Kamis, 02 April 2015

CRITA (46) - MENCLEG - 8

Crita (46)
MENCLEG – 8 
(Trilaksito Saloedji)

Ora ana udan ora ana angin, sawise Lina diangkat dadi PNS, dimutasi ing liya dhinas.
Kasusul sumebare undhangan pernikahane Lina. Aku kaget banget, takkira sesambungane karo Darpaya wis raket. Lha kok Lina menikah karo priya liya. Sakala aku nggoleki Darpaya.

Dina kuwi dheweke ana omahe, alasane lara. Ora ana grengseng mangsuli pitakonanku. Mesthine dheweke wis krungu ngenani Lina. Panyawang mripate adoh. Lenger-lenger ora duwe semangat.

Prasasat saben dina tak endhangi nyang omahe. Saya suwe saya nguwatirake. Tekaku ing omahe ora digape. Mesem-mesem dhewe, banjur nangis. Tak peksa nyang dokter ora gelem.
Darsana kang saya sepuh, tansah muwun.

Sawijining sore, aku lagi mlebu omah, sisihanku gupuh mapagake karo celathu :
’’Mas mau ana tilpun saka Bu Darsana, ngabarake yen Dik Darpaya ngamuk, mecahi piring lan kaca-kaca jendhela’’.
Wangsulanku gupuh : ’’Aku tak rana’’.
’’Aku melu’’, celathune sisihanku karo njupuk tas tangan.

Aku lan sisihanku tekan omahe Darpaya, dipethukake Bu Darsana karo muwun.
Ing kono ana  dokter sarta andhahane.  Ana ambulance sawijining rumah sakit. Atiku semedhot maca tulisan ing ambulance kang sumadiya. Darpaya wis ditangani dokter. Saiki wis tenang, keturon. Doktere tak takoni. Dheweke banjur  njlentrehake larane Darpaya, lan mrayogakake supaya opname ing rumah sakit.

Weruh ana ambulance, sawatara tangga teparone Bu Darsana padha teka, mertakake lan bela sedhih. Sing tak kenal mung Bu Mangun lan Dik Ari. Sadurunge Darpaya diboyong nyang rumah sakit, aku kober klesak-klesik karo Dik Ari.

Akhire dheweke crita : ’’Mas Barata rak wis ngerti larane Mas Darpaya ya’’. Aku manthuk. ’’Mula saka kuwi Ibu ora marengake aku sesambungan karo Mas Darpaya, jalaran Ibu wis priksa kahanan keluwargane’’.

Ing ambulance, wektu ngeterake Darpaya, aku nangisi nasibe. Dudu karepe cah bagus iki nandhang lara, urat syaraf ing uteke  MENCLEG  alias senewen. Dheweke mung saderma nglakoni urip lan panguripan.*
  • Cuthel)
Kapacak ing Kalawarti Panyebar Semangat, nomer 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...