Kamis, 26 Maret 2015

IRAH - 6


CM/ J 
I R A H – 6 
(Trilaksito Saloedji)

Ah embuh kono, aku turu miring, bantal tak tutupake sirah. Jebul sawise kuwi ora bisa turu maneh. Ndeleng arloji, isih jam siji. Aku menyat nyang jedhing, wudhu.

Metu saka jedhing aku mbatin, tibake kordhen kamar durung tak tutup. Mlaku tumuju jendhela, arep nutup kordhen. Aku njegreg mandheg sakala. Saka walike vitrase katon regemenge wong wadon ing teras. Bareng tak cedhaki lan taktamatake, sakala ilang plas. Githokku mengkorog, awakku mrinding. Tujune ora semaput. Kordhen enggal tak geret, nutupi vitrase.

Nanging ana tandha pitakon lan rasa wedi mrasuk sarandhuning badan. Apa mau aku ora salah deleng. Lambeku ndremimil, dzikir, banjur shalat wengi. Sawise kuwi bisa turu nganti ngarepake subuh.

Setengah enem esuk krungu lawang dithothok. Lawang tak wengakake. Pak Eno uluk salam karo mesem weruh aku wis rapi nganggo pakaian dhines. Dheweke celathu :
’’Sugeng enjing Bapak, pangapunten kalawau dalu kula kesupen nyemprot kamar. Mbokbilih sare panjenengan mboten jenak awit keganggu saking nyamuk’’.
’’Ora kok Pak Eno, aku bisa turu kepenak’’.
’’Dhahar sarapan sampun cumawis Bapak’’
’’Kesuwun Pak Eno, sedhela maneh aku mudhun’’

Tekan ruwang makan kepethuk  Pak Amin. Panjenengane rikala samana ngasta ing bageyan tanaman, dadi sinder ing pabrik liya. Salaman lan rerangkulan gapyuk. Umume para sinder pancen kemraket. Sanajan arang ketemu, aku ora lali marang salirane. Ketemune yen padha entuk tugas melu ’’Taksasi Hasil Tebu’’ setaun sepisan ing pabrik-pabrik gula.
’’Awake mutasi rene ta Dhik ?’’, pitakone.
Wangsulanku : ’’Hiya Pak, lha panjenengan kok ana kene?’’
’’Aku rak wis pensiun, saiki ngetutake sisihanku sing makarya ing kene ngurusi pasanggrahan’’
’’Oo, sing asmane Bu Mari kuwi Bu Amin ta ?’’ Pak Amin mung manthuk lan mesem.

Saka mburi ana priyayi putri nyang ruang makan. Aku ora pangling maneh karo Bu Amin, wong yen taksasi ya mesthi ketemu karo ibu-ibu bageyan tanaman sing nyediyani dhaharan.

(Tutuge 7/16)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung di blog ini, sekarang tinggalkanlah jejak kamu di blog ini dengan cara berkomentar di kotak komentar yang sudah disediakan.
Gunakanlah akun Google kamu atau dengan menggunakan name/URL blog yang kamu punya. :-)

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...