Kamis, 26 Maret 2015

IRAH - 5


CM/ J 
I R A H – 5 
(Trilaksito Saloedji)

Pepuntoning atiku, yen karepe dheweke ngadeg bae ya wis  kareben, kira-kira dheweke nindhakake profesine salaras karo ‘’S.O.P’’ (Standard Operating Procedure) ndhuwurane.

Sawise ngresiki meja makan, tugase Pak Eno rampung. Crita nyang aku, biyasane dheweke terus mulih. Ananging bengi iki diweling Bu Mari supaya ngenteni tekane. Kebeneran, aku lan dheweke banjur bisa jagongan. Tak takoni asal usule nganti bisa makarya ing pabrik iki.

Dheweke ora kabotan, banjur crita :
’’Bapak kula nate cariyos, bilih wiwit enem nyambut damel ing pabrik menika. Dados pelayan ing “besaran” (omahe administratur/pemimpin pabrik gula). Rikala serdhadhu Jepang dumugi pulau Jawi ing  taun 1942, lajeng ngebroki pabrik. Nangkepi tiyang-tiyang Walandi jaler istri, enem sepuh, kerig-lampit mboten wonten ingkang kececer. Wonten ingkang lajeng dipun kunjara, wonten ingkang dipun pejahi ngenggen.  Kalebet Besar/Pemimpin pabrik mriki saha istrinipun dipun tangkep Walandi. Pembantunipun dipun pejahi awit ngalang-alangi serdhadhu Jepang ingkang badhe ngrodha peksa putrinipun Besar Pabrik mriki.

Sasampunipun Perang Kemerdekaan, Bapak  kula taksih saged nyambut damel malih ing pabrik, ngantos pensiun ing taun 1968. Kula wiwit mlebet pabrik tahun 1959, dipun angkat dados ’’karyawan paste’’ (karyawan tetap) ing taun 1962’’.
  
*
Jam sanga bengi aku wis ngantuk. Pamit Pak Eno arep turu jalaran sesuk esuk  jam setengah pitu wus kudu mlebu kantor. Tekan kamar reresik awak, salin piyama. Lampu kamar tak pateni, lampu ndhuwur washtavel kamar tak uripake. Amarga Watt-e cilik sunare  mung remeng-remeng ngrenggani kamar.

 Tengah wengi krungu lawang kamar dithothog. Aku nglilir, tak rungokake pancen lawang kamar iki sing dithothog. Mosok Pak Eno tengah wengi rene, apa perlune ?

Ah embuh kono, aku turu miring, bantal tak tutupake sirah. Jebul sawise kuwi ora bisa turu maneh. Ndeleng arloji, isih jam siji. Aku menyat nyang jedhing, wudhu.

(Tutuge 6/16)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...