Kamis, 26 Maret 2015

IRAH - 8


CM/ J 
I R A H – 8 
(Trilaksito Saloedji)

Bareng tak setitekake ing petenge wengi iki, akeh codhot miber pating bleber ing sakiwa tengene wit woh-wohan. Bisa uga codhot-codhot kuwi olehe miber nganti nabrak-nabrak.

Lawang tak tutup, aku bali mapan turu maneh. Tengah wengi aku nglilir, krungu lawang dithothog  alon. Aku ndeleng arlojiku ing ngisor bantal, jam setengah loro. Thothogan lawang isih keprungu, luwih banter katimbang mau.

Batinku, yen iki genah dudu codhot kang nabrak lawang. Aku ngucapake dzikir, nyuwun pangayoman Gusti Allah Kang Maha Welas Asih. Banjur menyat alon-alon, nyedhaki jendhela.

Tanganku ancang-ancang arep narik kordhen kanthi cepet.
Yen pancen ing njaba ana uwong, supaya wong kuwi kaget.

Kordhen kanthi cepet tak tarik, mripat maspadhakake kahanan. Katon ana wewayangane wong wadon kumlebat. Nalika mripatku kedhep, wewayangan mau wis ora ana.

Githokku mengkorog. Kordhen enggal tak tutup maneh. A’uudzubillaahi minasy syaithonnirrajiim. Aku menyat nyang jedhing, wudhu, banjur shalat.

Nalika jam setengah enem esuk Pak Eno  arep  njupuk baki lan liya-liyane.
Dheweke uluk salam lan takon : ’’Kados pundi, Bapak saged sare kanthi sekeca ?’’
Wangsulanku karo mesem : ’’ Hiya Pak Eno, apa maneh mau bengi kamare wis disemprot, dadi turuku saya angler’’.

Enem dina ngineb ing pasanggrahan. Wiwit dina Minggu malem Senen nganti Jum’at malem Sabtu. Rasane wis suwe banget.
Kegiatan lumaku kanthi ajeg. Saben jam setengah enem esuk Pak No mlebu kamar, njupuk baki lan sapanunggalane. Dheweke mesthi takon, apa olehku turu kepenak.
Ketemu Pak Amin lan Bu Mari ing ruwang makan, mesthi nakokake olehku turu dhek bengine. Esuk mlebu kantor, banjur nyang kebun, awan nyang kantor maneh. Mulih ketemu Mas Aji ing pasanggrahan, sing ditakokake dhisik mesthi ngenani turuku mau bengi.

Aku krasa manawa pitakonan-pitakonane wong papat kang njelehi kuwi mesthi ngandhut prakara kang nyalawadi.

(Tutuge 9/16)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...