Kamis, 02 April 2015

CRITA (44) - MENCLEG - 6

Crita (44)
MENCLEG – 6 
(Trilaksito Saloedji)

Celathuku : ’’Wiwit saiki kowe kudu niyat lan usaha dhewe supaya  bisa luwih cedhak karo dheweke. Ari cocok kanggomu Dar’’. Tak sawang raine abang ireng, embuh isin embuh seneng.

Minggu candhake Darpaya crita : ’’Mas Barata sampeyan ditakokake Ari’’.
Omongane ora tak lebokake ati, aku banjur celathu : ’’Dar, saben malem Minggu cah kuwi paranana, ajaken metu mlaku-mlaku lan njajan. Kowe sing sabar lan sing romantis’’.

Sawise kuwi saben ketemu Darpaya, aku  sering takon perkembangan sesambungane karo Ari.
Ngrungokake critane ya mung ngono-ngono wae. Ora ana kemajuan. Dheweke ora kasil ngejak Ari mlaku-mlaku. Jarene, ana wae alasane.

Ing sawijining sore ndilalah aku ketemu Ari ing sawijining Supermarket. Sanajan lagi ketemu sepisan rupane dheweke apal nyang aku. Nalika aku arep milih roti, dheweke dhong liwat sacedhakku.
Olehe nyapa tanpa rangu-rangu : ’’Mas Barata’’.
’’Lho Dik Ari’’.
Karo salaman aku takon : ’’Karo sapa?’’
Wangsulane : ’’Dhewe’’
’’Kok gak ngejak Darpaya ?’’ Dheweke mung gedheg.

Mulihe banjur tak terake. Karepku mung tekan ngarep lawang omah wae. Nanging dheweke meksa, jare sedhela wae. Dheweke nlesih hubungan antarane aku karo Darpaya. Tak critani apa anane, yen aku kancane sapagaweyan. Nalika aku karo Darpaya nyang omahe kae, karepku supaya Darpaya bisa sesambungan karo Dik Ari.

Wangsulane entheng nanging ngagetake : ’’Nek karo Mas Barata aku ya gelem’’. Astaghfirullahal azhim. Aku banjur blaka manawa wis duwe sisihan lan momongan. 
’’Kena apa Dik Ari kok ora gelem karo Darpaya ?’’.
Celathune : ’’Ibu ora marengake’’.   

Dina-dina candhake ana mendhung ing praupane Darpaya. Sawulan sawise kuwi Darpaya nyang omahku. Sambat, jare tangkepe Ari saya adhem lan ngadoh. Kang pungkasan sing nemoni malah Bu Mangun, ngandhakake jare Ari ora bisa nemoni amarga kurang sehat. Aku lan sisihanku mung bisa ngerem-eremi atine lan menehi semangat. Sawise Darpaya mulih aku lan sisihanku
nggagas, kena apa Bu Mangun ora marengake Ari sesambungan karo Darpaya?

(Tutuge 7/8)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...