Minggu, 29 Maret 2015

KAWIYAK - 4



Crita (34)
KAWIYAK (4) 
(Trilaksito Saloedji)

Aku lan sisihanku kaget. Dheweke njerit : ’’Mas….!’’

Dhadha dheg-dhegan nitir. Sirah mengkorog, siyak-siyak. Saliyane kaget uga ana rasa wedi.  Asale swara saka ndhuwur kamar. Istriku sanalika ngrangkul rapet. Anakku njenggirat kaget. Mripate isih kriyip-kriyip mencolot saka dhipane, nubruk aku lan ibune.
’’Aku wedi’’, celathune anakku.

Nalika rasa wedi durung ilang, swara-swara mau musna sakala. Sawise kuwi swasana sepi,  sing keprungu swarane walang lan jangkrik, disenggaki swarane iberan wengi. Arep turu maneh angel, mripat mung kelop-kelop, nyawang plafon seng..

Aku jengkel nyang andhahanku, yen ngelingi sabene nate celathu :
’’Aman-aman wae kok Pak. Sing manggon sadurunge ora tau crita bab kuwi’’.
Aku kumudu-kudu ngelehake. Ananging bareng tak pikir jero, apa ora malah ngisin-isinake awakku dhewe yen tak critakake. Nelakake manawa awakku jirih lan cengeng.

Liya dina aku crita nyang sopirku, manawa ing wayah bengi ana swara dhog-dhog lan gludhug-gludhug banter banget. Ngeget-geti wong turu.
Celathune : ’’Paling niku swantene kucing uber-uberan ’’.
Yen nilik swarane banter lan abot, ora kira nek kucing. Rumangsaku kucing kuwi titahe Gusti Allah kang crewet, yen dhong uber-uberan mesthi nywara ngaong-ngaong..

Nalika istriku takon nyang pembantu, dheweke ora ngerti ngenani swara-swara kuwi.
Semono uga tukang kebun kang ora tau ngerti kahanan omahku ing wayah bengi.

Aku lan istriku tansah mikir lan golek sisik melik. Sakjane sing tansah ngeget-geti, agawe dhadha ndhrodog lan siyak-siyak kuwi apa. Yen upama makhluk kalebu kang kasar apa alus.
Saupama bangsa alus, nganti saiki kok ora tau ngetoki.
Yen bangsa kasar kalebu apa, apa kewan, kewan apa ? 

(Tutuge 5/8)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...