Jumat, 27 Maret 2015

IRAH - 10

IRAH - 10

CM/ J - I R A H - 10
(Trilaksito Saloedji)

Mas Adji banjur nyaut : ’’Yu Rah genah wedi karo Pak Tri. Kene Dhik pinarak !’’.
Aku lungguh kursi ing ngarepe Mas Aji.

Rada nyandhak apa sing diomong. Mula celathuku :
‘’Oo dadi Mas Aji ora nginep pasanggrahan amarga Mbakyu Aji cemburu karo Yu Rah ta ?’’
 Kabeh padha ngguyu ger-geran krungu sentilanku kuwi. Mas Aji mung mesem, praupane rada mbrabak semu abang.

Mas Aji  takon, apa  nalika aku nginep pasanggrahan ana sing ngganggu ? Aku crita apa anane. Saben tengah wengi ana sing nothog lawang kamar. Aku tau kecelik, nalika lawang tak bukak jebul codhot-codhot nabrak lawang. Tau tak konangi, nalika kordhen tak bukak kanthi ndadak, ing njaba katon regemenge wong wadon sakeplasan.

Aku nuli takon : ’’Sakjane ing kono apa ana sing nyalawadi ta Mas ?’’
’’Wiwit mbiyen akeh sing crita manawa pasanggrahan pabrik iki angker. Wong-wong banjur nambah-nambahi apa sing dirungu. Critane digedhek-gedhekake. Nyatane akeh sing tau nginep kono ya waras-wiris ora keweden,  contone kaya slirane ta  Dhik’’.

Mas Gadhi pawongan sing dikenal ‘meneng’ banjur celathu :
’’Pancen ana crita sing ‘dramatis’ Mas, kedadeyane wis rada suwe. Ana karyawan anyar telu ditugasake ing pabrik kene. Sawatara dina isih manggon ing pasanggrahan. Ing antarane ana sing jenenge Kaelan. Pawongan kang sugih wicara, yen omong plas-plos kaya ora dipikir luwih dhisik. Yen tumindak, sakepenake dhewe.

 Ing sawijining bengi omong karo kanca-kancane :
’’Walah nyambut gawe kok dipapanake ing ndesa sepi banget. Kapan bisane oleh pacar ?’’
Kancane nyauri : ’’Terus nek wis oleh pacar arep mbok kapakake ?’’
Dhasar Kaelan, wangsulane ya nggladrah : ’’Mumpung saiki awakku kesel ya tak kongkon mijeti’’. Ana sing nyaut : ’’Bar mijeti?’’

’’Ya ..... ngertiya dhewe ......’’, wangsulane saya nggladrah karo klecam-klecem. Liyane ngguyu, nggumun weruh wong kok jan ndableg tenan.

(Tutuge 11/16)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...