CM/ J - I R A H - 12
(Trilaksito
Saloedji)
Guyune jan medeni......... Nalika aku noleh,
wanodya ayu kang merak ati mau, malih rupa nggegirisi........ Ngguyu ngakak ......, banjur ngilang .......’’.
*
Sarampunge critane Mas Gadhi, swasana
ruwang instalasi malih sepi.
Kira-kira kabeh nyoba ngenam pikirane dhewe-dhewe.
Nuli keprungu Pak Maruta, masinis wis
rada sepuh, ngendika : ’’Wis
padha krungu critane Pak Doding ?’’ Kabeh omong yen durung.
Banjur pawongan kang sawatara taun maneh
arep pensiun kuwi crita :
’’Ing wulan Januari taune aku lali, ana
mutasi gedhen-gedhen. Pabrik kene nampa
pindhahan karyawan cacahe papat. Sadurunge oleh omah dhines, padha ngineb ana
pasanggrahan. Ing antarane wong papat mau, sing siji jenenge Pak Doding.
Pawakane gedhe kiyeng, sipate rada
kemaki. Yen omong-omongan ora gelem diungkuli apamaneh yen dipaido. Dheweke ora patiya
disenengi wong sa-pasanggrahan, amarga ora
gelem nguwongake uwong. Krungu crita yen pasanggrahan kene kuwi angker, dheweke
ora percaya.
Karo ndegeg lan nebah dhadhane, dheweke
sumbar ing ngarepe kanca-kancane :
’’Endi ana dhemit wani mencungul ing
pasanggrahan kang padhang iki. Ora-orane nek Doding tinggal glanggang colong
playu yen mung ngadhepi bangsane bekasakan omahan ngene ae’’. Liyane meneng.
Ora ana sing wani nyaruwe.
Esuke, para karyawan kang nginep ing pasanggrahan mudhun
nyang kamar makan arep sarapan. Sawise kuwi terus budhal makarya. Durung nganti
tekan undhak-undhakan ngisor dhewe, kabeh padha kaget. Meruhi ana wong gedhe dhuwur ngglethak ing jobin
kapernah sikilane undhak-undhakan.
Weruh sing ngglethak Pak Doding, kabeh
padha geger. Ibu kang ngurus pasanggrahan mireng swara rame-rame, enggal tindak
nyang ngarep ditutake pelayan pesanggrahan.
(Tutuge 13/16)
Bagus ceritanya Sam...
BalasHapus