatan. Punggawa sing pinter, jujur, ora kakehan polah, kang mesthine wis wayahe ngemban jabatan kang luwih dhuwur, lan diusulake atasane, usulane langsung mlebu kranjang sampah. Sing ora diusulake nanging wani mbayar banjur mumbul ing ngawiyat munggah pangkat/jabatan. Lho ngene iki apa adil ?’’

- ’’Mesthine ora ngono. Kenaikan pangkat / jabatan kudu dimusyawarahake Sekda, Bawasda lan BKD. Ya kuwi sing mutusake. Sik ta, aku kok ora mudheng anane cara kang ora bares iki’’
- ‘’ Kedadeyan iki wis suwe lho. Yen diterus-terusake andhahanmu sing mbok gadhang-gadhang bisa rerewang ngudhari reruwet kang njendhel ing masyarakat ora bakal bisa udhar. Marga punggawamu malih dadi wong-wong sing mateng marga dikarbit nganggo dhuwit. Sedheng sing nyambut gawe tenan, kesisih, ora duwe kesempatan munggah pangkat. Sanyatane saiki sebageyan andhahanmu dudu wong pilihan. Cara slinthutan iki wis lumaku mataun-taun, aturan sing wis becik dirusak karo “marmut-marmut” sing gentayangan ing kantormu’’.

’’Apa sing mbok karepake karo “marmut” ?’’
’’Marmut kuwi cekakan saka “Makelar mutasi”, yakuwi sing tawa-tawa ngundhakake pangkat/jabatan kanthi pembayaran puluhan juta. Pelakune ya punggawamu dhewe. Sayange punggawa kang wenang ana sing kelu lan melu-melu karo marmut-marmut kuwi.  Punggawa sing nyambut gawe tenanan lan wis diusulake atasane kesisih karo punggawa tembre-tembre sing wani laku ora bares sanajan ora diusulake. Menungsa tembre-tembre iki banjur bisa nglungguhi kursi Kasi utawa Kabid. Aku ngerti kowe wis nyambut gawe tenanan kanthi akhlak mulya lan niyat lillahi ta’ala. Nanging andhahan ing sakiwa tengenmu saliyane marmut-marmut, uga sebageyan tikus-tikus lan rayap-rayap’’.
’’Tembungmu kok aneh-aneh. Apa sing mbok karepake karo “tikus lan rayap” ?’’
’’Tikus kuwi “Tiyang rakus”. Yen rayap kuwi tegese “(ng)rabasa yatra pamarentah”. Kekarone padha bae, ngrusak tatanan, golek kesempatan ngrayuk dhuwite Negara dhuwite rakyat. Korup!’’.

’’Coba gagasen, andhahan sing duwe sipat lan niyat kaya : marmut-marmut lan tikus-tikus sarta rayap-rayap ngene iki apa bisa nyengkuyung tanggung jawab gedhe kang mbok emban ? Wong-wong  kuwi padha golek butuhe dhewe lan  bakal ngrubuhake pamarentahanmu’’.
’’Aku pancen tledhor, selawase iki percaya banget karo andhahanku’’
’’Dadi saiki lagi krasa manawa kowe diempoki bae karo wong-wong kapercayaanmu kang ora duwe tanggungjawab. Yen kowe ora enggal ngupaya-ake lan ngrekadaya ngresiki punggawa-punggawamu kang ora urus iku, ora suwe maneh bangunan pangayoman kawula alit kang mbok pandhegani iki, bakal ambruk. Kowe bakal ora dipercaya maneh’’

Sakeplasan paraga loro kuwi wis ana ruang VVIP rumah sakit. Sawatara wektu swasana tintrim.  – ’’Dadi aku wis tumindak kliru ya, mung percaya bae. Kabeh andhahanku tak anggep apik kabeh, niyat nyambut gawe lillahi ta’ala. Bareng-bareng makarya kanggo kemakmurane masyarakat’’.  – ’’Sing wis aja digetuni. Syukur yen kowe wis dhong karo kahanan sanyatane. Isih ana wektu kanggo mbenahi’’.
- ’’Isih ana wektu ? Apa aku isih bisa bali ing ndonya ?’’
’’Wis saiki baliya, kowe dienteni garwamu. Eling-elingen welingku. Dandanana andhahan pamarentahanmu. Brasthanen tikus-tikus, rayap-rayap lan marmut-marmut sarta andhahanmu liyane kang males makarya, nganti resik. Kowe aja nganti katut-katut sing ora bener. Semono uga aja ndzalimi andhahanmu kang becik.  Jaganen pamarentahanmu aja nganti rubuh’’.

Kaya kedadeyan sawatara dina kepungkur nalika Pak Wali semaput. Kanthi ndadak uga saiki Pak Wali wis siuman. Ndadekake seneng-e keng garwa kang tansah ngampingi ing sisihe anggane rina lan wengi. Pak Wali kemutan lelakone nganglang karo paraga lanang, sing jarene ngreksa lan ngampingi selawase iki. Ing prenthuling ati, Pak Wali niyat ndandani andhahane, jalaran kuwi sing bakal nyengkuyung nyuksesake dharma bakti mring rakyat, pamarentah, bangsa lan negarane. *
(BSL, 13/0212)
Kapacak ing Kalawarta Panyebar Semangat No. 12/2012 - 24 Maret 2012 -  Kaca : 23,24,54

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...