Kamis, 02 April 2015

CRITA (45) - MENCLEG - 7

Crita (45)
MENCLEG - 7
(Trilaksito Saloedji)

Sawise Darpaya mulih aku lan sisihanku nggagas, kena apa Bu Mangun ora marengake Ari sesambungan karo Darpaya?

Nganti anakku sing mbarep kelas enem SD, Darpaya panggah legan. Aku lan sisihanku tansah nggolekake kenalan bocah wadon. Ananging ora oleh gawe. Umume lagi kenalan sepisan, cah wadon ora sir nyang Darpaya. Sanajan praupane bagus lan pawakane ora nguciwani, ananging ora duwe daya tarik. Bisa uga amarga dheweke duwe sipat meneng, ora ana greget. Apamaneh tambah taun tambah umur, dheweke wis dadi jaka tuwa.

Sipat menenge saya ndadi. Ing kantor prasasat ora tau omong karo kanca utawa ndhuwurane. Gelem omong yen karo aku. Praenane sing bagus ketara saya aclum. Mesakake banget.  
Nalika ana rekruitmen pegawe anyar, dhinasku entuk CPNS anyar. Bocah wadon, jenenge Lina, weton S1. Pawakan lan praupane sedheng-sedheng wae. Nanging duwe kaluwihan yaiku grapyak semanak nyang sapa wae. Darpaya tak panasi supaya wani nyedhaki.

Ing sawijining kalodhangan aku lan Darpaya semayanan ngejak Lina mangan ing rumah makan. Yen ana Lina swasana dadi regeng. Celathuku :
’’Lin, iki (aku nyablek Darpaya) isih jaka thing-thing lho’’. Guyune Lina renyah. Darpaya mung mesem. Aku nerusake omong :
’’Sanajan Mas Darpaya sipate meneng, nanging atine apik lho. Dheweke jujur lan loman’’. Sawise ngeterake Lina mulih, Darpaya tak omongi :
’’Dar, olehku njago kowe wis all out. Kari piye niyat lan usahamu’’.

Pirang-pirang sasi iki Darpaya katon seneng, praupane sumringah. Tak sawang ing kantor dheweke sering omong-omongan suwe karo Lina. Nate aku, sisihanku lan anak-anakku kepethuk dheweke lan Lina ing mall.
Celathuku : ’’Lho rak ngono, malem Minggu berduaan, jalan-jalan’’.
Kaya biyasane Darpaya mung mesem, dene Lina sawise takkenalake sisihanku langsung akrab.
Ana wae bahan omongan, diselani guyune kang renyah. Sawise tekan omah, sisihanku celathu : ’’Muga-muga Dik Darpaya bisa klakon dadi karo Lina, ya Mas’’.  Aku manthuk.

Ora ana udan ora ana angin, sawise Lina diangkat dadi PNS, dimutasi ing liya dhinas. Kasusul sumebare undhangan pernikahane Lina. Aku kaget banget, takkira sesambungane karo Darpaya wis raket. Lha kok Lina menikah karo priya liya. Sakala aku nggoleki Darpaya.

(Tutuge 8/8)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...