Jumat, 27 Maret 2015

IRAH - 14


CM/ J -  I R A H - 14
(Trilaksito Saloedji)

Wanita kang manis, ambune wangi nduleg irung kuwi, nyedhaki aku. Ngomong alus ngrayu nggugah birahiku.

Wiwitane aku meh kelu, arep nglanggati kekarepane. Ananging amarga wis dadi kamantepane niyat jroning atiku wiwit biyen mula, ora arep sesambungan asmara saliyane karo bojoku, dheweke tak tulak kanthi kasar. Sajake pikiranku isih setengah sadar manawa kedadeyan iki ora sabaene.

Kawetu omonge : ‘’Aja nyebut aku ‘Irah’, nek aku ora bisa nandangi kowe, titenana!’’

Sawise kuwi kedadeyan pancakara nganti suwe. Gegeman tangan lan sepakan sikilku mung oleh angin. Nanging dheweke bola-bali bisa nglarani aku. Aku wis lempe-lempe nalika dheweke njunjung awakku, embuh digawa nyang endi. Rumangsaku aku dibrukake mengisor’’.  

Pak Maruta mungkasi critane mangkene :
’’Kaya ubale geni kang  kesiram lenga, utawa kaya mletike walang lan abure manuk. Kedadeyan kang dialami Pak Doding sumebar dadi crita kanthi cepet. Dirungu wong akeh nganti tekan saparan-paran. Dadi pocapan lan critane karyawan pabrik. Dalah dadi kembang lambene wong-wong sanjabane pabrik’’.

Aku banjur celathu : ’’Kira-kira sing ngetoki aku apa ya si Irah kuwi ? Kepiye mula bukane Irah nganti dadi dhemit ?’’
Ana sing nyauri : ’’Ya embuh Pak, takokna ae nyang Pak Eno bek-e weruh, wong dhek-e  wis suwe nyambut gawe ing pasanggrahan’’.

Nalika aku lagi mbatin : ’’Kok takon Pak Eno ?’’ Aku banjur kelingan.  Oo hiya, Pak Eno nate crita manawa wis nyambut gawe ing pasanggrahan wiwit tahun 1959. Dheweke uga crita ngenani bapake sing tau nyambut gawe ing besaran’’.

Unine suling pabrik kanthi swara seru cumengkling, nyigeg batinku.  Sawise kanca-kanca masinis ngringkesi buku-buku lan sapanunggalane, banjur menyat bebarengan mulih.

(Tutuge 15/16)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...