Kamis, 26 Maret 2015

IRAH - 4


CM/ J 
I R A H – 4 
Trilaksito Saloedji)

Sawise celathu arep nyawisake dhahar bengi mengko jam pitu ing ruwang makan, Pak Eno banjur pamit mudhun.

Swasana ing lingkungan perumahan pabrik pancen ngresepake yen dinulu.. Tanduran penghijauan arupa wit buah-buahan lan liya-liyane, ing pinggir dalan sajerone komplek perumahan, ditata tenan.  Upaya iki kanggo kasarasane warga, ngawekani pencemaran lingkungan saka lebu/bleduk lan beluk cerobong asap pabrik ing wayah giling.

Sawise aku shalat maghrib, Pak Eno nothok lawang kamar, dheweke nggawa tas pakaian.
Kandhane,  Pak Aji mau mrene mampir sedhela saperlu nyeleh tas. Nanging ora ngineb pasanggrahan, jarene isih arep lunga karo Bu Aji.

Sadurunge jam pitu aku metu saka kamar. Nyawang kahanan sakiwa tengene kamar pasanggrahan iki. Ing teras ana lampu njaba loro, ing pojok lor lan kidul. Saliyane kuwi swasana peteng, amarga mendhung. Lampu listrik ing dalan katon siji loro, urupe mendrip-mendrip kurang daya. Nalika mudhun undhak-undhakan kayu, panggonan iki panggah remeng-remeng kaya rikala aku munggah mau. Tujune isih oleh sunar saka lampu kamar makan ing ngisor lan saka lampu lompongan sing tumuju teras dhuwur, dadi ora peteng nemen.

Ketemu Pak Eno ing ruwang makan. Tak takokake kena apa lampu ndhuwur undhak-undhakan kok ora murup. Wangsulane jarene wis laporan nyang bageyan instalasi, ananging embuh kok durung ditandangi. Ing meja makan  kang cukup kanggo wong enem iki, aku lungguh dhewe. Diladeni Pak Eno kanthi tata-cara pakurmatan kang miturut pamawasku ‘’berlebihan’’.

Wiwitane dheweke narik kursi kang arep tak lungguhi, banjur masang serbet ing dhadha
ditalekake ing gulu. Ngisi banyu ing gelas, nyawisake wadhah sega lan pasugatan liyane. Sauntara aku mangan, dheweke setya ngadeg ora adoh saka meja makan. Nyawisake apa sing tak butuhake. Tak kongkon lungguh bae ora gelem. Mangan malih ora bisa jenak.
Pepuntoning atiku, yen karepe dheweke ngadeg bae ya wis  kareben, kira-kira dheweke nindhakake profesine salaras karo ‘’S.O.P’’ (Standard Operating Procedure) ndhuwurane.

(Tutuge 5/16)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...