Minggu, 29 Maret 2015

KAWIYAK - 8



Crita (38)
KAWIYAK (8) 
(Trilaksito Saloedji)

Nek ora kenteban barang abot, ora kira pyan kuwi bisa ambrol. Mripatku nyawang sanjerone kamar kanthi teliti…………

’’Jabang bayik !!!!’’, alokku. Aku kaget, ing ngisor meja tulis ana rerupan kewan gedhe, meneng wae.. Ngregunuk, mbeguguk, wulune dawa warnane coklat.. …….’’luwak’’ kang gedhe banget.

Kira-kira si luwak liwat eternit kang kayune wis gapuk. Banjur eternit pecah lan awake ceblok, kotoran arupa awu lan sawang sumebar sakamar. Jalaran kedadeyan iki rupane Sukir kang lagi turu lan si luwak sing ‘’terjun bebas’’, padha kagete. Luwake katon kethap-kethip ing ngisor meja tulis. Patrape kaya nalika tak weruhi bengi-bengi ing sawetane garasi lan ing ndhuwur wuwung.

Aku ngatag Sukir supaya enggal metu saka kamar, reresik awak lan salin pengganggo. Sawise kuwi tak kongkon turu ing njero. Kamar sepen nuli tak kunci saka njaba. Karepku sesuk tak undangake andhahanku supaya bebandhan siji iki bisa ditangani. Mbuh arep dicekel urip-uripan, apa arep dipateni.

Nalika mapan turu atiku marem. Bengi iki wis  KAWIYAK  sumbere swara ing ndhuwur pyan, rerupan kang cepet ngilang lan rerupan ing ndhuwur wuwung. Rupane  ‘’keluarga luwak’’  iki njagakake panganan saka pelem lan woh-wohan liyane. Lan panggonan pandhelikan ngiras ‘’pesanggrahane’’ ana pyane omah dhinesku.

Esuke tak perlokake nginjen bandhanku. Aku lan Sukir mlongo. Wis digoleki ing sangisore meja tulis, ing sangisore dhipan, ing cepitan lemari pakaian, nanging si luwak ora ana. Ilang tanpa lari.

Nggumunake. Mangka lawang sepen dikunci. Bolongan eternit  dhuwure kira-kira telung meter saka jogan. Upama si luwak ancik-ancik dhipan kang dhuwure suwidak centimeter, dheweke banjur mencolot nyang ndhuwur lemari pakaian............kok ya bisa  mencolot ngliwati bolongan eternit, terus ngilang.  ................................. Jan julig tenan. (Cuthel)


[Songgolangit, 08/05/12]

1 komentar:

  1. Nyuwun sewu, sejatosipun dereng kawiyak. Amargi luwakipun ilang musno. Upami dipun tambah ingkang nyritakaken "sejatose luwak" puniko.. mbok bilih langkung PLONK.. Ngapunten, naturnuwun.

    BalasHapus

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...