Kamis, 02 April 2015

CRITA (43) - MENCLEG - 5


Crita (43)
MENCLEG – 5 
(Trilaksito Saloedji)

Aku takon : ’’Kowe rak wis kenal ta ?’’ Darpaya manthuk. Pitakonku maneh :
’’Kowe apa wis tau dolan nyang omahe ?’’.
Wangsulane lugu : ’’Durung’’.

Aku ngatag dheweke : ’’Wis ayo rana saiki’’.
Darpaya katon ‘grogi’, banjur takon : ’’Saiki ? Mengko aku ngomong apa ?’’.
Wah bento tenan cah iki.
’’Wis gampang, ngomonga ngeterake Masmu arep njaluk ngapura, amarga mau motore nyiprati dheweke’’.

Jam pitu bengi aku lan Darpaya menyang omahe Ari. Bocahe wis ana omah, nanging sing nemoni Bu Mangun. Sawise bage binage, Bu Mangun ndangu Darpaya, ana prelu apa?
Darpaya wis tak kethik supaya ngomong sing tak kandhakake mau, nanging dheweke gak ngamper’ blas. Wah cilakak bocah iki.

Kepeksa aku sing omong : ’’Nyuwun pangapunten Bu, kalawau sonten wekdal kula badhe sowan Bu Darsana, motor kula langkung margi ingkang ngembeng toya, lajeng toyanipum nyiprati Adik Ari. Kula dereng nyuwun pangaksama, pramila kula nyuwun dipun teraken Adik Darpaya sowan ngiki. Menawi kepareng kula badhe manggihi Adik Ari’’.

Bu Mangun nimbali Ari, ngutus nemoni. Sawise padha salaman, Bu Mangun mlebu.
Darpaya tak kethik maneh supaya miwiti omong. Nanging malah ketok yen grogi. Wiwitane aku njaluk ngapura. Dheweke wis ora mencereng kaya mau maneh. Sanajan isih
katon yen kaku, nanging wis gelem mesem. Suwe-suwe omong-omongan lancar. Nanging sing akeh omonge malah aku karo Ari.

Nalika mulih, Darpaya tak kandhani supaya luwih aktif nyedhaki Ari.  Bu Darsana seneng dene aku aweh pitutur nyang Darpaya. Let sawatara dina ana owah-owahan, praupane Darpaya katon ana rasa seneng. Aku ngira amarga dheweke bisa sambung karo kenya.

Aku melu bungah, banjur tak takoni : ’’Piye kabare cewekmu Dar ?’’
Dheweke katon isin, banjur njegug gegerku.
Celathune : ’’Sampeyan ditakokke Ari’’. 
’’Piye leh takon ?’’
Wangsulane : ’’Kok gak karo Mas Barata’’.
Celathuku : ’’Wiwit saiki kowe kudu niyat lan usaha dhewe supaya  bisa luwih cedhak karo dheweke. Ari cocok kanggomu Dar’’. Tak sawang raine abang ireng, embuh isin embuh seneng.

(Tutuge 6/8)


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...