Minggu, 29 Maret 2015

KAWIYAK -7


Crita (37)
KAWIYAK (7) 
(Trilaksito Saloedji)

Aku pengin ngaso dhisik sing jenak kareben bengine bisa kerja kanthi badan seger lan pikiran wening.

Sawise mangan bengi, aku nggethu ngadhep meja tulis ing ruang keluarga sacedhake meja makan. Maune ditunggoni istriku karo maca majalah, lan anakku sinau lungguh jejer ibune. Kira-kira ngarepake jam sanga bengi istriku klakepan terus. Banjur pamit arep turu dhisik. Durung jam sepuluh anakku ngringkesi bukune banjur mapan turu.

Aku leren dhisik, ngombe teh lan mangan gedhang goreng cepakane istriku. Maca koran sinambi nonton televisi. Weruh-weruh wis jam sewelas luwih. Kamangka isih ana sing kudu tak garap. Wiwit krasa ngantuk, bola-bali angop. 

Jam rolas luwih aku nutup koper surat-surat lan liya-liyane. Ngantuk nemen. Nalika aku ing jedhing krungu swara : ’’Bleg .............., grobyak ................, grodog grodog grodok ...........’’, kaya ana barang abot ceblok, banter banget.  Tinututan swara barang-barang liya sing ceblok.  Swarane cedhak saka kamar mandi.

Aku enggal mbukak lawang butulan. Krungu swarane Sukir jelih-jelih, bekah-bekuh kaya wong nglindur. Lawang kamare tak thothog bola-bali.
Celathuku gupuh :’’Kir, Sukir, ana apa ?’’ Rada suwe lawang kamare lagi diwengakake.

Masya Allah……., aku mlongo ing sangarepe kamare. Gumun, bingung, pikiran kebak tandha pitakon nyawang kamare kang pating slengkrah, bosah-baseh. Sukir lenger-lenger. Sakojur awake wiwit sirah nganti tangan sikile kebak awu lan sawang, klambine katutup awu. Ing jogan, ing ndhuwur meja tulis lan ndhuwure sprei dhipan kebak awu, sawang, pecahan eternit lan kayu plisire. Sesawangan kang kucem, kotor, bledug, nyedhihake.

Bareng aku nyawang mendhuwur pyane mlongo, eternit loro jebol. Dadi sawang lan awu asale saka dhuwure plafon. Lha ora ana udan, ora ana angin  kok plafon bisa ambrol. Apa marga kayune dipangan rayap? Apa marga kahanane sing tuwa ? Nek ora kenteban barang abot, ora kira pyan kuwi bisa ambrol. Mripatku nyawang sanjerone kamar kanthi teliti…………

(Tutuge 8/8)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...